Dina Hangul

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna bébas abasa Jawa
Dina Hangul
Hunmin jeong-eum.jpg
Hunmin Jeongeum Eonhae
Jeneng resmi Dina Hangul (한글날)
Dina Chosŏn'gŭl (조선글날)
Uga ingaran Dina Proklamasi Hangul
Dina Aksara Koréa
Dipèngeti Warga Koréa Lor karo Koréa Kidul
Jinis Nasional, budaya
Ancas Mèngeti pangriptaning aksara Hangul
Tanggal 9 Oktober (Koréa Kidul)
15 Januari (Koréa Lor)
Frékuwènsi Taunan

Dina Aksara Koréa, uga diarani Dina Hangul (한글날) ana ing Koréa Kidul utawa Dina Chosŏn'gŭl ana ing Koréa Lor, iku dina nasional Koréa kanggo mèngeti pangriptaning aksara Hangul (한글; 조선글), ya iku aksara sing dienggo nulisaké basa Koréa. Aksara Hangul mono diripta déning ratuning Koréa abad kaping 15 aran Prabu Sejong Agung. Dina Hangul dipèngeti saben tanggal 9 Oktober ana ing Koréa Kidul lan saben tanggal 15 Januari ana ing Koréa Lor. Ing taun 2013, Dina Hangul dikukuhaké minangka dina prèi nasional ing Koréa Kidul.[1]

Tanggal[besut | besut sumber]

Koréa Kidul[besut | besut sumber]

Ana ing Koréa Kidul, dina gedhé iki diarani Dina Proklamasi Hangul utawa Dina Hangul lan dipèngeti saben tanggal 9 Oktober.

Koréa Lor[besut | besut sumber]

Ana ing Koréa Lor, dina gedhé iki diarani Dina Chosŏn'gŭl lan dipèngeti saben tanggal 15 Januari. Tanggal iki kasil ngepasaké tanggal lawas 15 Januari 1444 (1443 ing pananggalan rembulan).[2]

Sajarah[besut | besut sumber]

Sadurungé aksara Hangul ana, wong-wong ing Koréa (ingaran wong Joseon dhèk kala samana) nulis nganggo aksara Cina Klasik lan aksara-aksara fonètis asli sing wis ana sadurungé aksara Hangul ana, kaya ta idu, hyangchal, gugyeol, lan gakpil.[3][4][5][6] Nanging, amarga basa Koréa lan basa-basa Cina iku béda banget, lan ing aksara Cina akèh huruf sing kudu diapali, wong-wong cilik padha kangèlan nalika sinau nulis nganggo aksara Cina, apa déné padha ora kuwawa sekolah. Kanggo ngatasi masalah iku, Prabu Sejong ngripta aksara mirunggan sing saiki diarani Hangul supaya wong-wong padha bisa maca lan nulis.[7]

Miturut Sejong Sillok (세종실록;世宗實綠), Prabu Sejong mbiwarakaké pambabaré Hunmin Jéongéum (훈민정음;訓民正音), ya iku sawijining layang sing ngandharaké aksara rékan anyar. Duk nguni, jeneng aksarané padha karo jeneng layangé mau. Lelakon iku katindakaké ing wulan kaping sanga ing pananggalan rembulan taun 1446.

Ing taun 1926, Paguyuban Basa Koréa sing duwé ancas nguri-uri basa Koréa sing nalika iku ngalami Jepangisasi[8] mèngeti 480 taun ambal warsané aksara Hangul ing dina pungkasan wulan kaping sanga ing pananggalan rembulan, sing tiba ing tanggal 4 Novèmber ing pananggalan Grégorius. Warganing paguyuban mau mratélakaké yèn ing tanggal iku dina pèngetan "Gagyanal" (가갸날) pisanan digelar. Jeneng pèngetan mau dijupuk saka tembung "Gagyageul" (가갸글), ya iku aran lawas kanggo aksara Koréa sing dhedhasar larik kapisan ing déntawyanjananing aksara Hangul "ga gya geo gyeo" (가갸거겨). Jeneng dina pèngetan mau banjur diganti dadi "Hangullal" ing taun 1928 kanthi njupuk tembung "hangul" sing diripta ing taun 1913 déning Ju Si-gyeong. Jeneng sing kèri iki banjur dadi tetenger tumraping aksara Koréa, déné dina pèngetané lestari ditindakaké manut pananggalan rembulan.

Nalika taun 1931, dina pèngetan mau dialihaké ing tanggal 29 Oktober manut pananggalan Grégorius. Sanajan ta mangkono, nalika taun 1934 ana panemu yèn pananggalan Julius iku sing dienggo ing taun 1446. Mulané, tanggal pèngetané dialihaké manèh ing tanggal 28 Oktober.

