Enceng gondhok

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna bébas abasa Jawa
Eceng gondok
Water hyacinth bloom.jpg
Eceng gondok (E. crassipes)
Klasifikasi ngèlmiah
Karajan: Plantae
Dhivisi: Magnoliophyta
Klas: Liliopsida
Ordho: Commelinales
Famili: Pontederiaceae
Génus: Eichhornia
Kunth
Spésies: E. crassipes
Jeneng binomial
Eichhornia crassipes
(Mart.)

Solms

Eceng gondok utawa enceng gondok ([[Basa Latin|Latin]]:Eichhornia crassipes) ya iku salah sijiné tanduran banyu kang ngambang. Saliyané misuwur kanthi jeneng Enceng gondhok,ing panggonan liya ing Indonésia, enceng gondok duwé jeneng liya, kaya ing wewengkon Palembang misuwur kanthi jeneng Kelipuk, ing Lampung misuwur kanthi jeneng Ringgak, ing Dayak misuwur kanthi jeneng Ilung-ilung, ing Manado misuwur kanthi jeneng Tumpe.[1] Enceng gondok pisanan tinemu kanthi ora sengaja déning ilmuan jenengé Carl Friedrich Philipp von Martius, sawijining ahli botani berkebangsaan Jerman ing taun 1824 nalika nganankaké èkspèdhisi ing Sungai Amazon Brasil.[2] Enceng gondok duwé kacepatan thukul kang dhuwur saéngga tanduran ini dianggep gulma sing bisa ngrusak “ lingkungan perbanyuan”. Enceng gondok gampang nyebar liwat saluran banyu tumuju dalan banyu liyané.

Deskripsi[besut | besut sumber]

Eceng gondok selang berbunga

Enceng gondok urip ngambang ing dhuwur banyu lan kalang-kalang berakar ing jero lemah. dhuwuré kira-kira 0,4 - 0,8 mèter. Ora duwé gagang. Ghodong tunggal lan wujud oval. Ujung lan pangkalnya lancip, pangkal tangkai godhong nggelembung. Permukaan godhong licin lan warnané ijo. Kembangé kalebu kembang majemuk, wujud bulir, kelopaké wujud tabung. Wohé wujud bulat lan werna. Wohé kotak beruang telu lan werna ijo. Oyodé jinis serabut.[1]

Habitat[besut | besut sumber]

Enceng gondhok urip ing kolam-kolam cethak, lemah teles lan rawa, banyu mili alon, tlaga, panggonan kanggo wadhah banyu lan kali. Tanduran iki Bisa kanggo “mentolerir “ owahan kang ektrim saka dhuwuré banyu, laju banyu, lan owahan ketersediaan nutrien, pH, témperatur lan racun-racun ing jero banyu.[3] Enceng gondok kang rikat thukul mligi amarga banyu kang ngemu nutrien akèh , apamanèh kang akèh nitrogen, fosfat lan potasium (Laporan FAO). Kandungan garam bisa menghambat thukulé enceng gondok kaya kang kadadéan ing tlaga-tlaga ing pasisir Afrika Barat, enceng gondok bakal nambah sepanjang musim rendheng lan rada kalong nalika kandungan garam mundhak ing musim ketiga.[3]

Dampak Negatif[besut | besut sumber]

Kolam akèh enceng gondok kang lagi ngembang

Akibat-akibat negatif kang ditimbulké enceng gondok antarané:

  • ningkatké evapotranspirasi (penguapan lan ilangé banyu liwat Godhong-godhong tanduran), amarga godhong-godhong sing amba lan rikat thukulé.
  • mudhuné jumlah cahya kang mlebu ing jero banyu saéngga Ndadékaké tingkat kelarutan oksigen ing banyu (DO: Dissolved Oxygens).
  • Tanduran enceng gondok kang wis mati bakal mudhun ing ngisor banyu saéngga nyepetaké prosès pendangkalan.
  • ngganggu lalu lintas (transportasi) banyu, mliginé kanggoi masarakat Kang uripé isih tergantung saka kali kaya déné ing pedalaman Kalimantan lan wewengkon liyané.
  • ngundhakaké habitat kanggo vektor lelara ing manungsa.
  • Mudhunaké aji estetika lingkungan banyu.

