Menyang kontèn

Filem kècu

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa

Film kècu (basa Inggris: heist film) yaiku sublagak filem durjana sing punjering crita ana ing bab ngrantam, tumindak, lan apa-apa waé kahanan sawisé linakon rerampogan gedhé-gedhèn.

Sawijiné filem kècu wiwitan yaiku The Asphalt Jungle (1950), sing kapacak ing karangan cekak (essay) Film Genre 2000 minangka "ngondhangaké lagak kasebut meh dhéwékan marang fefileman ilen utama". Lagak iki nuduhaké para parampok ing ngendi jugaré saben wong pungkasané njalari jugaré kabeh tumindak rerampokan. Film mèmper sing piguna lakon iki yaiku Armored Car Robbery (1950), The Killing (1956), lan The Getaway (1972). Ing taun 1990-an, filem-filem rerampokan wiwit "njajal lan nggothak-gathuk pakem iki," nyamboraké bebakal-bebakal liya kaya dhagelan menyang critané.