Erman Suparno
| Erman Suparno | |
|---|---|
![]() | |
| Mantri Naradaya lan Lihdunung ke-24 | |
| Linggih 5 Dhésèmber 2005 – 20 Oktober 2009 | |
| Présidhèn | Susilo Bambang Yudhoyono |
| Kang sadurungé | Fahmi Idris |
| Kang sawisé | Muhaimin Iskandar |
| Rerincèn dhiri | |
| Lair | 20 Maret 1950 |
| Agama | Islam |
Ir. H. Erman Suparno, MBA., MSi. (miyos di Dudu Wétan, Kacamatan Grabag, Purworejo tanggal 20 Maret 1950) inggih punika salah satunggalipun pulitikus Indonésia.[1] Panjenenganipun punika Mantri Tenaga Kerja lan Transmigrasi[2] wiwit 5 Dhésèmber 2005 ngantos dumugi 22 Oktober 2009.[1] Panjenenganipun mlebet ing posisi kasebat minangka gantosipun Fahmi Idris wonten ing parombakan mantri ingkang dipunwontenaken Présidhèn Susilo Bambang Yudhoyono nalika Dhésèmber 2005.[1] Panjenenganipun asalipun saking Parté Kebangkitan Bangsa (PKB).[1]
Panjenenganipun pikantuk gelar MBA saking Universitas Newport Amérikah Sarékat nalika taun 1993 lan salajengipun pikantuk gelar Pasca Sarjana Jurusan Administrasi Nagara saking Universitas Indonésia ing taun 2000.[1] Awit taun 1994 panjenenganipun dados anggota dewan pengurus ing pinten-pinten perusahaan.[1] Erman dipunnominasikaken minangka Mantri Tenaga Kerja lan Transmigrasi déning Ketua PKB, MUhaimin Iskandar.[1] Nalika dipunlantik dados mantri, panjenenganipun taksih njabat Wakil Ketua Komisi V DPR lan bendhahara umum PKB.[1] Sadèrèngipun punika penjenenganipun njabat minangka pimpinan Komisi IV ing DPR.[1]
Erman naté kacilakan bus nalika tanggal 13 Dhésèmber 2004 ingkang ngrenggut nyawa salah satunggalipun panumpang sanèsipun.[1] Bus kasebat mlebet jurang ing Bantul, Yogyakarta lan Erman kalebet salah satunggalipun panumpang ingkang nandhang tatu.[1]
Pranala njawi
[besut | besut sumber]Cathetan suku
[besut | besut sumber]- 1 2 3 4 5 6 7 8 9 10 11 Erman Suparno[pranala mati permanèn] dipunundhuh tanggal 23 September 2011)
- ↑ Menkeh dan Menaker Hadiri Sidang UU TKI di MK dipunundhuh tanggal 23 September 2011)
| Artikel iki minangka artikel rintisan. Kowé bisa ngéwangi Wikipédia ngembangaké. |
