Dhialèk Kedhu

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna bébas abasa Jawa
(Dilih saka Dhialek Kedhu)

Basa Jawa Kedhu utawa Dhialek Kedu iku basa kang dituturaké ing tlatah Kedhu kasebar wiwit Kebumèn iring wétan: Prembun, Purwareja, lan mligi Temanggung.

Dhialek iki kaloka karo cara omonge kang kas, amarga patemon antarané dhialèk "bandek" (Yogya-Sala) lan dhialèk "ngapak" Banyumasan. Tembung-tembunge isih nganggo dhialèk ngapak nanging tuturane (pranaunciation) rada bandek. Contone:

  • nyong: aku
  • gandhul: kates
  • mberuh:(embuh ora weruh), embuh
  • krongsi: kursi (Temanggung)
  • petek poteh sekele koneng numpak dhugar gejedud-jedud = (dhialèk Prembun) kang karepe: pitik putih sikile kuning ditumpakake dhokar kejedhod.

Kecap pangenter: eeee, oooo, lha kok, ehalah, ha-inggih, asring dianggo tuturan basa-basi masarakat Temanggung yèn lagi ngobrol. Iki nandhakake yèn wong Temanggung pancen ndhemenakake yèn diajak ngobrol.

Wanasaba uga mlebu wewengkon Kedhu. Omongane wong Wanasobo iku omongane mbedani karo laladan liyané. Nanging mirib karo omongane wong Purworejo lan Temanggung. Pengucapan huruf 'a' ana ing mburi kadhang diucapke 'a' kadang 'o'. Ana ing laladan pelosok Wanasobo huruf 'a' malah diucapke 'e' kaya tembung 'e' ana ing basa Indonésiane 'pergi'. Contone: tembung "gula" bisa diucapke gula, gulo, utawa gule.

Nek Wanasaba pérangan kulon, omongane meh padha karo omongane wong Banjarnegara. Omongane ngapak-ngapak. Ya pancen lumrah, panggonane bae jejeran. Sebenere ana ing Wanasobo iki ya logat lan dialeke akèh kang béda. Nanging ya ora béda adoh lah. Kadang béda kacamatan, béda logate. Malah sak kacamatan bae kadang ya logate wis béda.

Pratélan conto[besut | besut sumber]

Ing pranala ngisor ana video contoné dhialèk wong Wanasaba ning Youtube.

Iki contoné tembung-tembung lan omongane:

