Menyang kontèn

Dalem Hersat Wahyutama

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Dalem Hersat Wahyutama (2)

Dalem Hersat Wahyutama (Carakan: ꦢꦊꦩ꧀ꦲꦺꦂꦱꦠ꧀ꦮꦃ​ꦪꦸꦠꦩ; cara Indonésia: Rumah Hersat Wahyutama) yaiku salah sijining wangunan ingkang kalebu cagar budaya. Wangunan iki mapan ana ing Jalan Solo Km 13, RT 01/RW 01 Padukuhan Glondong, Kalurahan Tirtomartani, Kapanéwon Kalasan, Sléman, Daerah Istimewa Yogyakarta. Dalem iki kagungane keluarga RS Martoprawignyo (Bapa saking Bapak Hersat Wahyutama). Papan iki strategis banget amarga ana ing pinggir dalan gedhe sing dadi wates kutha Yogyakarta karo kutha Solo, sanadyan rada njorok mlebu saka dalan gedhe nanging tetep gampil dipunakses. Lingkungan sawentawis isih dililingi dening permukiman warga lan mapinten-pinten lahan pertanian, sing dadi cerminan sipat padhusunan ingkang asri ing pinggiran kutha yogyakarta. [1].

Kahanan Wewangunan

[besut | besut sumber]

Wangunan iki nduweni gaya arsitektur indis karo jendhéla lan lawang kang dhuwur uga plester watu kali ing perangan jaba wewangunan sisih ngisor. Perangan wewangunan isih mligi, kajaba perangan genteng kang wis diganti, uga lawang lan jendhela ing latar ngarep lan mburi, sarta pengecatan wangunan. Jogan wangunan isih migunakake tegel, gevel ing perangan ngarep sarta plafon kayu kang kandel lan katon kukuh.[2] Ya iku ciri kas gagrak indis. ciri-ciri sing ketok banget ing wangunan iki watara liya: wangunane dhuwur, jendhela lan lawang ukuran dawa lan gedhe, jinising godhong jendhela rangkep yaiku perangan godhong jendhela perangan jero saka kaca lan godhong lawang jaba saka kayu modhel krepyak, lan langit-langit dhuwur. Jogan wangunan saka tegel abu-abu ukuran 20 cm x 20 cm, plafon saka papan kayu kang dianggit pating jejer. Saliyane iku wangunan iki uga nyontho wewangunan tradhisional gagrak Jawa yaiku anane rete-rete.[1]

Masiya wis akèh pérangan wangunan kang diowahi, nanging tetep njaga kayata gendheng sing diganti, cacah lawang ditambah lan jendela neng latar ngarep uga mburi, sarta warna wangunan, pérangan wangunan liyané isih di uri uri.

Sujarah

[besut | besut sumber]

Wiwit saka wangunan digawe (sawatara 1930-an): diwangun ing masa penjajahan hindhia walanda, dadi pratandha perkembangan permukiman ing jaba Kutha Yogyakarta ing era kasebut. Periode thu kek (pra-1940-an): diduweni déning salah diji tiyang saka nagara Cina, nuduhaké anané komunitas ètnis Tionghoa ing laladan kasebut lan peran dheweke kabeh jero perkembangan ekonomi lan sosial.

Periode rs martoprawignyo (1950-an): kepemilikan pindhah menyang kulawarga pribumi, dadi pratandha owah-owahan sosial-politik pasca-kemerdekaan indonesia. Saka kene, omah iki dadi panggonan kulawarga bapak hersat wahyutama.

Saka taun1960-an nganti 1994 ana loro guna wangunan iki : saliyane dadi papan manggon, perangan ngareping omah digunakake kanggo kagiyatan komersial lan sosial. Iki nuduhake adhaptasi wangunan karo kabutuhan masarakat lan sing nduweni wangunan .

PKPN (perusahaan kayu perhutanan nasiyonal -1960-an): perusahaan iki uga tau ndadekake dalem puniki dadi kantor.

Bank kosgoro (1970-an): Wangunan iki uga tau didadekake bank, sing dadi pratandha menawa lokasi lan wangunane dianggep jumbuh kanggo kagiyatan perbankan.

Kantor praktek dhokter (nganti 1994): iki nduduhake wangunan bisa dinggo kanggo maneka kabutuhan sawetara fungsi profesional[3]

Entuk Penghargaan

[besut | besut sumber]

Wangunan iki entuk penghargaan lan pemugaran (2005 & 2015): paweweh penghargaan marang sing nduweni/pengelola ing taun 2005 yaiku pengakuan tandha jasa minangka nguri-uri kang ditindakake dening kulawarga hersat wahyutama.

Pemugaran dening dinas kabudayan lan pariwisata kabupaten Sleman ing taun 2015 sing dadekake wangunan iki minangka cagar budaya kang wigati lan prelune pangopenan, kanggo njaga lestarine wangunan iki. [1]


Wangunan iki ngemot mapinten-pinten bab sing njalari dadi wangunan cagar budaya yaiku :

Bab sujarah: yasan iki dadi saksi bisu perkembangan arsitektur, sosial, lan ekonomi ing yogyakarta saka era kolonial nganti kamardikan. biji arsitektur: ya iku tuladha langka lan kopen karo becik saka arsitektur indis, kang ya iku perangan integral saka sajarah arsitektur indonesia.

Bab pendhidhikan : bisa dadi pawiyatan kanggo mahasiswa arsitektur, sajarah, lan pelestarian budaya kanggo ngerteni luwih jero ngenani gaya wangunan lan kauripan masa kapungkur.

Potensi wisata budaya: sanadyan wektu iki wangunan iki durung dadi destinasi wisata sing misuwur, yen pengelolaane pener, dalem hersat wahyutama duwe potensi dadi daya tarik wisata budaya kang nawakake pengalaman unik ngenani arsitektur lan sajarah lokal. Dalem hersat wahyutama yaiku bukti nyata kepriye siji wangunan ora mung sekadar struktur fisik, nanging uga entitas kang ngemot carita, piwulang, lan perjalanan wayah kang berharga nggo setunggaling kaluwarga. Pelestariane uga dadi tanggung jawab bareng kanggo mesthekake warisan iki tetep lestari nggo generasi sakbare.

Rujukan

[besut | besut sumber]
  1. 1 2 3 "JOGJACAGAR | Sistem Informasi Cagar Budaya". jogjacagar.jogjaprov.go.id. Dibukak ing 2025-05-27.
  2. "Dinas Kebudayaan (Kundha Kabudayan) Kabupaten Sleman". kebudayaan.slemankab.go.id (ing basa Inggris). Diarsip saka sing asli ing 2024-11-25. Dibukak ing 2025-06-08.
  3. "Data Kebudayaan Kemendikdasmen". referensi.data.kemdikbud.go.id. Dibukak ing 2025-06-08.