Dina Rekonsiliasi
| Day of Reconciliation | |
|---|---|
The National flag umume nglambangake katentreman lan persatuan. | |
| Uga ingaran | Dina rekonsiliasi |
| Dipèngeti | Republic of South Africa |
| Tanggal | 16 Desember |
| Pisanan | 16 Desember 1995 |
| Gegayutan | Day of the Vow |
Dina Rekonsiliasi iku preian umum ing Afrika Kidul sing dianakake saben taun tanggal 16 Desember. Dino Preinan iki diwiwiti tahun 1995 sawise pungkasan apartheid, kanthi tujuan nguwatake rekonsiliasi lan persatuan nasional kanggo negara kasebut. Amarga ngekoni kebutuhan harmoni rasial, pemerentah milih tanggal kasebut amargo wigati kanggo kebudayaan Afrikaner lan pribumi Afika Kidul. Perayaan Dina Rekonsiliasi bisa wujude eling marang sejarah kepungkur, ngakoni kontribusi para veteran, pawai, lan kebungahan liyane.
Asal-usule perayaan kanggo Afrikaner bali menyang Dina Sumpah, sing ngelingake kamenangan Voorkrekker nglawan wong Zulu ing Pertempuran Blood River tanggal 16 Desember 1838. Kanggo wong ireng lan pribumi Afrika Kidul, tanggal iki nandhani loro protes tentrem nglawan ketidakadilan rasial lan pangadeg sayap paramiliter Umkhonto we Sizwe saka kongres nasional afrika (ANC) tanggal 16 Desember 1961. Nelson Mandela lan Komisi Kasunyatan lan Rekonsiliasi Afrika Kidul milih dina sing istimewa kanggo loro klompok etno-rasial ing negar kasebut supaya bisa nyambut gawe marasake kerusakan sing disebabke apartheid.
Tanggal lan Pengamatan
[besut | besut sumber]Kaping pisan Dina Rekonsiliasi dirayakake minangka dina libur umum ing taun 1995. Pemerentah anyar milih makili persatuan nasional kanthi milih tanggal sing nduweni makna kanggo tradhisi Afrikaner lan tradhisi perjuangan kamardikan.
Ing dina Rekonsiliasi, klompok budaya melu pawai lan macem-macem pagelaran dianakake ing saindenging negoro. Ing dina Rekonsiliasi 2013, patung Nelson Mandela, presiden ireng pisanan Afrika Kidul, diremikake ing Union Bildings ing Pretoria. Nalika perayaan taun 2009, Presiden Jacob Zuma ngajeni para pahlawan sing wis dilalekake ing Afrika Kidul, kalebu nulis jeneng watara 100 veteran sing wis tilar donyo ing Tembok Jeneng ing Freedom Park. Ing taun 2008, korban pisanan saka "necklacing", Maki Skosana, diparingi watu nisan lan dieling-eling. Kanggo perayaan ing taun 2001, African National Congress (ANC) ngeling-eling razia polisi sing nyebabke sidang Rivonia. Sawetara komunitas melu mlaku-mlaku sing uga dadi peringatan kanggo Mandela. Bagean liya ing Afrika Kidul milih nekanake kebutuhan harmoni rasial ing komunitase.
