Elektroporasi

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna bébas abasa Jawa
Diagram of the major components of an electroporator with cuvette loaded.
Dr.Eberhard Neumann - Penemu Metode Elektroporasi

Èlèktroporasi punika mètodé ingkang ginaakén kejutan listrik kanggé ngagèngakén pori-pori mémbran sèl pramila saged ningkatakèn permeabilitas mèmbran.[1] kanggé ngélampahi mètode punika, sèl kédhah dipunwonténakén ing media pramila gayuh masa ing tertengahan fase log.[1] Lajeng sinyal elektrik badhé nginduksi perbesaran pori-pori membran pramila molekul ingkang ukuranipun alit, kadasta DNA saged mlebet.[1][2] Efisiensi ssaking metode punika dipunbandingaken kaliyan ningkate ukuran plasmid.[3]

Kaluwehan[besut | besut sumber]

Metode punika gadahi kaberhasilan ingkang inggil serta efisiensi ingkang inggil manawi dipunbandingaken metode transformasi sanèsipun namung gadahi risiko kapejahan sel bakteri ingkang langkung ageng serta dananipun relatif awis.[4] Tingkat kaberhasilan saking metode punika ugi gumantung ingkang ngandut uyah ingkang wonten lingkungan.[4] Sanèsipun elektroporasi, metode punika ngelebetake DNA plasmiding suatu sel inggih punika kanthi ngginakaken pelakuan gelembung liposom (berukuran nano) serta kejutan swanten.[5]

Aplikasi[besut | besut sumber]

Cuvettes for electroporation. These are plastic with aluminium electrodes and a blue lid. They hold a maximum of 400 μl.

Metode elektroporasi sampun dipunaplikasiaken ing pinten-pinten babagan.[6] ing babagan pertanian, elektroporasi saged dipun-ginakaken kanggé memodifikasi mikroorganisme supados saged nambah nitrogen bébas ya iku kanthi dengan nyisipaken gen ingkang saged nambah nitrogen bébas.[6] sanèsipun punika ugi saged kasil ing taneman transgenik ingkang gadahi genotipe ingkang langkung istimewa (kadasta peningkatan mutu, aos dan ketahanan tuladhane).[6] ing babagan kedhokteran, elektroporasi ugi saged dipunginaake kanggé nyisipkan gen ing bakteri kanggé ngasilaké produk komersil kadasta hormon insulin ingkang migunani kanggé penderita diabetes.[6] sanèsipun punika, ing babagan bioremediasi, elektroporasi saged migunani kanggé memodifikasi mikroorganisme pramila mikroorganisme saged dipunginaake kanggé ngatasi prekawis kadasta tumpuhan lenga ing segara kaliyan mindahaken gen ingkang nyandiaken enzim ingkang saged ngurangi lenga ing bakteri target.[7]

Aplikasi[besut | besut sumber]

Pengobatan infark jantung[besut | besut sumber]

Ginaaken sel stem sumsum tulang (bone marrow) ingkang beredar ing getuh perifer lan sel stem ingkang sampun ing jantung badhé nuju ing daerah infark, ananging jumlahipun boten cekap kanggé ngatasi saha nyembuhna daerah infark kasebut.[8] Sel stem badhé wujud sel kardiomiosit saha ugi ngadaaken neovaskularisasi.[8] amergi jumlah sel stem endogen kirang kathah mila logis kanggé pados jalaran sel dtem saking jawi ingkang biasanipun saking sumsum tulang utawa sumber sanès kaya ta UCB.[8] Hal punka sampun dipunlampahi kaliyan asil ingkang cekap nyenengake.[8] Intracoronary infusion BM stem cell otolog sampun kalampahaken ing 22 pasien kaliyan AMI lan ngelaporaken asil ingkang saé.[8] sapunika ing literatur sampun kathah dipunlaporaken asil posotif saking sel stem BM intrakoroner ing AMI.[8].

Cathetan suku[besut | besut sumber]

  1. ^ a b c Gruber CE. 1995. Electropotation Protocols for Microorganisms. Vol. 47 : 67-79.
  2. ^ Watson JD, Baker TA, Bell SP, Gann A, Levine M, Losick R. 2004. Molecular Biology of The Gene 5th ed. San Fransisco : Benjamin Cummings. Hal. 134-147.
  3. ^ Wells KE, McMahon J, Foster H, Ferrer A, Wells DJ. 2008. Gene delivery to dystrophic muscle. Methods Mol Biol 423:421-31.
  4. ^ a b Oswald N. 2007. E.coli Electroporation vs Chemical Transformation. [terhubung berkala]. http://bitesizebio.com/2007/09/18/ecoli-electroporation-vs-chemical-transformation/ [23 Mar 2009].
  5. ^ Suzuki R, Takizawa T, Negishi Y, Utoguchi N, Maruyama K. 2008. Effective gene delivery with novèl liposomal bubbles and ultrasonic destruction technology. International Journal of Pharmaceutics 354 (1-2):49-55.
  6. ^ a b c d Seidman CE, Struhl K, Sheen J, Jessen T. 2001. Introduction of plasmid DNA into cells. Curr Protoc Mol Biol. 1 : 1.8.
  7. ^ Madigan MT, Martinko JM, Dunlap PV, Clark DP. 2009. Brock Biology of Microorganisms. San Fransisco: Pearson Education, Inc. Hal. 67-68.
  8. ^ a b c d e f Setiawan B. 2006. Aplikasi terapeutik sel stem embrionik ing pinten-pinten penyakit degeneratif. Cermin Dunia Kedhokteran 153:5-8