Film adiwira
Film adiwira (basa Inggris: superhero film) yaiku lagak filem (genre film) kanthi tetenger ana paraga adiwirané, wong sing ndarbè kaconggahan dudu suwadiné sing ngabdikaké dhiri kanggo mungsuhi durjana, nyelametaké donya, utawa menehi pitulung marang wong ora salah. Lagak iki sok-sok dianggep dhaplagak (subgenre) saka lagak filem laga. Lagak iki wis ngrembaka dadi sawijining lagak filem paling kasil sacara finansial ing saindhenging donya. Filem-filem adiwira ngemataké kadibyaning adimanungsa, tèknologi canggih, prastawa gaib, utawa kabisan jiwa lan raga sing ora umum saengga satriya iki bisa tarung kanggo kabecikan utawa ngendhih mungsuh adidurja. [1] [2] [3] [4]
Filem-filem adiwira lumrahé ngatutaké bebakal (unsur) lagak asmara, dhagelan, kayalan, lan fiksi èlmiah. Akèh-akèh filem lagak iki didhominasi lan diprodhuksi dening medhia waralaba Amerika DC lan Marvel, sing wiwitané diusung saka komik-komik adisatriya dhèwèké sing wis wujud. [5] [6] Filem-filem adiwira tunggal umumé ngamot crita mula buka paragané. [7]
Réferènsi
[besut | besut sumber]- ↑ "Superhero | Definition, Names, Movies, History, & Facts | Britannica". Encyclopedia Britannica (ing basa Inggris). Diarsip saka sing asli ing 2026-01-12. Dibukak ing 2026-04-08.
- ↑ WFCN. "Superhero Films | Cinecyclopedia". Cinecyclopedia | WFCN (ing basa Inggris). Dibukak ing 2026-04-08.
- ↑ Burke, Liam (2015). The comic book film adaptation: exploring modern Hollywood's leading genre. Jackson: University Press of Mississippi. ISBN 978-1-62846-203-6.
- ↑ Grant, Barry Keith; Henderson, Scott, èd. (2019-12-31). Comics and Pop Culture: Adaptation from Panel to Frame. University of Texas Press. doi:10.7560/319383. ISBN 978-1-4773-1940-6.
- ↑ Shaw, Gabbi. "All 85 movies based on Marvel comics, ranked according to critics". Business Insider (ing basa Inggris Amérika Sarékat). Dibukak ing 2025-02-22.
- ↑ "First Superhero Movie's Legacy - Film School - WeVideo". www.wevideo.com (ing basa Inggris Amérika Sarékat). 2024-12-07. Dibukak ing 2025-02-22.
- ↑ "Remembering Stan Lee: The origin story of the writer who gave humanity to superheroes". EW.com (ing basa Inggris). Dibukak ing 2025-03-31.