Menyang kontèn

Ditya Kala Maudara

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa

Ditya Kala Maudara (Gathodara) iku senapati perang Trajutrisna, balane Prabu Sitija Boma Narakasura. Buta kang dumadi saka bangke/bathang dara.

Kacarita ing Kahyangan Sumur Jalatundha, Sang Hyang Nagaraja diadhep Dewi Pertiwi, Raden Sitija, lan Dewi Siti Sundari. Raden Sitija pitakon, sapa salugune sudarmane. Diwangsuli dening Sang Hyang Nagaraja, yen Sitija lan Siti Sundari iku putrane Dewi Pertiwi lan Bathara Wisnu. Mula yen Sitija kepengin ngawu-awu sudarma, kudu menyang negara Dwarawati, awit wektu iki Bathara Wisnu wus manuksma/manitis ing ragane ratu ireng cemani Prabu Kresna. Supaya dipercaya kabeh ature, Sitija disangoni Cangkok Wijayamulya (cangkoke Kembang Wijayakusuma) dening Dewi Pertiwi.

Sawise antuk pangestu saka ibu lan eyange, Raden Sitija ninggalake Kahyangan Sumur Jalatundha. Jumedhule Sitija saka jroning bumi, ing gisiking samodra. Ing kono ana bangke dara, asu, teken, ancak sesaji bubrah, lan wong-wongan (memedi sawah).

Nalika Sitija jumangkah nglangkahi bangke-bangke mau, sanalika padha urip, awit kena dayane Cangkok Wijayamulya. Kabeh salah kedaden dadi buta, nuli ngetutake Sitija, nedya ngawula. Sitija nampa pasuwitane buta-buta iku. Buta sing dumadi saka bangke/bathang dara dijenengi Ditya Kala Maudara (Gathodara). Buta saka bangkene asu dijenengi Ditya Kala Jaga-jaga. Buta saka ancak bubrah dijenengi Ditya Kala Ancakogra. Buta sing dumadi saka teken dijenengi Ditya Kala Sinundha. Buta saka memedi sawah dijenengi Ditya Kala Yayahgriwa. Buta lima kadhawuhan ngenteni ing gisiking segara. Besuk bakal ditemoni yen gegayuhane Sitija wus kaleksanan.

Raden Sitija klakon ketemu karo Prabu Kresna. Minangka pratandha yen putra Bathara Wisnu, ngaturake Cangkok Wijayamulya. Nalika iku Dwarawati lagi ajang-ajangan perang mungsuh negara Surateleng. Sitija bakal diaku putra yen bisa mateni Prabu Bomantara ratu ing Surateleng.

Sitija klakon mateni Prabu Bomantara, banjur diaku putra dening Prabu Kresna. Negara Surateleng dadi kukubane Sitija, disalini jeneng Trajutrisna. Sitija jumeneng ratu ing Trajutrisna jejuluk Prabu Sitija Boma Narakasura. Patihe wujud buta, jenenge Patih Pancatnyana. Senapati perange ana lima, yaiku: Maudara, Jaga-jaga, Ancakogra, Sinundha, Yayahgriwa.

Ing lakon Samba Sebit, Ditya Kala Maudara kadhawuhan dening Prabu Sitija supaya mandhegani wadyabala Trajutrisna, yasa dalan kang jejeg (lurus, ora menggok) wiwit alun-alun Trajutrisna tekan negara Giyantipura. Ing mangka dalan jejeg iku bakal nrabas Astana Gandamadana, pasareyane para leluhure ratu Mandura, kang nedhak nurunake Prabu Baladéwa apadene Prabu Kresna.

Wadyabala Trajutrisna kang wujude buta cacahe ewon iku padha tandang gawe, nggempuri gunung, ndhungkiri watu-watu, negori wit-witan, yasa dalan.

Durung nganti tekan Astana Gandamadana panggarape dalan, dumadakan kapriksan Prabu Baladewa. Ratu Mandura iku didherekake Raden Setyaki lan sabregada prajurit Dwarawati, nedya ngupadi murcane (ilange) Raden Samba.

Prabu Baladewa dhawuh supaya njabuti pathok-pathok lan ngendheg panggarape dalan. Sulayaning rembug dadi bandayuda (perang, gelut). Wasana Ditya Kala Maudara sabalane kalah. Kabeh bubar, salang tunjang rebut dhucung, bali ing negarane.

Kapethik Saking

[besut | besut sumber]

Mulyantara. 2020. Majalah Jaka Lodhang (sampul tokoh wayang). Yogyakarta: Jaka Lodhang Press