Frances Hamilton Arnold

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Menyang navigasi Menyang panggolèkan
Frances Hamilton Arnold
Francesarnoldwiki2012.png
Lair (1956-07-25) Juli 25, 1956 (umur 64)
Warga nagaraAmerican
Alma materPrinceton University, University of California, Berkeley, Caltech
BebungahGarvan–Olin Medal (2005)
FASEB Excellence in Science Award (2007)
Draper Prize (2011)
National Medal of Technology and Innovation (2013)
Raymond and Beverly Sackler Prize in Convergence Research (2017)
Millennium Technology Prize
NAE Member
NAS Member
FREng
Nobel Prize in Chemistry (2018)
Karièr ngèlmiah
BabaganChemical Engineering
InstitutionsCaltech
Mahasiswa wigatiChristopher Voigt, Huimin Zhao

Frances Hamilton Arnold, yaiku élmuwan wadon lan juru rékayasa kaping lima kang oleh Nobel Bidang Kimia. Wong wadon kang olèh sadurungé yaiku Ada Yonath (2009), Dorothy Crowfoot Hodgkin (1964), Irene Joliot-Curie (1935), lan Marie Curie (1911). Marie Curie kang ora liya yaiku ibu Joliot-Curie.Arnold lair ana ing Pittsburgh, Pennsylvania, AS, tanggal 25 Juli 1956. Dhéwéké sinau téknik mesin lan kedirgantaraan ing Univèrsitas Princeton. Dhéwéké banjur nglanjutaké sekolahe ana ing University of California, Berkeley, ing endi dhéwéké olèh gelar dhoktor ing bidhang téknik kimia ana ing taun 1985. Dhéwéké banjur makarya ana ing Institut California.

Panalitén[besut | besut sumber]

Dhèwèké nyampur èlemèn acak saka prosés évolusi ing jero proyèkké babagan ènzim-protéin kang dadi katalisator ing réaksi kimia. Taun 1993 dhèwèké nglakoni proses ‘’evolusi langsung ènzim” lan bisa nggawé prototipe kang terus dhèwèké dandani.Kang ngilhami kanggo nggawé ènzim anyar sing bisa nggawé ènzim, antibodi, obat, bahan-bahan kimia kanggo industri sing ramah lingkungan lan nduwèni tujuan kanggo murung penyakit lan nylametakè nyawa.

Arnold uga nggunakaké rékombinasi protéin kang dipandu karo struktur kanggo nyawijikna bagian-bagian saka protéin kang béda kanggo dadi protéin chimera kanti fungsi kang unik. Dhéwéké ngembangaké métode komputasi, kaya ta SCHEMA kanggo ngira kepiyé bagian-bagian bisa dikombinasikaké tanpa ngganggu struktur induké dhéwé. Saéngga chimera bakalan nglengkuk kanti bener.

Kelompok risété saki ngembangaké ènzim kang bisa ndadékaké gula kanti cara kang sedherhana dadi isobutanol, salah sawijining za kang dienggo ana ing prosésprodhuksi biofuel lan plastik. Asilé karyané bisa kanggo ngurangi panganggo werna-werna katalisator kang nduwéni kandhungan racun, nyedhiakaké kabéh bidhang, salah sijine kanggo ngembangaké biofuel lan prodhuk-prodhuk obat-obatan.

Para ilmuwan iki nglakoni prosès karo baktèri lan ènzim kanthi nganggo rékayasa gènètik lan protéin. Asilé yaiku bahan bakar ramah lingkungan lan obat-obat anyar. Obat kuwi kanggo ngobati penyakit auto-imun lan kanker.[1]

Kauripan[besut | besut sumber]

Sakliyané dadi paneliti, dhéwéké uga melu ngedekaké perusahaan Gevo Inc (perusahaan perdhagangan kang nggawé bahan bakar jèt prékursor) ing taun 2005 kanggo nggawé bahan bakar lan bahan kimia saka sumber daya terbarukan. Lagi-lagi iki dhéwéké uga mèlu ngedhekaké Provivi, sawijining perusahaan start up kanggo mandhekaké pèstisida radhisional. Arnold ngomong yèn pas dhéwéke mulai nekuni biologi sintètis utawa “rékayasa protèin” yèn bidang kuwi narik wigati banget lan gedhe pengaruhé. Dhèwèke ngarahkè évolusi ènzim kani nglakokaké mutasi génétik kanggo nggawé varian ènzim tartamtu. Dhèwèké bakal milih varian kang nduwéni manfaat ing macem-macem pelarut, ora amung ana ing lingkungan sing ana banyunè.

Panemuan kuwi nganti saiki kanti kerep digawé kanggo nggawé katalisator anyar, digunakaké ing pabrik-pabrik bahan kimia, pabrik obat, lan prodhuksi bahan bakar terbarukan kanggo sèktor transportasi kang luwih ijo. Saiki dhéwéké nduwéni akèh perangkat amarga révolusi génétik. Dhéwéké bisa milih lan nggawé perubahan molékul dadi wujud kang dhéwéké karepi.

Patang taun kapungkur, marang Nattional Public Radio, Arnold ngomong yén dhéwéké kepingin mbaléni nulis balén kode panguripan, nggawé mesin molékul anyar kang bisa mecahaké masalah kang diadhepi manungsa. Karyané uwis diakoni kanti oleh penghargaan, salah sijiné yaiku Draper Prize 2011 lan Medali Nasional Teknologi lan Inovasi 2013. Dhéwéké kepilih ing Akademi Seni dan Sains Amerika ing taun 2011. Arnold olèh kinurmatan langka amarga kapilih dadi telu akademi nasional ana ing Amerika Serikat-Akademi Ilmu Pengetahuan Nasional, Akademi Teknik Nasional, lan Institut Kedokteran. Arnold uga kalebu  anggota Asosiasi Amerika kanggo majuné Ilmu Pengetahuan, Akademi Seni lan Sains Amerika, Akademi Mikrobiologi Amerika, Institut Teknik Medis lan Biologi Amerika, lan anggota Internasional Royal Academy of Engineering ana ing Inggris.

Penghargaan[besut | besut sumber]

Prize in Chemistry (2018), Elected an International Fellow of the Royal Academy of Engineering (2018), Society of Women Engineers 2017 Achievement Award, Honorary Degree of Doctor of Science from Dartmouth College (2017), Millennium Technology Prize (2016), Honorary Degree of Doctor of Science from the ETH Zurich (2015), Inducted into the National Inventors Hall of Fame (2014), Emanuel Merck Lecture of the Technische Universität Darmstadt, Germany (2013), National Medal of Technology and Innovation[23] (2013), ENI award (2013), Charles Stark Draper Prize (2011), Enzyme Engineering Award from Engineering Conferences International and Genencor (2007), lan President Obama Honors Nation's Top Scientists and Innovators. [2]

Rujukan[besut | besut sumber]

  1. Laksmi, Brigita Isworo (2018-10-06). "Penerima Nobel Kimia yang Menapaki Jejak Evolusi". kompas.
  2. master, web. "History of Scientific Women". master.