Menyang kontèn

El Rumi

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Infobox orangEl Rumi
Biografi
Nifas30 Mèi 1999 (27 tahun pertal)
Jakarta
Kegiatan Pertal
PakaryanMusisi, aktor lan politikus (id)
Kulawarga
Wong tuwaAhmad Dhani , Maia Estianty
Saudara PertalAhmad Al Ghazali lan Abdul Qodir Jaelani

Instagram: elelrumi

Ahmad Jalaluddin Rumi utawi El Rumi (lair 30 Mei 1999) inggih punika satunggaling musikus, seniman, lan salah satunggaling figur publik asal Indonesia. Dhèwèké dikenal minangka putra kaping kalih saka pasangan musisi ternama Ahmad Dhani lan Maia Estianty. El Rumi uga kerep kedadosan sorotan media amargi urip pribadinipun lan rarasane wonten hubungane asmara ing jagad hiburan Indonesia. [1]

El Rumi kagungan kakang kembar Al Ghazali lan adhi Dul Jaelani. Saking kulawarga musisi, El Rumi wiwit tumut manggung musik wiwit isih cilik. Dhèwèké miwiti lelampahan ing jagad musik nalika gabung ing band Lucky Laki bebarengan karo sedulur-seduluré. Band punika debut taun 2009 lan kasil narik perhatian publik liwat lagu-lagu lan penampilané ing acara-acara musik.[2]

Sanajan wis sibuk ing jagad hiburan, El Rumi tetep nggatekake pendidikane. Dhèwèké nerusake studi ing University of Westminster ing London, Inggris, jurusan manajemen bisnis, lan rampung pendidikane ing taun 2021. [3]

El Rumi taun-taun pungkasan iki kerep kaulas ing media amargi urip pribadinipun. Dhèwèké kawedar wis mengeti calon pasangan Syifa Hadju, lan sampun wis nglaksanani proses lamaran bebarengan karo kulawarga ing Jakarta ing awal taun 2026.[4]Sadurungé prastawa kasebut, El Rumi sampun nindakaké lamaran kanthi pribadi ing nagara Switserlan.

El Rumi sak niki wiwit mlebet ing donya komedi sawisé dados salah satunggaling bintang ing program komedi kuis Arisan, ingkang ugi ndadosaké asmanipun saya misuwur. Wiwit wekdal punika, piyambakipun asring kapacak wonten ing manéka program lan acara komedi, saé wonten ing televisi utawi ing platform streaming.[5]

Saliyane ing donya hiburan puniko, El Rumi ugi ngelola usaha lan salah satunggalipun piyambake naté kapilih dados Présidhèn Klub Nusantara United FC (tahun 2023 dumugi 2025).[6]

Cathetan suku

[besut | besut sumber]
  1. Liputan6.com (2024-02-12). "Profil dan Agama El Rumi, Anak Kedua Maia Estianty dan Ahmad Dhani". liputan6.com (ing basa Indonesia). Dibukak ing 2026-03-03.
  2. "Menyimak Kembali Masa Kecil Tiga Cowok Ganteng Lucky Laki". KapanLagi.com (ing basa Indonesia). 2014-02-15. Dibukak ing 2026-03-03.
  3. Priwiratu, Elizabeth Chiquita Tuedestin (2026-01-21). "Biodata dan Profil El Rumi dan Daftar Karyanya". IDN Times (ing basa Indonesia). Dibukak ing 2026-03-03.
  4. antaranews.com (2025-12-19). "Ahmad Dhani ungkap El Rumi akan menikah tahun depan". Antara News (ing basa Indonesia). Dibukak ing 2026-03-03.
  5. "Tekuni Dunia Komedi Berawal dari Iseng | Media Indonesia". EpaperMI (ing basa Inggris). 2024-07-22. Dibukak ing 2026-03-03.
  6. redaksi (2023-08-17). "El Rumi Jadi Presiden Nusantara United FC, Maia Estianty: Haru dan Bangga". Tempo (ing basa Indonesia). Dibukak ing 2026-03-03.