Menyang kontèn

Dawa

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa

Dawa yaiku ukurané let. Sajeroné Tata Gunggung Nagarantara (sistem besaran internasional) , dawa yaiku gunggungan (besaran) kanthi parimana (dimensi) fisik arupa let. Ing manéka tata pangukuran ékan dhasar dijupuk siji èkan dhasar kanggo dawa, banjur digawé turunané saka kono. Ing Tata Ékan Nagarantara (SI), ékan dhasar kanggo dawa yaiku meter.[1]

Dawan umumé dimangerteni minangka parimana sing dawa dhéwé ing sawijiné barang.[1] Nanging, bab iki ora mesthi amarga gumantung kepriyé barang kasebut mapan.

Maneka tetembungan kanggo medhar dawané barang uga akèh digunakaké, tuladhané dhuwur, yaiku dawané barang menyang ndhuwur. Uga ana amba (width), jembar (breadth) lan jejero (depth). Dhuwur digunakaké nalika ana ancer-ancer ngisor kanggo ngukur dhuwuré barang. Amba lan jembar umumé kanggo ukuran parimana luwih cendhek katandhing dawa. Jejero digunakaké kanggo ngukur parimana katelu (dimensi ketiga).[2]

Dawa minangka ukuran kanggo barang sing ndarbé siji parimana. Déné bana kanggo barang rong parimana (dawa kwadrat) lan mèsi kanggo barang telung parimana (dawa kubik).

  1. 1 2 "Length". WordNet. Diarsip saka sing asli ing 25 September 2016. Dibukak ing 15 March 2020.
  2. "Measurement: Length, width, height, depth". Think Math!. Diarsip saka sing asli ing 24 February 2020. Dibukak ing 15 March 2020.