  • 1. Kampil = bantal,
  • 2. Arip = ngantuk,(biasaane piyayi mbanjar kang ngagem ukara iki)
  • 3. Nggere? = mangsa sih?,
  • 4. Miki = entes waé, nembé mawon,
  • 5. Iwak = ulam,
  • 6. Unjar = iwak,
  • 7. Unjar bandung = ikan mas,
  • 8. Unjar tawes = ikan tawes,
  • 9. Iwak sapi = daging sapi,
  • 10. Rese = iwak asin,
  • 11. Semek = sarapan,
  • 12. Senthong = kamar,
  • 13. Kremun = grimis kang cilik mbanget,
  • 14. Cuthang = sikil (tembung kang kasar),
  • 15. Pathak = sirah (tembung kang kasar mbanget),
  • 16. Gigal = tibo (marang barang liyané manungsa),
  • 17. Duwite nyong gigal ana ing dalan = Duwitku tibo ning dalan,
  • 18. Gulung = tibo (marang manungsa),
  • 19. Ana wong gulung sekang wit krambil wingi sore = Ana wong tibo saka wit klopo wingi sore,
  • 20. Nana = ora ana,
  • 21. Longan = kolong,
  • 22. Deke = kowe,
  • 23. Rika = kowe (karo wong kang luwih tuwa),
  • 24. Ngudung = nesu,
  • 25. Mlanjar = nginep ana ing omahé wong,
  • 26. Mbadug = madang (kasar),
  • 27. Andhak?, Ndak? = mangsa sih?,
  • 28. Eram = mbanget,
  • 29. Enak eram = énak banget,
  • 30. Ugur, gur = mung,
  • 31. Ugur siji = mung siji,
  • 32. Nggedhebus = kakean omong nanging ora ana isiné,
  • 33. Pan, = arep,
  • 34. Gapan, arepan = arep,
  • 35. Nyong pan mangan = aku arep mangan,
  • 36. Mlopos = nakal lan angkuh/sombong,
  • 37. Bengel = sirahé mumet,
  • 38. Lawange dijemblang = lawange dibuka,
  • 39. Mi ongklok = manganan kas Wanasobo kang isiné mi, sayuran, lan kuahe kentel,
  • 40. Mi ongklok encen rasané énak eram, mulane deke kala-kala lunga Wanasobo ya? = Mi ongklok rasané pancen énak banget, mulakno kowe kala-kala menyang Wanasobo ya?,
  • 41. Dieng = papan wisata Pegunungan Dieng, ana ning Wanasobo pérangan lor. Akèh obyek wisata ning Dieng, ana telaga warna, candhi pendawa lima, kawah sikidang, curug, lan lia-liyané,
  • 42. Tempe kemul = tempe kang dikemuli tepung terus digoreng,
  • 43. Aja reang bae = ojo berisik/rame waé,
  • 44. Yang-yangan = pacaran,
  • 45. Yange = pacare,
  • 46. Pecicilan = usil waé kakean polah,
  • 47. Encot = pidhak,
  • 48. Diencot = dipidhak,
  • 49. Kencot = kepidhak,luwe
  • 50. Keprige/prige kabare? = kapiyé kabare?,
  • 51. Wetenge nyong kencot = wetengku kepidhak (perutku terinjak),
  • 52. Dhalu = mateng banget (marang buah2an),
  • 53. Gemadung = setengah mateng (marang buah2an),
  • 54. Iringan = latar/halaman omah,
  • 55. Gathel!/celek gathel! = omong kosong!/ngapusi!,
  • 56. Ngicik = onani,
  • 57. Mendem = keracunan,
  • 58. Mendem = kerasukan setan/roh,
  • 59. Tempe kabul = tempe gembus,
  • 60. Ciduk = gayung,
  • 61. Kemadoan = benalu,
  • 62. Lawe = umah/sarang laba2,
  • 63. Majir = mandul (marang kéwan),
  • 64. Sikah!/sika'!/celes!/celeng! = sialan!/kurang ajar!/keparat!,
  • 65. Celeng = babi hutan,
  • 66. Ngglendengi = ngrasani,
  • 67. Kokoh = kuah,
  • 68. Budhin = singkong,
  • 69. Tela = tela rambat,
  • 70. Acèh = rambutan,
  • 71. Bung = rebung,
  • 72. Kerek = sisir,
  • 73. Kerekan = sisiran,
  • 74. Lampor = mahluk alus kang nyulik wong,
  • 75. Ora sranta = (Indonésia = tidak tahan karena ingin melakukan sesuatu),
  • 76. Blumbang = panggonan/kolam kang kanggo ngingu iwak,
  • 77. Njundil = kaget nganti awake gemeteran/njumbul,
  • 78. Men = ben,
  • 79. ya men lah = yo wis ben,
  • 80. Ngguyu kepingkel-pingkel = ngguyu ngakak ngasi wetengé lara,
  • 81. Ndais! = syukurin!,
  • 82. Lambar = piring cilik/cawek,
  • 83. Cawik = cebok,cewok
  • 84. Kasut = kaos kaki,
  • 85. Ndulug = nggawani kayu gelondongan saka alas,
  • 86. Kenthir = edan,
  • 87. Wedang bubuk = wedang kopi,
  • 88. Laki = (Indonésia = bersetubuh),
  • 89. Turuk = (Indonésia = kemaluan wanita),
  • 90. Liun/lenga liun = lenga tanah,
  • 91. Gas = bènsin,
  • 92. Kemerki/kemreki = tuma pitik,
  • 93. Kaki = mbah kakung,
  • 94. Nini = mbah putri,
