Menyang kontèn

Dhusun Mlangi

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Dhusun Mlangi.

Dhusun Mlangi (carakan:ꦝꦸꦱꦸꦤ꧀​ꦩ꧀ꦭꦔꦶ) mapan wontên ing Padhukuhan Mlangi, Desa Nogotirto, kapanewon Gamping, Kabupaten Sleman.Ing lokasi mếnika gadhah kathah papan paninggalan arkeologi kang wujudề minangka bangunan cagar budaya yaiku Cungkup Makam Keluarga Kyai Nur Iman; dan Struktur Cagar Budaya kang dumadi saka Makam Kiai Nur Iman, sêrta Gapura lan Pagar Kompleks Masjid Pathok Negoro Mlangi.[1].Mlangi misuwur dhusun santri lan Desa Wisata Religi. Sajroning sajarahé, Mlangi dadi panggonan wigati tumrap panyebaran agami Islam lan pendidikan pesantrèn ing Tanah Jawa.

Sejarah lan Asal-Usul

[besut | besut sumber]

Jeneng Mlangi dipercaya asale saka tembung "melang-melangi", kang artine "papan kang damai lan nyenengake", Ananging ana kang percaya asale saka tembung "Mulangi" kang artine "ngajari".Iki mengacu karo peran dhusun Mlangi kang dadi pusat pendidikan islam.Versi liya ana kang menyatakan asale seka singkatan " meling - meling tur wangi" kang angadhani arti "berkilauan dan berbau harum" arti kasebut ngambaraken keindahan lan kesucian wilayah kasebut.[2]

Asul usul Dhusun Mlangi raket karo panyebaran islam ing tlatah Yogyakarta lan Patok negoro Kraton Ngayogyakarta Hadinigrat. Ing pungkasan abad 18 tepat e tahun 1760, nalika Kraton Ngayogyakarta kawiwitan dipundhekake dening Sultan Hamengkubuwana 1,Sultan Hamengkubuwana 1 nawaraken marang Kiai Nur Iman supaya tinggal wonten ing kraton, Ananging tawaran kasebut ditotak dening Kiai Nur Iman kang milih tinggal wonten ing luar kraton ing Mlangi.amarga kepengin ngajar lan nyebaraken agama islam.Kiai Nur Iman angadhahi asma asli Raden Mas Sadiya utawa dikenal uga Pangeran Loringpasar, putra saka Sunan Amangkurat IV lan Raden Ayu Kulon,Mula tasih kakang-adhi kalihan Sultan Hamengkubuwana 1, kanggo panghormatan marang sang kakang Mlangi dijadikake tanah perdikan(tanah bebas pajeg) dening Sultan Hamengkubuwana 1. Kyai Nur Iman bannjur mbangun Masjid Mlangi kang dadi pusat syiar islam lan ditemtokaken dadi Masjid Pathok Negoro wiwit taun 1758 Masehi.[3]

Saliyane dadi pusat kawruh , Mlangi uga angadhani peran penting ing sajarah nasional. Ing jaman Perang Diponegpro(1825-1830), keturunan Kyai Nur Iman lan warga Mlangi nyengkuyung perjuangan,Wilayah Mlangi asring dadii papan parembugan lan strategi perang prajurit-prajurit pribumi nalika jaman iku.

Letak lan Adminitrasi

[besut | besut sumber]

Dhusun iki mapan kurang luwih 8km seko arah kulon pusat kutha Yogyakarta.Mlangi kalebu salah siji padukuhan ing Desa Nogotirto.Dhusun Mlangi kabagi dadi 2 padukuhan , yaiku Padukuhan Mlangi dan Padukuhan Sawahan . Mlangi kagolong salah siji padukuhan kang aktif tumrap kagiyatan sosial- keagamaan lan pendidikan Islam.

Wates-wates wilayah Mlangi yaiku:

  • Sisih Lor: Dhusun Mblendangan
  • Sisih Wetan: Dhusun Ponowaren
  • Sisih Kidul: Dhusun Cambahan
  • Sisih Kulon: Dhusun Jetis

Luas Dhusun Mlangi kurang luweh yaiku 27,35 hektar, kang dibagi dadi :

  • 10 Rukun Tetangga (RT)
  • 3 Rukun Warga (RW)

Jumlah pendhudhuk Dhusun Mlangi nganti awal jannuari 2008 yaiku 1.532 Jiwa, kabagi dadi 358 Kepala Kaluwarga (KK). Jumlah jender laki-laki yaiku 823 jiwa lan Wadon 709 jiwa.[4]

Kahanan Sosial- Ekonomi lan Budaya Masyarakat

[besut | besut sumber]

Kahanan sosial-ekonomi

[besut | besut sumber]

papan kang palemahane ora amba ndadekake masyarakat Mlangi ora akeh sing nyambut gawe dadi petani. Mayoritas masyarakat ing Mlangi makarya minangka pedagang utawa wiraswasta. sawetara warga liyane ana sing nyambut gawe dados Pegawai Negeri Sipil (PNS) lan Buruh.

Kahanan Budaya Masyarakat

kabudayan kang ngrembaka ing masyarakat dipengaruhi dening sawetara faktor,kalebu faktor internal lan eksternal.Faktor internal bisa awujud tradhisi sing wis ana saka para leluhur uga seko faktor geografis sing nglingkupi wilayah kuwi.

