Menyang kontèn

Crita kayal

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Gegambaran "The Whirlwind Seizes the Wreath" ateges "Angin Topan Ngrebut Reroncen Kembang" (saka crita "The Fairy Aurora")

Crita kayal utawa fantasi yaiku sawijiné lagak crita rekan dadalih (fiksi spekulatif) sing mawa bebakal adikodrati (supernatural) utawa kasektèn. Asringé uga nuduhaké jagad rekan lan makluk gugon tuhon.[1] [2]

Punjeré lagak ini iki ana ing sastra-sastra kayal lan drama. Wiwit abad rong puluh lan saterusé, lagak iki ngrembaka lumebu ing manéka médhia, kaya ing filem, télévisi, novel gambar, komik Jepang, animasi, lan gim vidéo.

Tetembungan sastra fantastis asring digunakaké kanggo lagak iki dening para pangritik sastra basa Inggris. [3] [4] [5] [6]

Crita kayal ketara séjé karo crita rekan èlmiah lan wewedi (horor) amarga ora piguna underan èlmiah utawa barang-barang medeni, sanajan bebakal iki bisa isih ana ing crita kayal. Ing kabudayan kondhang (pop culture), lagak kayal umumé nampilake latar sing nggambaraké Bumi sing nyata, nanging mawa rasa "Bumi nanging Bumi liya". [7]

Réferènsi

[besut | besut sumber]
  1. "Fantasy". The Free Dictionary. Dibukak ing 2023-05-03.
  2. "Definition of FANTASY". www.merriam-webster.com (ing basa Inggris). 3 September 2024. Dibukak ing 4 September 2024.
  3. Rabkin, Eric (1975). The Fantastic in Literature. Princeton: Princeton University Press.
  4. Jackson, Rosemary (1981). Fantasy: The Literature of Subversion. London: Methuen.
  5. Armitt, Lucy (1996). Theorising the Fantastic. London: Arnold.
  6. Sandner, David (2004). Fantastic Literature: A Critical Reader. Westport: CT: Praeger.
  7. Saricks, Joyce G. (2001). The readers' advisory guide to genre fiction. American Library Association. kc. 36–60. ISBN 0-8389-0803-9. OCLC 46769544.