Menyang kontèn

Firma multinasional

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa

Perusahaan nekanagara yaiku parusahan kang duwé, uga ngendhalèkaké prodhuksi sawijiné barang utawa leladi ing saora-orané siji nagara saliya nagara asalé. [1] [2] Kendhali ing kéné dadi babagan wigati amarga dadi pambeda saka paguyuban investasi portofolio nagarantara, kaya sawetara reksa dana nagarantara sing nandur modal ing parusahan manca kanggo mernakaké (mendiversifikasi) risiko finansial. Parusahan nekanagara uga bisa karan parusahan multinasional, parusahan nagarantara, parusahan sabrang nagara, utawa parusahan nirnagara.[3]

Sapréné, racaké parusahan gedhé dhéwé lan paling mrabawa arupa parusahan nekanagara tinarbuka ing bursa saham, tuladhané yaiku Forbes Global 2000.

  1. Pitelis, Christos; Sugden, Roger (2000). The nature of the transnational firm. Routledge. kc. H72. ISBN 0-415-16787-6.
  2. "Multinational Corporations". 31 January 2025.
  3. Voorhees, Roy D.; Seim, Emerson L.; Coppett, John I. (Winter 1992). "Global Logistics and Stateless Corporations". Transportation Practitioners Journal. 59 (2): 144–151.