Menyang kontèn

Dawang-dawang

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa

Dawang-dawang iku sajinis karo Barong Bali kang dianggep kramat awujud buta nggawa parang. Dawang-dawang akèh ditemokaké ing Buleleng lan Tabanan.[1] Dawang-dawang iki ana pirang-pirang fungsi yaiku fungsi religius, estetis, lan sosial. Fungsi religius kuwi dadi sarana kanggo nuduhake dalan kapitayan para warga nganti entuk papaning suwarga. Fungsi estetis kuwi Dawang-dawang dadi sarana hiburan dening para warga ing Bali. Lan fungsi sosial kuwi dadi sarana sodakoh dening para warga ana ing Bali.[2]

Rujukan

[besut | besut sumber]
  1. Shadily, Hassan (1984). ENSIKLOPEDI TARI INDONESIA (SERI I). Jakarta: DEPARTEMEN PENDIDIKAN DAN KEBUDAYAAN PROYEK INVENTARISASI DAN DOKUMENTASI KEBUDAYAAN DAERAH. kc. 186.
  2. Budiadnyana, Ari (2025-10-04). "Tradhisi Dawang-Dawang nalika Ngaben ing Buleleng, kados Ondel-Ondel". bali.idntimes.com. Dibukak ing 2025-11-20.