Cucak kuning

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Cucak kuning
Barkas:Pyc melan 060617 2020082 jbti ed resize.jpg
Cucak kuning,
dari Kuningan, Jawa Barat
Klasifikasi ngèlmiah
Karajan: Animalia
Filum: Chordata
Klas: Aves
Ordho: Passeriformes
Famili: Pycnonotidae
Génus: Pycnonotus
Spésies: P. melanicterus
Jeneng binomial
Pycnonotus melanicterus
(Gmelin, 1789)

Cucak kuning (Pycnonotus melanicterus) ya iku jeneng sajinis manuk ocèhan saka suku Pycnonotidae. manuk iki uga dikenal umum minangka kutilang emas, pecampeor (Sd.) utawa tempuruk kunyit (Mly.). jeneng ngèlmiahé ya iku Pycnonotus melanicterus (Gmelin, 1789). Sawentara sajroné basa Inggris karan Black-crested Bulbul, ngrujuk marang jambulé kang ireng. Cacahé cucak kuning dingertèni saya sithik.[1]

Taksonomi[besut | besut sumber]

Sepèsiyès iki duwé ras kang tenggorokané abang dispar kang kasebar ing Sumatra, Jawa, lan Bali. Nanging, ras Kalimantan kang tenggorokane kuning, montis kasebar ing Kalimantan. Pira-pira nimpuna manuk mérang wujud tenggorokan abang kanthi kapisah minangka sepèsiyès dhéwé cucak dlima (Pycnonotus dispar), wondéné tenggorokan kuning minangka Pycnonotus montis.[2]

Dhèskripsi[besut | besut sumber]

Cucak kuning, saka Fraser Hill, Malaysia
Kicauan cucak kuning, April 2006

Ana masalah nalika muter barkas iki? Waca pitulung médhiya.

Manuk iki ukurané sedheng, rada cilik lan ramping (18 cm). Sisih awak ndhuwuré warnané ijo jaétun, sisih ngisor warnané kuning. Endhas warnané ireng, kanthi warna abang ing tenggorokan (kajaba ras Kalimantan kang warnané kuning). Cucuk lan sikilé ireng.[3] Irisé warnané rada abang utawa putih.[4]

Sebaran lan dunungé[besut | besut sumber]

Cucak kuning nyebar ing India, Cina pérangan kidul, Asia Kidul-wétan, Sumatra, Kalimantan, lan Jawa.[4] Lumrahé, ing Sumatra tinemu ing dataran endhèk lan pabukitan nganti ing 1.200 m. Ing Jawa, lumrahé tinemu ing pérangan kulon lan kidul, ing alas dataran endhèk nganti 1.500 mèter. Ing Kalimantan, dhèwèké luwih umum tinemu ing gunung-gunung, kaya ta Gunung Kinabalu, Kayan Hulu, nganti Liang Kubung.[3] Ocèhané apik banget,[5] ribut, lan banter, “hii-tii-hii-tii-wiit” kanthi nada pungkasan mudhun.[2] manuk iki diintrodhuksi marang Singapura.[1]

Solah[besut | besut sumber]

Rada isinan, seneng ing rerungkudan lan wit-witan dhuwur ing pinggir alas lan alas sèkundhèr. Kadhang-kadhang mangan gegremet, nanging racaké seneng nggolèk woh-wohan. Ngedegaké jambul nalika jèngkèl.[2]

Susuh cucak kuning dilapuraké gedhé, wujudé kaya cawan rapi[6] kang legok lan ana ing pucuké tunggul wit kang cilik utawa ing pang wit, digawé suket kakraketaké ing garagati. Endhogé loro lan warnané putih rada abang, kaya warna lemah lan pating trutul.[7] Cucak kuning kawin ing wulan Agustus.[6] Ing conto susuh liyané, dingertèni yèn susuhé uga digawé saka godhong kang wis garing lan ing ngisoré susuh digawé saka bogol godhong.[7]

Kaprelon lan sajroné kabudayan[besut | besut sumber]

Kuthilang emas bisa didadèkaké manuk master kang favorit kanggo murai batu. Ocèhané kang éndah lan rada monoton ndadèkaké dhèwèké bisa ditiru murai batu. Anata suwara kang dimaksud ya iku suwara kristal lan tembakan-tembakan. Ing habitat asli, cucak kuning iki ya iku salah-siji manuk kang seneng ngoceh lan bisa ngrangsang murai batu ngocèh.[8]

Émané, manuk iki amung didadèkaké rerenggan omah. Anata Jawa Kulon lan Jakarta wis langka lomba cucak-cucakan utawa kethilang. Saliyané iku, manuk iki uga kurang diminati. Mangka saka iku, regané ora bisa apik kaya manuk liyané.[5]

Cathetan sikil[besut | besut sumber]

  1. a b c Butchart, S. & Symes, A. (2012). "Pycnonotus melanicterus". IUCN Red List of Threatened Species. Version 2012.2. International Union for Conservation of Nature. Dibukak ing 13 December 2012.{{cite web}}: CS1 maint: uses authors parameter (link)
  2. a b c "Cucak Kuning". Kutilang Indonesia. 26 Novèmber 2011.[pranala mati permanèn](Kaunduh 13/12/12)
  3. a b Hermawan 2012, kc. 128.
  4. a b "Pycnonotus melanicterus". FOBI. {{cite web}}: Text "Kaunduh 13/12/2012" ignored (pitulung)[pranala mati permanèn]
  5. a b Hermawan 2012, kc. 129.
  6. a b "Cucak kuning". Semarang Bird Web. Diarsip saka sing asli ing 2013-11-29. Dibukak ing 2012-12-20.(Kaunduh 20/12/12)
  7. a b Hume 1889, kc. 189.
  8. Hermawan 2012, kc. 127–128.

Bacaan[besut | besut sumber]

Bacaan lanjutan[besut | besut sumber]

  • King, B., M. Woodcock, and E.C. Dickinson. 1975. A Field Guide to The Birds of South-East Asia. Collins. London. ISBN 0-00-219206-3
  • MacKinnon, J. 1993. Panduan lapangan pengenalan Burung-burung di Jawa dan Bali. Gadjah Mada University Press. Jogyakarta. ISBN 979-420-150-2
  • MacKinnon, J., K. Phillipps, and B. van Balen. 2000. Burung-burung di Sumatera, Jawa, Bali dan Kalimantan. LIPI dan BirdLife IP. Bogor. ISBN 979-579-013-7

Pranala njaba[besut | besut sumber]