Rikala taun 1940, kupiya asli Hunmin Jeongeum Haerye ditemokaké. Hunmin Jeongeum Haerye iku layang wedharan bab Hunmin Jeongeum sing dibabar ora suwé sawisé Hunmin Jeongeum dibabar. Ing Hunmin Jeongeum Haerye, diandharaké yèn Hunmin Jéongéum iku dibiwara ing dalem sapuluh dina wiwitan (sangsun; 상순; 上旬) ing wulan kaping sanga. Dina kaping sapuluh ing wulan kaping sanga ing pananggalan rembulan 1446 iku ngepasi tanggal 9 Oktober ing pananggalan Julius. Sayasané pamréntahan Koréa Kidul ing taun 1945, Dina Hangul dikukuhaké minangka dina pèngetan resmi sing dipèngeti saben tanggal 9 Oktober, déné punggawa praja prèi ing dina iku.

Pangusaha-pangusaha gedhé ndhesek pamaréntah Koréa Kidul supaya ngundhakaké cacahé dina kanggo ngambut gawé. Ing taun 1991, status dina Hangul minangka dina prèi dijabut kanggo minangkani Dina Pasarékatan Bangsa-Bangsa. Sanadyan mangkono, Dina Hangul isih duwé status resmi minangka dina pèngetan nasional. Paguyuban Hangul banjur kampanye supaya statusé dibalèkaké, nanging ora patiya kasil. Ing tanggal 1 Novèmber 2012, paguyuban mau menang swara ing Parepatan Nasional, 189 swara katandhing 4 swara (mawa 4 sing abstèn) sing nyengkuyung pamulihé status Dina Hangul. Dudutané parepatan mau ndhesek pamréntahan Lee Myung Bak supaya ngukuhaké Dina Hangul minangka dina prèi nasional. Pandhesek mau banjur dituruti pamréntahan Lee Myung Bak lan owah-owahan dicakaké ing taun 2013.[9][10]

Pèngetan[besut | besut sumber]

Ing taun 2009, ana ing pèngetan kaping 563 pangriptané aksara Koréa déning Prabu Sejong, reca prunggu Prabu Sejong Agung saka Joseon sing dhuwuré 6,2 mèter lan boboté 20 ton dikukuhaké ing Alun-Alun Gwanghwamun ing Seoul.[11][12]

Uga delengen[besut | besut sumber]

Rujukan[besut | besut sumber]

  1. ^ digital team, dong-a dot com (2014-07-17). "7월 17일 제헌절, 법정 공휴일 폐지…한글날은 공휴일 재지정". 
  2. ^ "October 9th is Hangul Day / 한글날". 8 October 2013. 
  3. ^ Hannas, Wm C. Asia's Orthographic Dilemma (ing basa Inggris). University of Hawaii Press. k. 57. ISBN 9780824818920. Dijupuk 20 September 2016. 
  4. ^ Chen, Jiangping. Multilingual Access and Services for Digital Collections (ing basa Inggris). ABC-CLIO. k. 66. ISBN 9781440839559. Dijupuk 20 September 2016. 
  5. ^ "Invest Korea Journal" (ing basa Inggris). Volume 23. Korea Trade-Investment Promotion Agency. 1 January 2005. Dijupuk 20 September 2016. They later devised three different systems for writing Korean with Chinese characters: Hyangchal, Gukyeol and Idu. These systems were similar to those developed later in Japan and were probably used as models by the Japanese. 
  6. ^ "Korea Now" (ing basa Inggris). Volume 29. Korea Herald. 1 July 2000. Dijupuk 20 September 2016. 
  7. ^ Koerner, E. F. K.; Asher, R. E. Concise History of the Language Sciences: From the Sumerians to the Cognitivists (ing basa Inggris). Elsevier. k. 54. ISBN 9781483297545. Dijupuk 13 October 2016. 
  8. ^ Lee, Peter H.; Bary, William Theodore De. Sources of Korean Tradition: From the sixteenth to the twentieth centuries (ing basa Inggris). Columbia University Press. k. 321. ISBN 9780231120302. Dijupuk 3 October 2016. 
  9. ^ "Starting Next Year, Rest on Hangeul Day (Korean: 내년부터 한글날 쉰다…22년만에 공휴일 재지정)". Yonhap News. 7 November 2012. 
  10. ^ "Hangul Day a national holiday again (Korean: 직장인들'활짝 웃을'준비하시고~"클릭!")". Koréa Joongang Daily. 9 November 2012. 
  11. ^ "Remembering Hangul". Joongang Daily. 26 September 2009. Dijupuk 27 February 2013. 
  12. ^ "Statue of King Sejong is unveiled". Joongang Daily. 10 October 2009. Dijupuk 27 February 2013. 

Pranala njaba[besut | besut sumber]