Dina Abasa Bali

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Loncat ke navigasi Loncat ke pencarian
Dina Abasa Bali
Jeneng resmi Rahina Mabasa Bali
Dina Mabasa Bali
Dipèngeti Wong Bali
Jinis Lokal, Budaya
Ancas Nguri-uri basa Bali
Frékuwènsi Minggon

Dina Abasa Bali (cara Bali: Dina Mabasa Bali utawa Rahina Mabasa Bali) ya iku dina mligi kanggo nguri-uri basa Bali tumrap manéka kaanan utawa kaanan tinamtu. Kridha Dina Abasa Bali iki lumrah kalaksana saminggu pisan ing papan-papan pamulangan uga pamaréntahan Provinsi Bali. Wayah lakuné lan paugerané ora mesthi padha wewengkon siji karo liyané.

Lantaran[besut | besut sumber]

Basa Bali, minangka basa sing nyengkuyung kabudayan Bali, disumelangi bakal pundhes saka tuturan wong Bali. Sesumelangan iku lumantar basa Bali wis ora jamak minangka basa padinané wong Bali.[1][2] Bebaya tumrap basa Bali iku banjur dadi rembug sajeroné Konggrès Basa Bali VI taun 2006. Salah siji panemu sing dadi kawigatèn ya iku bokmanawa basa Bali mung kari sagènerasi uripé.[2] Pratélan mangkono iku njalari sawenèh pamulangan ing Provinsi Bali miwiti Dina Abasa Bali ing taun 2007.

Taun 2011, kababar pawarta manawa golongan brayat nom Bali wis lèrèg salin basa saka basa Bali menyang basa Indonésia lan manca.[1] Saka cacah wong dunung ing Bali sing ngancik patang yuta, diwatara ora tekan sayuta sing bisa lanyah basa Bali.[1] Jalaran iku, pamulang formal basa Bali supaya kaoptimalaké dadi usulan katur Dinas Pendidikan, Pemuda, dan Olahraga (Dhines Wiyata, Taruna, lan Ulah raga) Provinsi Bali.[2] Saliyané iku, uga mumbul usulan amrih Dina Abasa Bali prelu diayahi wrata tumrap kabèh tataran pamulangan saka sing sadurungé mung kalakon ing sawenèh pamulangan.[2]

Laku[besut | besut sumber]

Pamulangan[besut | besut sumber]

Dina Abasa Bali adaté lumaku mligi ing tataran pamulangan. Kapan wiwit lakuné durung kaweruhan. Nanging mangkono, udakara taun 2003 sawenèh pamulangan wis ngadani Dina Abasa Bali sanadyan durung sembada.[3] Taun 2003, SLTP N 1 Dènpasar ngayahi dina asesirah Sukra Mabasa Bali (Jumuwah Abasa Bali) lan English Day in Saturday (Dina Basa Inggris kala Setu).[3] Kala samono, Dina Abasa Bali diayahi lumantar pamulang momotan wewengkon ing pamulangan nembé dadi kagiwatèn.[3]

Sabubaré Konggres Basa Bali VI taun 2006, kawigatèn ing lakuné Dina Abasa Bali malih nedya ngunggah cacahing wong nutur lan nylametaké kaanan basa Bali.[4] SD N 6 Dalun ing Badung ngayahi Rahina Mabasa Bali wiwit surya 19 Agustus 2007 lan lumaku saben Jumuwah.[4] Dhasaré kridha iki ya iku basa Bali kudu dikulinakaké kawit cilik.[4] Nanging mangkono, Dina Abasa Bali iki durung bisa kalaksanan paripurna awit mung lumaku sajabané wayah sinau.[4]

Taun 2008 ing SMA Dwijendra ing Dènpasar banjur labuh kridha sing padha.[4] SMA Dwijendra ngayahi Dina Abasa Bali saben Rebo, sing dipilih awit minangka dina semadiné Hyang Pramèsthi Guru sarta para déwa amrih slamet jagad saisiné.[4] Dina-dina agama kaya ta Purnama lan Tilem uga pinilih tumrap Dina Abasa Bali.[4] Ing dina-dina iku paugeran abasa Bali kudu digugoni kabèh siswa, guru, lan narakarya pamulangan.[4] Jejibahan iku kalebu olèhé nganggo basa ing pasinaon, sing padinané basa Indonésia dadi mligi mung basa Bali.[4] Ancasé, kridha iku ngulinakaké wong Bali marang aksara, unggah-ungguh basa, gendhing, lakon, lan paribasa Bali.[4]

Kawit Juli 2015, SMA N 1 Dawan ing Klungkung uga ngayahi Dina Abasa Bali.[5] Lakuné paugeran abasa Bali iku nyrambahi kabèh warga pamulangan. Sadurungé paugeran abasa Bali lumaku, diwatara 25% saka 477 siswa durung lanyah basa Bali.[5] Sataun lumaku, kasilé katon siswa mundhak lanyah guneman cara Bali.[6] Paugeran abasa Bali ing pamulangan iki ancas mligi ngulinakaké wicara basa Bali amrih lanyah.[5] Dina Abasa Bali ing SMA N 1 Dawan diayahi saben Setu mung sajabané pasinaon lan durung ngabotaké unggah-ungguh basa.[5]

Pamaréntahan[besut | besut sumber]

Sarana Peraturan Bupati Nomor 24 Tahun 2016 (Aturan Bupati Angka 24 Taun 2016), panganggoné basa Bali ing tataran pamaréntahan diundhangaké Pamaréntah Kabupatèn Badung.[7] Aturan iki ngabsahaké rancangan Dina Mabasa Bali (Dina Abasa Bali) sing lumaku saben Jumuwah lan Purnama, labuh 18 Maret 2016.[7] Ing laladan pamaréntahan iki, kabèh narakarya kajibah abasa Bali ing manéka kaanan, kalebu ing rerembugan.[7] Nanging mangkono, aturan iki ora lumaku tumrap upacara ing tataran kabupatèn, provinsi, saha nasional, utawa kridha-kridha ing tataran provinsi karo nasional, sarta ora lumaku saperlu maca layang-layang pamaréntahan lan undhang-undhang.[7]

Wong-wong Pamaréntah Kabupatèn Badung satemené padinané abasa Bali, nanging padha durung kalumrah abasa Bali kanthi resmi.[7] Kala kapisan Dina Abasa Bali lumaku nunggal dina karo dina rerembugan paripurna internal DPRD.[7] Jalaran iku, basa Indonésia sing wiyahé minangka basa kanggo rerembugan kudu diganti basa Bali. Pungkasé, akèh para rawuh ing rerembugan banjur wicara basa camboran Bali lan Indonésia.[7]

Kutipan[besut | besut sumber]

Rujukan[besut | besut sumber]