Menyang kontèn

Downton Abbey (film)

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Kastil Highclere sing dadi lokasi syuting

Downton Abbey iku film drama historis babaran taun 2019 sing disutradarani déning Michael Engler lan ditulis déning Julian Fellowes, adhedhasar sérial télévisi kanthi jeneng sing padha. Film iki nerusaké alur crita sérial iku lan maragakaké akèh para lakon sing bali. Sekuel, Downton Abbey: A New Era, dibabar ing Britani Agung ing April 2022, lan sekuel, Downton Abbey: The Grand Finale, dibabar ing sasi Sèptèmber 2025. Film iki sètingané ing taun 1927 lan nggambaraké rawuhé kulawarga krajan Inggris ing dalem kulawarga Crawley ing Yorkshire. Sadurungé para anggota kulawarga dalem rawuh, para abdi wis teka dhisik ing Downton, nyedyakaké lan nggarap Downton Abbey supaya pantes dirawuhi.

Saliyané iku uga ana wong durjana sing nyoba nglakoni rajapati nyédani sang Raja Inggris.

Para paraga

[besut | besut sumber]
Delengen uga: Pratélan para paraga ing Downton Abbey

Pranala njaba

[besut | besut sumber]

Situs jaringan resmi