Kahanan sosial agama

Adhedhasar data saking panaliten, salaras karo sebutane minangka kampung santri , warga masyarakat Mlangi kabeh nganut agama islam.Miturut sumber, ana luwih saka 14 pondok pesantren ing Mlangi kanthi sekitar 2.000 santri saka macem-macem daerah.[5]Mlangi ugi dados papan wisata religi ingkang asring dipun kunjungi para peziarah. Saben akhir pekan, kathah rombongan sowan dhateng makam Kyai Nur Iman lan nglaksanani tahlilan bebarengan.Salah satunggaling pondok ingkang misuwur inggih punika Pondok Pesantren Al-Munawwir. Pondok punika dados salah satunggaling pusat ngaji Al-Qur’an lan ilmu agama ing Yogyakarta. Miturut data, santri ing pondok punika asalipun saking sakindenging Nusantara.

Situs Lokal

[besut | besut sumber]

sawetara panggonan wigati ing Dhusun Mlangi antarane:

Denah Masjid Mlangi

Masjid Pathok Negara Mlangi

[besut | besut sumber]

Salah siji saka 5 Masjid Pathok Negara Ing Yogyakaarta, Masjid iki dibangun dening Kyai Nur Iman lan dadi pusat kegyatan agama islam [6].Arsitekture nggabungkake gaya tradisional Jawa lan Pangaribawa Islam , iki ditandhai saka atap joglo saka kayu jati lan pawon masjid sing wujud omah limasan.

Cungkup Makam Kulawarga Kyai Nur Iman

[besut | besut sumber]

Kompleks makam Kyai Nur Iman mapan ana ing sisih kulon Masjid. Tokoh utama kang ada ing kompleks menika yaiku, Kyai Nur Iman utawa R.M. Sandiya , ingkang dados penitis masjid lan Pesantren Mlangi. Ing saubenge makam mau ugi dipunsemayamaken para kulawarga , keturunan, saha tiyang-tiyang ingkang kagayut kaliyan Kyai Nur Iman lan Masjid Pathok Negoro Mlangi. Ing kompleks permakaman , sisih kulon masjid punika wonten tiga bangunan cungkup, inggih punika Cungkup Lor, Cungkup Tengah lan Cungkup Kidul.

  • Cungkup Lor

Ing cungkup punika wonten pirang-pirang makam, paling istimewa makam Kyai Nur Iman ingkang dipunpasang wonten ing ruang khusus kagem piyambakipun. Ruang kasebut kadamel saking kayu ukiran floral ing sisih wetan, kulon , lan kidul, dene sisih lor ngagem bata plester.

  • Cungkup Tengah

Ing cungkup menika wonten makam kulawarga Kyai Nur Iman, Cungkup menika nyambung kalihan cungkup lor tanpa sekat.

  • Cungkup Kidul

Cungkup menika dados bangunan ingkang asli tanpa owah. wonteng ing cungkup menika kagungan teras ing sisih kidul lan atap limasan, bangunan menika tertutup.[1]

Gapura lan Pager Kompleks Masjid Pathok Negoro Mlangi

[besut | besut sumber]

Struktur gapura kompleks Masjid Pathok Negoro Mlangi awujud gapura paduraksa. Ana telu gapura paduraksa mapan ing pager sisih wetan, lor lan kidul masjid. Pager kasebut ngubengi kompleks masjid , kangge mbatesi antarane masjid, makam lan lingkungan sak njabane.Pager punika ngagem bata plaster, nanging beda werna cat. Cat ijo dipunginakaken saking gapura wetan ngidul tumuju sisih wetan masjid,sawetara menika cat putih kangge perangan liyane. Pager punika ugi kagungan lawang lima kang awujud lawang kayu. gang punika dipunginaaken kangge akses antar bagian saking kompleks masjid. Kajaba punika wonten struktur tembok penyekat mapan ing halaman ngajeng masjid,tembok menika mbujur arah lor-kidul kadamel saking bata plaster ngagem cat putih, Ing pinggir tengen lan kiwa tembok wonten pilaster(saka) kang dhuwure 2,08m.

rujukan

[besut | besut sumber]
  1. 1 2 "JOGJACAGAR | Sistem Informasi Cagar Budaya". jogjacagar.jogjaprov.go.id. Dibukak ing 2025-05-27.
  2. Media, Harian Jogja Digital. "Dusun Mlangi dan Jejak Islam di Jogja". Harianjogja.com (ing basa Inggris). Dibukak ing 2025-05-31.
  3. https://regional.kompas.com/read/2018/05/09/09514911/dusun-mlangi-kampung-pesantren-tempat-mondok-pelajar-non-muslim?page=all. {{cite web}}: Missing or empty |title= (pitulung)
  4. "Deskripsi Dusun Mlangi Kelurahan Nogotirto Kecamatan Gamping Kabupaten Sleman". text-id.123dok.com. Dibukak ing 2025-06-01.
  5. "Yang Jogja Pertaruhkan dari Kampung Santri Dusun Mlangi jika Diterabas Jalan Tol". kumparan (ing basa Indonesia). Dibukak ing 2025-06-01.
  6. TV, Metro, Dusun Mlangi Sleman, Jejak Syiar Islam di Tanah Jawa (ing basa Indonesia), dibukak ing 2025-06-01