Menyang kontèn

Dalem Ismuhardjono

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa

Dalem Joglo Ismuhardjono (Carakan: ꦢꦊꦩ꧀ꦲꦶꦱ꧀ꦩꦸꦲꦂꦗꦤ) iku salah sawijining wangunan cagar budaya ing Kabupaten Sléman, Daérah Istiméwa Ngayogyakarta. Dalem iki mapan ing Désa Sumberagung, Kapanéwon Mayudan, Kabupatèn Sléman. Omah iki tau dipigunakaké minangka markas Tentara Keamanan Rakyat (TKR) nalika Agresi Militer Belanda II. Ing mangsa sadurungé, yaiku nalika jaman kolonial, omah iki minangka kantor Kalurahan Pucanganom.[1]

Omah iki wujudé wangunan mawa arsitèktur Jawa lan ngadhep mangidul. Wangunané kadadèn saka kuncungan payon kampung, pendhapa payon joglo sinom, pringgitan payon limasan, dalem payon joglo sinom, gandhok payon kampung, lan pawon payon kampung.[1]

Rujukan

[besut | besut sumber]
  1. 1 2 "JOGJACAGAR | Sistem Informasi Cagar Budaya". jogjacagar.jogjaprov.go.id. Dibukak ing 2025-09-08.