Menyang kontèn

Dhandhangan

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa

Dhandhangan iku sawijining adicara sing dianakake ing Kabupaten Kudus, Jawa Tengah, kanggo mratandhani wiwitaning wulan pasa utawa Ramadan. Mesjid Menara Kudus adate dadi papan panggonan nganakake adicara iki.

Sajarah

[besut | besut sumber]

Miturut tradhisi, nama dhandhangan dijupuk saka swara bedug mesjid nalika ditabuh kanggo nandhani wiwitaning wulan pasa. Ing wiwitan, dhandhangan minangka tradhisi ngumpule para santri ing ngarep Mesjid Menara Kudus saben mapag wulan pasa karo nunggu wara-wara saka Sunan Kudus babagan kapan wiwitane wulan pasa. Sabanjure, prastawa iki uga digunakake wong-wong bakul kanggo dodolan ana ing sakiwa tengene mesjid lan saiki diarani ''pasar malam'' sing dianakake saben ngarepake wulan pasa.

Sing mrihatinake, ana sawetara panggedhe agama sing ora moderat ngarani tradhisi iki bidaah. Ing satemene anane agama Islam ing tlatah iki ora bisa dipisahake karo masarakat Kudus mulane tradhisi iki tetep dianakake tekan seprene. Tradhisi iki dianakake minangka tandha panuwun sokur awit wulan suci ramadan teka lan iki dadi sarananing masarakat bisa sesrawungan kanthi rukun lan dadi jejering warga.[1]

Rujukan

[besut | besut sumber]
  1. ↑ Friyadi, Arif; Abdillah, Aufa (2023-07-31). "Dandangan: Tradisi Menyambut Bulan Ramadan Masyarakat Kudus dalam Perspektif Hadis dan Psikologi". Jasna. Vol. 3 No. 2 (2023): 1. {{cite journal}}: |volume= has extra text (pitulung)