Saben taun nduwe tema sing beda. Contone :
- 2013: Mbangun Bangsa, Solidaritas Sosial, lan Rekonsiliasi. [1]
- 2014: Solidaritas Sosial, Rekonsiliasi, lan Persatuan Nasional ing 20 Taun Demokrasi.[2]
- 2015: Nyawiji Mbeningke Jurang: Mbangun jati diri bangsa Afrika Kidul sing bebarengan tumuju marang nagara pembangunan nasional [3]
- 2016: Nyawiji Ngliwati Jurang Menuju Masyarakat Tanpa Rasisme. [4]
- 2017: Taun OR Tambo: Rekonsiliasi liwat Transformasi Sosial-Ekonomi Radikal. [5]
- 2018: Taun Nelson Mandela lan Albertina Sisulu: Pembebas kanggo Rekonsiliasi.[6]
- 2019: Taun Basa-basa Pribumi: Ndhukung Rekonsiliasi Nasional liwat Promosi, Pangembangan, lan Pelestarian Basa-basa Pribumi. [7]
- 2020: Bersatu Ing Tindakan Nglawan Rasisme, Kekerasan Berbasis Gender lan Intoleransi Liyane. [8]
- 2021: Tauné Charlotte Maxeke: Ngupayakake Rekonsiliasi Nalika Ulang Taun kaping 25 Konstitusi[9]
- 2022: Persatuan Nasional, Panyembuhan, lan Pembaruan [10]
Asal
[besut | besut sumber]Asal Afrikaner
[besut | besut sumber]Kanggo wong Afrikaner, tanggal 16 Desember diperingati minangka Dina Sumpah, [11] uga dikenal minangka Dina Prajanjian utawa Dingaansdag (Dina Dingaan). [12] Dina Sumpah minangka dina riyaya agama kanggo mengeti kamenangan Voortrekker nglawan Zulu ing Perang Kali Getih ing taun 1838, [13] lan isih dirayakake dening sawetara wong Afrikaner. [14] Ing dina kasebut, 470 Voortrekker diserang ing perang esuk sing dipimpin dening para jenderal Dingane . [12] Voortrekker ngalahake Zulu sing cacahe puluhan ewu lan sajrone perang kasebut, 3.000 prajurit Zulu tiwas. [12] Acara kasebut dadi "titik kumpul kanggo pangembangan nasionalisme, budaya, lan identitas Afrikaner ." [12]
Makna religius saka acara kasebut, sing diarani Dina Prajanjian utawa Dina sumpah, kalebu kepercayan manawa kamenangan Voortrekker saka Zulu wis ditahbisake dening Gusti Allah. Sinode Umum Gereja Natal Afrikaner milih tanggal 16 Desember minangka "dina syukur gerejawi dening kabeh jemaat" ing taun 1864. Mengko, ing taun 1894, Dina Dingane diumumake minangka dina libur umum dening Pamrentah Negara Bebas Orange.
Sajrone era Apartheid, tanggal 16 Desember terus dirayakake minangka Dina sumpah lan Dina Prajanjian. Ing taun 1952, Dina Dingane diganti dadi Dina Prajanjian lan ing tahun 1980 diganti dadi Dina Sumpah. Monumen Voortrekker ing Pretoria didegake tanggal 16 Desember 1649 kanggo mengeti Dina Dingane.
Taun pengkasan Afrika Selatan ngrayakake Dina Sumpah yaitu ing taun 1994. Transisi saka Dina Sumpah menyang Dina Rekonsiliasi dideleng kanthi emosi campur aduk kanggo wong Afrika.
Asal-usul Afrika
[besut | besut sumber]Wong kulit ireng lan pribumi Afrika Selatan sing ora duwe hak pilih sawise Perang Afrika Selatan, protes diskriminasi rasial tanggal 16 Desember 1910. Protes liyane nglawan penanganan diskriminasi rasial pemerintah terus dianakake tanggal 16 Desember. Ing taun 1929, 1930 lan 1934, demonstrasi anti-pass dianakake dening Partai Komunis Afrika Selatan (CPSA) ing dina kasebut. Kovensi Seluruh Afrika (ACC) dianakake ing wektu sing padha ing taun 1935, sing nyakup tanggal 15 Desember nganti 18 Desember.
Mengko, nalika upaya protes pasif lan perlawanan nglawan apartheid ora kasil, Kongres Nasional Afrika (ANC) mutusake kanggo mbentuk klompok militer utawa bersenjata. Keputusan kanggo pindhah menyang perlawanan bersenjata kedadeyan sawise ANC dilarang percaya yen perlawanan tanpa kekerasan ora bisa nyegah Apartheid, lan ndhukung pemberontakan kekerasan. Tanggal 16 Desember minangka ulang tahun bom pertama sing ditindakake dening Umkhonto we Sizwe ("Tombak Bangsa" utawa MK), sayap bersenjata ANC ing taun 1961. Ing dina kasebut, Umkhonto we Sizwe nindakake "tumindak sabotase pertama" sing kalebu ledakan bom marang gedung pemerintah ing Johannesburg, Port Elizabeth lan Durban. Dina kasebut dipilih khusus amarga pentinge budaya kanggo wong Afrikaner. Uga ing tanggal 16 Desember 1961, Umkhonto we Sizwe nyebarake selabaran sing nggambarake kepiye klompok kasebut "bakal nerusake perjuangan kanggo kamardikan lan demokrasi kanthi metode anyar, sing dibutuhake kanggo nglengkapi tumindak organisasi pembebasan nasional sing wis mapan."