  • 95. Peli = (Indonésia = kemaluan priya),
  • 96. Curek = nanah kang metu saka kuping,
  • 97. Kepecirit = kepising amarga mencret,
  • 98. Dam = bendungan,
  • 99. Kokosan = sejenis duku kang rasané kecut banget,
  • 100. Ndawak = wong/bocah kang bandel, kang polahe/kelakuane usil/nakal/ugal2an,
  • 101. Klalen = lali,
  • 102. Lentreh = mlanding kang isih nom kang durung metu wijine (petai cina mudha),
  • 103. Keblacut/kebacut = dadi kulina,
  • 104. Batir = kanca,
  • 105. Dibatiri = dikancani,
  • 106. Paha = ora apa-apa. (Huruf 'h' diwaca kaya huruf hijaiyah kang urutan ke enem),
  • 107. Kayangkene paha lah = kaya kéné ora apa-apa lah,
  • 108. Kambi = karo,
  • 109. Saking = banget,
  • 110. Bocah kae saking nakale = Bocah iku nakal banget,
  • 111. Luthung = lumayan. (Biasane marang barang kang cacahé sithik),
  • 112. Eh, kae ana ing wit igin ana turahan duku. Luthung ah. = Eh, iku ning wit isih ana turahan duku. Lumayan ah.,
  • 113. Janjane, jane = sebenere,
  • 114. Ning = nanging,
  • 115. Mengene = lunga kéné,
  • 116. Mengana = lunga kana,
  • 117. Meng = lunga, menyang,
  • 118. Meh = arep,(Indonésia = nyaris)
  • 119. Nyong meh lunga ngalas = aku arep menyang alas,
  • 120. Lanjung = awake ora imbang arep tibo,
  • 121. Alueng, aluk = Luwih apik, luwih becik,
  • 122. Nyong alueng modar bae, ketimbang urip ora ana gunané = aku luwih becik mati waé, ketimbang urip ora ana gunané,
  • 123. Belik = panggonan kang digunaake kanggo adus lan ngumbahi, racaké ana ing cedhak karo kali utawa tuk,
  • 124. Kalete nyong mau diwasuh kanggo rinso karo yange nyong = Celana dalamku mau dikumbah nganggo rinso karo pacarku,
  • 125. Diwasuh = dicuci, dikumbah. 'Diwasuh' tembung dasare ya iku masuh. Masuhi= ngumbahi, nyuci,
  • 126. "Godong dondong rong tong digotong garong bencong kang ompong. Anjutan garonge mangslup umah gedong lumantar senthong keton bokonge wong wadon serong kang agi njentong". Tong=drum, bencong=banci, anjutan=terus, mangslup=mlebu, umah gedong=omah kang apik, senthong=kamar, keton=ketok, agi=lagi.,
  • 127. Endug inthug digudug njeblug = Endog entog digodog njeblog (telur mentok direbus meletus),
  • 128. Empere, mbokan = mboan, ndean =(mungkin, barangkali),
  • 129. Jambal = gado, Dijambal = digado,
  • 130. Bebeh = ogah, wegah,
  • 131. Batir = kanca, Dibatiri = dikancani, Batire = kancané,
  • 132. Mungguh = nggaya, sok.
  • 133. Kemul = selimut (blanket).
  • 134. Mulane = mulakno,
  • 135. Gage = rikat-rikat,
  • 136. Mbeleng = dekandani ora manut,
  • 137. Gelis = rikat,
  • 138. Nder! = rikat!,
  • 139. Udu = dudu,
  • 140. Luru = golèk, golet,
  • 141. Maen, maer = apik,
  • 142. Jidor = ben,
  • 143. Entong = enteng = entok = entek,
  • 144. Bonjrot = rugi, bangkrut,
  • 145. Dibenahi = disimpen,
  • 146. Agi = lagi,
  • 147. Disengi = dijak, diajak,
  • 148. Dijeki = dijak, diajak,
  • 149. Oleh = intuk,
  • 150. Jenes = kotor,teles
  • 151. Diomei, domei = diseneni,
  • 152. Gujih = cerewet,
  • 153. Jidor = ben,
  • 154. Melas = mesake,
  • 155. Diwehi, diwènèhi, dinehi = dikeki,
  • 156. Diwehna, diwenehna, dinehna = dikekke, dikekno,
  • 157. Weh-wehan = pemberian,
  • 158. Mung-mungan = barang siji-sijiné,
  • 159. Angger = yèn,
  • 160. Labuh = wiwit,
  • 161. Gak = arep,
  • 162. Nyong gak mangan ndingin = aku arep mangan disik,
  • 163. Enyong, nyong = aku,
  • 164. Encen = pancen,
  • 165. Awang-awangen = wegah, ogah,
  • 166. Nglombo, nglomboni = ngakali, ngapusi,
  • 167. Seneng = tresno,
  • 168. Kambi = karo,
  • 169. Teyeng = bisa, biso,
  • 170. Benahi = simpen,
  • 171. Ceneng = tarik,
  • 172. Kukuh = kuwat,
  • 173. Dieng = Laladan kang panggonane ana ing pagunungan. Laladan iki kerep ingaran pagunungan Dieng. Panggonane ana ing lor sakiwa-tengené 27 km saka kutha Wanasaba. Laladan iki didadèkna obyèk wisata.

Pranala njaba[besut | besut sumber]