Menyang kontèn

Dewi Jinggawati

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa

Dewi Jinggawati iku garwane Adipati Bandar Subali ing Kadipaten Grathi. Wujude putri sulistya ing warna. Branyak pasemone, setya bekti marang garwa. Tokoh iki mung tinemu ing wayang krucil lakon Kebo Marcuet.

Awit saking pintere Adipati Bandar Subali anggone mranata kadipaten sarta kawulane, Grathi dadi kadipaten sing makmur. Murah sandhang, murah pangan. Temahan tuwuh niyate Adipati Bandar Subali nedya balela ( bangkang marang prentah, ngraman) marang Kraton Majapait.

Dewi Jinggawati tansah asung pemut, supaya Sang Adipati tetep sowan ing Majapait saben taune, asok bulubekti sarta glondhong pangareng-areng. Nanging, Adipati Bandar Subali ora maelu (nggatekake marang) ature garwane. Kacarita wus telung taun anggone ora sowan ing Majapait.

Geger Grathi lan Gugure Adipati Bandar Subali

[besut | besut sumber]

Sawijining dina, ana utusan saka Majapait. Nakyinake (mriksa) lan njaluk katrangan, apa sababe wis telung taun Adipati Bandar Subali ora sowan ing Kraton Majapait. Utusan mau asmane Adipati Ragajampi (adipati Lumajang).

Adipati Grathi asung wangsulan yen pancen wis diniyati arep balela marang Majapait. Sulayaning rembug, dadi perang tandhing antarane Adipati Ragajampi mungsuh Adipati Bandar Subali. Kekarone padha digdayane. Nanging suwening suwe, Adipati Ragajampi kuwalahan, wasana gugur ing paprangan. Para prajurit pandhereke Adipati Ragajampi bubar mawut, bali ing Majapait.

Sabanjure, Prabu Brawijaya paring dhawuh marang Patih Maudara supaya golek jago, kanggo nyirep balelane Adipati Bandar Subali.

Patih Maudara entuk jago, wujude manungsa endhase kebo, aran Kebo Marcuet.

"Adipati Grathi Bandar Subali dakpatenane. Aku nglurug perang ing Grathi, ora prelu gawa bala. Cukup aku dhewe," kandhane Kebo Marcuet.

Tekan Kadipaten Grathi, Kebo Marcuet gawe geger. Kabeh prajurit Grathi ora ana sing bisa ngalahake. Sang Adipati banjur nandhingi. Tarunge rame banget. Awake Kebo Marcuet ora tedhas ditamani landheping gegaman. Wasana Adipati Bandar Subali kena sundhang (ketaman sungu) lambunge. Sanalika ambruk datan bisa glawat (tumandang apa-apa). Para prajurit Grathi gage ngrubut Kebo Marcuet, prajurit liyane gotong Adipati Bandar Subali menyang tamansari Kadipaten Grathi. Wasana Adipati Bandar Subali seda ing pangkone garwane.

Disenengi Kebo Marcuet

[besut | besut sumber]

Sigra katungka praptane Kebo Marcuet. Weruh wujude Dewi Jinggawati, manungsa endhas kebo iku sanalika kayungyun (kasengsem, kedanan, kepencut). Dewi Jinggawati dilamar. Sang Dewi saguh dadi bojone, nanging nyuwun digolekake degan krambil ijo luwih dhisik.

" Nek mung degan kambil ijo wae, gampang. Dakgolekake. Nanging kowe aja nglungani lho," ucape Kebo Marcuet.

" Ora. Apa ya kowe kuwi isih kurang percaya marang aku? Wong meteng gedhe kaya ngene iki, ora bisa mlayu. Kanggo mlaku wae kangelan, apa maneh kanggo mlayu."

Kebo Marcuet banjur budhal golek degan krambil ijo. Dewi Jinggawati gage ninggalake tamansari Grathi.