Dina Rekonsiliasi
[besut | besut sumber]
Nalika Aprtheid rampung, diputusake kanggo njaga tanggal 16 Desember minangka preinan umum, nanging kanggo nggabungake "kanthi tujuan kanggo ningkatake rekonsiliasi lan persatuan nasional". Iki diadegake dening pemrentah ing taun 1994. Nelson Mandela minangka bagean saka klompok politisi sing mbantu miwiti ide kanggo preinan kasebut. Tanggal 16 Desember 1995, perayaan kebenaran lan Rekonsiliasi Afrika Selatan uga dianakake tanggal 16 Desember 1995. Ing pidato ing taun 1995, Uskup Agung Desmond Tutu nggambarake preinan kasebut minangka layanan kanggo nambani tatu Apartheid.
Dina iki uga digunakake kanggo ngrayakake kelompok budaya minoritas ing Afrika Selatan, kayate wong San. Presiden Afrika Selatan, Jacob Zuma, ing taun 2009, uga nandheske yen dina iki uga dimaksudake kanggo ningkatake "non-seksisme".
Liyane wigati
[besut | besut sumber]Iki minangka preinan umum pisanan saka papat preinan umum sing dirayakake ing puncak musim panas Belahan Bumi Kidul, bebarengan karo Dina Natal, Dina Goodwill lan Dina Taun Anyar. Akeh bisnis cilik sing ditutup lan karyawan cuti sajrone periode iki.
Deleng uga
[besut | besut sumber]- Referendum apartheid Afrika Selatan
Referensi
[besut | besut sumber]- ↑ "Invitation to Reconciliation Day". South African Government. 11 December 2013. Dibukak ing 25 October 2016.
- ↑ "16 December: a day to learn from the past". South Africa.info. 16 December 2014. Diarsip saka sing asli ing 5 December 2016. Dibukak ing 25 October 2016.
- ↑ "Day of Reconciliation 2015". South African Government. 16 December 2015. Dibukak ing 25 October 2016.
- ↑ "Reconciliation Day 2016". South African Government. Dibukak ing 2019-12-16.
- ↑ "Message by President Jacob Zuma on National Reconciliation Day 2017". Department Of Arts and Culture. Diarsip saka sing asli ing 16 December 2019. Dibukak ing 2019-12-16.
- ↑ "National Reconciliation Day 2018". South African Government. Dibukak ing 2019-12-16.
- ↑ "Day of Reconciliation 2019". South African Government. Dibukak ing 2019-12-16.
- ↑ "President Cyril Ramaphosa to virtually deliver Reconciliation Day keynote address, 16 Dec". South African Government. Dibukak ing 2020-12-16.
- ↑ "Reconciliation Month 2021". South African Government. Dibukak ing 2022-06-14.
- ↑ "Minister Nathi Mthethwa: 2022 National Reconciliation Day". South African Government. 16 December 2022. Dibukak ing 2022-06-14.
- ↑ "Day of Reconciliation". Government of South Africa. Dibukak ing 28 March 2017.
- 1 2 3 4 "December 16, the reflection of a changing South African heritage". South African History Online. 31 March 2011. Dibukak ing 25 October 2016.
- ↑ "Day of Reconciliation celebrated as a public holiday in SA for the first time". South African History Online. 16 March 2011. Dibukak ing 25 October 2016.
- ↑ "Invitation to Reconciliation Day". South African Government. 11 December 2013. Dibukak ing 25 October 2016.