Parembugan:Kabupatèn Batang

Konten halaman tidak didukung dalam bahasa lain.
Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa

Asal Mula Jeneng Batang[besut sumber]

Nalika jaman dhisik, Sultan Agung ngutus Jaka Bahu supaya babad Alas Roban. Jaka Bahu nglaksanakake dhawuhe Sultan Agung, banjur ninggalake Mataram tumuju Alas Roban. Nanging nalika Jaka Bahu isih babad Alas Roban mau akeh gangguan sing dialami, dheweke banjur nglakoni tapa kanggo nggoleki apa penyebabe. Sanalika dheweke mangerteni menawa sing ngganggu yaiku lelembut sing dipimpin dening Dadungawuk. Jaka Bahu banjur nyerang Dadungawuk. Dadungawuk akhire bisa dikalahake dening Jaka Bahu lan janji ora bakal ganggu Jaka Bahu lan prajurite. Jaka Bahu banjur nglanjutake anggone babad Alas Roban tumuju arah kulon nganti tekan Kali Kramat. Jaka Bahu banjur mikir arep gawe bendungan ing kali kuwi kanggo ngileni sawah-sawah. Sawise rampung mbangun bendungan, ana keanehan ing ilining banyu bendungan kuwi. Banyu kuwi kadhang mili cilik, kadhang uga gedhe. Nganti ing sawijining dina bendungan kuwi jebol. Jaka Bahu banjur nggoleki penyebabe. Pranyata ana tiang prau gedhe sing malang ing bendungan prajurit Jaka Bahu ora ana sing bisa nyingkirake tiang kuwi. Banjur Jaka Bahu nglakono semedi njaluk kekuatan supaya bisa nyingkirake tiang prau kuwi mau. Wektu kuwi malem Jemuwah Kliwon. Nalika fajar, Jaka Bahu oleh kekuatan kang dikarepake. Jaka Bahu bisa nyingkirake tiang prau kuwi malah banjur ditugel pisan. Sawise tiang prau kuwi tugel, ilining banyu dadi lancar. Nanging ing sawijining dina ana gangguan maneh. Bendungan kuwi jebol maneh. Jaka Bahu ora nglokro anggone nggoleki penyebabe. Jaka Bahu banjur mangerteni menawa ing bendungan kuwi ana gapura duweke bangsa lelembut kang awujud ula. Kerajaan lelembut kuwi dipimpin dening Drubiksa. Jaka Bahu ora trima menawa bendungan sing digawe dheweke dirusak dening Drubiksa. Dheweke ngamuk ana ing Kerajaan Drubiksa lan prajurit Drubiksa akeh sing nemahi pati. Mangerteni bab kasebut, drubiksa ora trima. Dheweke banjur perang karo Jaka Bahu. Nganggo pedhang Swedhang dheweke banjur nyerang Jaka Bahu. Amarga saka kasektene pedhang Swedhang kuwi mau, Jaka Bahu bisa dikalahake, dheweke kena sabetan pedhang ing lengen lan wetenge ananging ora nganti nemahi pati amarga diselametake dening Ki Ageng Cempaluk. Mangerteni dheweke kangelan anggone nglawan raja Uling, Bahureksa gawe siasat. Dening Ki Ageng Cempaluk, Jaka Bahu diprentah supaya lumebu ing Keputren Kerajaan. Dheweke diprentah supaya ngrayu adine Drubiksa kang aran Drubiksawati supaya gelem menehi rahasia kasektene kakange. Drubiksawati seneng marang Jaka Bahu. Nanging amarga Jaka Bahu mangerteni menawa Drubiksawati adhine Drubiksa. Jaka Bahu manfaatke kanggo nggoleki kelemahane Drubiksa. Kanthi syarat Jaka Bahu gelem nampa tresnane, Drubiksawati banjur gelem menehi pituduh rahasia kekuatane kangmase. Drubiksawati nyolong pedhang Swedhang kang ora liya yaiku sumber kakuwatane Drubiksa. Sawise Jaka Bahu oleh pedhang mau, dheweke banjur nggoleki Drubiksa. Jaka Bahu lan Drubiksa akhire perang tanding. Mangerteni menawa pedhamg Swedhang ana ing tangane Jaka Bahu, Drubiksa wedi lan lumayu mengalor. Jaka Bahu ngejar lan bisa nyekel Drubiksa. Drubiksa janji ora bakal ngganggu manungsa maneh lan diwenehi bagian ing Alas Roban sisih lor. Nalika Jaka Bahu lan Drubiksa cecaturan, pedhang Swedhang mau diselehake ing pinggir kali sing nikung kang diarani dang, banjur papan kuwi dijenengi Klidang. Saiki wes ora ana maneh sing ngganggu Jaka Bahu ngrampungake Bendungan mau. Tugas Jaka Bahu nyiapake papan kanggo para kadang tani ing Alas Roban wis paripurna. Awit saka kemenanagan Jaka Bahu, para warga sekitar kali rumangsa seneng banjur gawe syukuran. Syukuran kuwi dijenengi Lomban. Lan Lomban kuwi mau didadekake tradisi warga Klidang setaun pisan ing tanggal 1 syawal. Awit saka kemenangan Jaka Bahu, Sultan Agung banjur ngangkat Jaka Bahu pinangka Bupati Kendal. Ananging Jaka Bahu isih didhawuhi supaya methuk Putri Retno Rantan Sari sing didtipake ing Desa Kalisalak supaya diboyong menyang Mataram. Sultan Agung uga menehi piweling supaya aja ana pawongan kang wani njupuk bojo amarga Retno Rantan Sari arep dipek bojo Sultan Agung pinangka permaisuri. Jaka Bahu banjur tumuju ing daleme Pak Wongso amarga ing kono Retno Rantan Sari nginep. Sawise Jaka Bahu ngaturake maksud rawuhe, Pak Wongso masrahake Rantan Sari marang Jaka Bahu. Jaka Bahu sing diutus Sultan Agung pranyata malah seneng marang Rantan Sari. Kamangka sadurunge Jaka Bahu wis mangerteni menawa Rantan Sari arep dipek bojo dening Sultan Agung. Ananging Retno Rantan Sari uga seneng marang Jaka Bahu. Akhire Jaka Bahu sowan marang Ki Ageng Cempaluk njaluk wejangan. Nanging tanpa sengaja ing Desa Kalibeluk ana prawan kang rupane persis karo Retno Rantan Sari jenege Endang Muranti. Jaka Bahu banjur mboyong Endang Muranti menyang Mataram supaya dipasrahake marang Sultan Agung. Ing tembene Sultan Agung ora duwe pangira menawa kuwi dudu Rantan Sari. Nanging amarga sawise tekan istana Endang Muranti semaput meruhi kaendahaning istana banjur sawise sadar ngakoni menawa dheweke dudu Rantan Sari ananging Endang Muranti. Sultan Agung banjur duka, banjur menehi ukuman tumrap Jaka Bahu yaiku supaya babad Alas Gambiran. Dene Endang Muranti banjur dibalekake maneh ing Kalibeluk.