Dina Olahraga Nasional
Dina Olahraga Nasional sing ditetepaké dening pemerintah dipèngèti saben tanggal 9 September. Dina olahraga nasional iki kelakoné ing sajroning sajarah sing ora cekak, kawiwitan saka tahun 1948. Ing tahun iki, Indonesia arep melu ngregengaké Olimpiade kapisan ing London, Inggris; nanging atlet-atlet Indonesia ora lolos syarat administratif amarga negara Indonesia durung diakoni minangka negara ing donya.
Amarga iku, ketua Komité Olimpiade Indonésia, Sri Sultan Hamengkubuwono IX, bebarengan karo Persatuan Olahraga Republik Indonesia sing saiki diarani Komité Olahraga Nasional Indonesia - KONI), madegani arep nganakaké Pekan Olahraga Nasional (PON) ing tanggal 9 September 1948 ing Solo.
Telung puluh lima tahun sacandhaké, 9 September 1983, Presiden Soeharto netepaké tanggal iku minangka pengetan Dina Olahraga Nasional (Haornas) nalika ngresmekaké stadion Sriwedari di Surakarta sing wis rampung dipugar. Keputusan ini ditulis ing Keputusan Presiden Republik Indonesia Nomer 67 taun 1985 babagan Dina Olahraga Nasional. Kepres kasebut njlentrehake gedhening tekad kanggo mropagandakaké olahraga marang masarakat indonesia supaya masarakat ngulinakaké olahraga lan ngupaya supaya masarakat sangsaya gedhe gregete anggoné nindakaké olahraga sacara nasional. Ing wektu iki Pekan Olahraga Nasional (PON) wis dadi salah siji tetandhingan nasional paling gedhe ing di Indonesia.[1]