Menyang kontèn

Dalem Limasan Mijasastran

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa

Dalem Limasan Mijasastran ( basa Jawa: ꦢꦊꦩ꧀ꦭꦶꦩꦱ꧀ꦱꦤ꧀ꦩꦶꦗꦱꦱ꧀ꦠꦿꦤ꧀; basa Indonésia: Rumah Limasan Mijosastran ) ana ing Dusun Pundong II, Desa Tirtoadi, Mlati, Sléman. Wêwangunan iku wis ana wiwit ing jaman penjajahan Walanda.

Ndalem Limasan Mijasastran

Wêwangunan iku resmi diwenehakè status wangunan cagar budaya lan ana ing SK Bupati Sléman No: 14.7/Kep.KDH/A/2017. Surat Keputusan Bupati Sléman iki tanggal 6 Februari 2017. Ing 1 Dhesember 2015, winasis warih olèh piagam penghargaan saka Gubernur D.I.Yogyakarta, Sri Sulthan Hamengku Buwono X, No. 136/PG/2015 dadi pelestari warisan budaya. Wêwangunan iku awujud Limasan papat sirah. Perangan wangunan yaiku omah pokok, gandhok, pringgitan saha pawon, sumur lan kulah. Ndalem Limasan Mijasastran ngadêg ana ing dhuwur lêmah sing ambane 31 meter pasagi, dawane 64 meter pasagi. Wangunan Limasan iku ambane 26 meter pasagi lan dawane 34 meter pasagi. Omah iku kagawe saka kayu jati lan perangan ngarêpe ketutup dening anyaman pring. Papanggonane ana ing tengah-tengah desa. Plataran ing ngarep wangunan katon jêmbar lan ana pager saka bata warna pethak. Ing tembok sakulone lawang mlebu, ngetrap spanduk kaserat "Cagar Budaya Rumah Tradisional Limasan Ndalem Mijosastran". (ing basa Indonesia)

Omah iki tau digunakakè dadi markas wadya Indonesia lan gudhang logistik. Wangunan iki uga tau diobong dening wadya Walanda amarga dingêrtèni mata-mata saka Walanda. Tanggal 22 Oktober 1959, omah iku diwangun manèh dening Mijasastra, bapak saka R. Widagdo, kang uga anggota wadya Indonesia.[1]

Kaancêm Pangaděgan Dalan Tol Ngayogyakarta-Bawen

[besut | besut sumber]

Ndalem Limasan Mijasastran kaancêm kena pangadêgan dalan Tol Ngayogyakarta-Bawen, Widagdo langsung lapor mênyang Dinas Kabudayan Kabupaten Sléman uga Dinas Pertanahan lan Tata Ruwang D.I.Yogyakarta.

Kaluwarga kabotan bangêt mênawa Ndalem Mijasastran kena pangadêgan jalur tol amarga wis cêtha ing jêro Undang-Undang Nomor 11 Taun 2010. Widagdo ora nolak proyek statregis nasional dalan tol, nanging aja nganti pangadêgan ora mikirakè pelestarian wangunan cagar budaya.

Sawetara iku, PPK Pelaksana Pangaděgan Dalan Tol Ngayogyakarta-Bawen, Heru Budi, sanjang terkait cagar budaya Ndalem Limasan Mijasastran bakal têtêp dilestarikakè. Wêwangunan iku bakal digeser lan têtêp dadi wangunan cagar budaya sebab wangunane kagawe saka kayu lan sistem kontruksine knock down.[2]

R. Widagdo sanjang saliyane sacacah omah kang ngalami kerusakan, Ndalem Limasan Mijasastran uga ngalami bab kang padha. Tembok akèh kang bênthèt amarga proyek kang nglibatakè piranti backhoe, storm, lan urugan sing bisa nimbulakè anane kêdhêr. Saliyane bab tembok kang padha bênthèt, ana babagan liya yaiku menawa udan, lêmah bakal ana genangan banyu sing bisa mlebu ana ing pekarangane warga sing bisa nggawe banyu dadi buthêk.[3]

Ndalem Limasan Mijasastran kang kena dampak dalan Tol Ngayogyakarta-Bawen durung ana relokasi. Nanging proses panundhungan kanggo pangadêgan tol ana ing areyan sakubênge wis ditindakakè. Widagdo Marjoyo duweni pangarep, proses relokasi bisa ditindakakè kanthi cepet. Amarga Widagdo wis kooperatif lan kabukak kanggo njalani sawetara proses pengadaan lêmah.[4]

Direktur Utama PT Jasa Marga Ngayogyakarta-Bawen, Dwi Winarsa (Sléman, 25 Oktober 2023), nyebutakè menawa pangěntasan lahan kanggo Tol Ngayogyakarta-Bawen tekan wektu iki wis nggayuh 80,15 persen.[5]

Rujukan

[besut | besut sumber]
  1. Wawan, Jauh Hari. "Sejarah di Balik Rumah Limasan yang Terdampak Tol Yogya-Bawen". detikfinance (ing basa Indonesia). Dibukak ing 2025-06-20.[pranala mati permanèn]
  2. Kusuma, Wijaya. "Markas Tentara Indonesia pada Masa Perjuangan Kemerdekaan Terancam Proyek Tol". kompas.com. Dibukak ing 2025-06-20.
  3. Yanuar, Christian. "Akibat Pembangunan Tol, Dinding Cagar Budaya Ndalem Mijosastran Retak". sorotsleman.com. Dibukak ing 2025-06-20.[pranala mati permanèn]
  4. "BCB Ndalem Mijosastran Belum Direlokasi". radarjogja.jawapos.com. Dibukak ing 2025-06-20.
  5. Hasanudin, Ujang. "Pembebasan Lahan Tol Jogja-Bawen Capai 80,15 Persen". harian jogja. Dibukak ing 2025-06-20.