Cara Nanggulangi[besut | besut sumber]

Amarga enceng gondok dianggep dadi gulma kang ngganggu pramila werna-werna cara dilakokaké kanggo nanggulangi. Tindakan-tindakan kang dilakokaké kanggo ngatasinya antarané:

  • nggunakakéherbisida
  • jupuk enceng gondok mau langsung saka banyu
  • nggunakaké predator (hewan kanggo mangan eceng gondok), salah sijiné ya iku kanthi nggunakaké iwak grass carp (Ctenopharyngodon idella) utawa iwak koan. Iwak grass carp mangan oyod eceng gondok, saéngga keseimbangan gulma ing lumah banyu ilang, godhongé tekan lumah banyu saéngga ana dekomposisi lan sawisé iku dipangan iwak. Cara iki tau dilakokaké ing tlaga Kerinci lan kasil ngatasi enceng gondok ing tlaga kasesebut.[4]
  • manfaatké enceng gondok kasebut, tuladhané kanggo bahan gawé

kertas, kompos, biogas[5],perabotan[6],kerajinan tangan, kanggo médhia tanam jamur merang, lsp.

Kanggo Ngresiki Polutan Logam Berat[besut | besut sumber]

Sanajan enceng gondok dianggep gulma ing banyu, nanging asliné duwé peran nyekel polutan logam berat. Rerangkèn panalitèn babagan kemampuan eceng gondok déning peneliti Indonésia antarané Widyanto lan Susilo (1977) kang nglaporké ing waktu 24 jam enceng gondok bisa nyerep logam kadmium (Cd), merkuri (Hg), lan nikel (Ni), saben-saben gedhené 1,35 mg/g, 1,77 mg/g, lan 1,16 mg/g angger ora nyampur. Enceng gondok uga nyerep Cd 1,23 mg/g, Hg 1,88 mg/g lan Ni 0,35 mg/g berat garing yèn logam-logam iku kecampur karo logam liyané. Lubis lan Sofyan (1986) nyimpulké logam chrom (Cr) bisa diserap karo enceng gondhok kanthi maksimal ing pH 7. Ana ing penelitiané, logam Cr kadar kapisan 15 ppm mudhun nganti 51,85 persèn.[7]

Saliyané bisa nyerep logam berat, enceng gondok uga bisa nyerep residu pestisida.

Réferènsi[besut | besut sumber]

  1. ^ a b "Eceng Gondok, tanduran pengganggu kang bermanfaat". e-smartschool.com. 
  2. ^ {{cite web | title = Eceng Gondok, Gulma Sahabat Manusia? | work = U. Sirojul Falah | publisher = Harian Pikiran Rakyat | year = 28 September 2003 | url = http://www.pikiran-rakyat.com/cetak/0903/28/1001.htm}}
  3. ^ a b "Eichhornia crassipes (aquatic plant)". Invasive Species Specialist Group (ISSG). Global Invasive Species Database. 4 Agustus 2006. 
  4. ^ "Mengendalikan Eceng Gondok Lanau Kerinci". Nasrul Thahar. Harian Kompas. 28 Maret 2001. 
  5. ^ "Eceng Gondok Untuk Bahan Bakar Biogas". Harian Kompas. 30 Juni 2007. 
  6. ^ "Ngadiman Berbagi Ilmu Eceng Gondok". Stefanus Osa Triyatna. Harian Kompas. 15 Januari 2007. 
  7. ^ "Eceng Gondok Pembersih Polutan Logam Berat". Dr Hasim DEA. Harian Kompas. 2 Juli 2003. 

Pranala njaba[besut | besut sumber]