Menyang kontèn

Corak Bathik Sekar Jagad

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Corak Bathik Sekar Jagad
Kain Bathik Sekar Jagad, Bathik Tiga Negeri-Lasem
corak sekar jagad kang dibathik ing Bathik Telung Negari
NagaraIndhonésia
KawasanCentral Java

Corak Bathik Sekar Jagad (carakan: ꦕꦺꦴꦫꦏ꧀ꦧꦛꦶꦏ꧀ꦱꦼꦏꦂꦗꦒꦢ꧀) yaiku salah sawijiné corak bathik klasik (kratonan) kang asalé saka vorstenlanden (bumi raja-raja), Surakarta lan Ngayogyakarta.[1]

Sujarah

[besut | besut sumber]

Kaduga corak bathik iki wis wujud ing taun 1700 utawa 1800an Masèhi ing jaman Mataram Islam.[2] Corak bathik iki kasusun saka gabungan utawa kumpulan corak-corak bathik kang manéka rupa, saben corak winatesan kanthi garis non gèomètris lan yèn dideleng saka adoh kaya pulo-pulo kang padha rumaket dadi siji.[3]

Ana sapérangan sumber kang njlèntrèhaké arané sekar jagad saka gabungan tembung "kaart" saka basa Walanda ateges peta lan jagad tamtu saka basa Jawa ateges donya, dadi sekar jagad bisa ateges corak kang nuduhaké peta donya.[4][5]

Corak sekar jagad wiwitané pancèn saka laladan Surakarta lan Nagyogyakarta, ananging saiki corak iki wis sumebar menyang saindenging Pulo Jawa: wiwit saka Kebumen, Tulungagung, Prabalingga, Lasem, nganti Pamekasan ing Pulo Madura, lan Pulo Bali uga bisa ditemokaké.[5]

Miturut ètimologis "sekar jagad" yaiku gabungan saka rong tembung: sekar lan jagad; sekar ateges bebarang kang éndah lan jagad ateges donya utawa apa kang ana ing urip. Mula sekar jagad bisa diarani apa-apa baé kang bisa gegawé éndahing donya, hamemayu hayuning buwana.[6] Nuduhaké larasing manungsa marang ngalam lan pratandha agunging Gusti Ingkang Kawasa lumantar cecipta-Ning kabèh ing donya.[6]

Corak bathik sekar jagad iki ngemu surasa kaéndahan, ayu, saéngga sapa baé kang nganggo kain corak sekar jagad iki bisa sumunar cahyané lan katon éndah pribadhiné. Ing sajeroné corak iki ana manéka wujud kang ana ing alam donya kayata kéwan, tetuwuhan, kahanan bumi, kosmos akasa, lan sapituruté.[7] Kaya déné saben corak kang disusun lan digabungaké ing sajeroné corak sekar jagad, kabèh kekarepan lan tetegsan apik ing corak-corak iku uga katut dadi manunggal ing corak iki.[8] Corak-coprak klasik kang lumrahé dinggo ing sajeroné corak sekar jagad iki yaiku kawung, lèrèng, truntum, kekéwanan, lan tetuwuhan.[3]

Jalaran ana reragam corak kang manunggal ing sajeroné corak sekar jagad iki, corak iki uga bisa dimaknani minangka pralambang manéka ragamé manungsa kang bisa disawijikaké manunggal ing masarakat, bangsa, lan nagara.[2]

Rujukan

[besut | besut sumber]
  1. admin (2023-02-11). "Sejarah Batik Sekar Jagad Jogja | Batik Salma". Batik Salma | Pusat Batik Tradisional & Batik Modern Trusmi (ing basa Indonesia). Dibukak ing 2026-01-13.
  2. 1 2 Redaksi (2021-05-26). "Batik Sekar Jagad, Simbol Keberagaman dalam Sebuah Keindahan". KAGAMA (ing basa Indonesia). Dibukak ing 2026-01-13.
  3. 1 2 "[Javanologi Explore] Batik Jawa: Batik Sekar Jagad | PUI JAVANOLOGI" (ing basa Indonesia). Dibukak ing 2026-01-14.
  4. "Mengenal Motif Batik Sekar Jagad dan Makna Simbol Keindahannya | Hamzah Batik Jogja". Hamzah Batik (ing basa Inggris). Dibukak ing 2026-01-13.
  5. 1 2 Kain, Bahan (2022-03-08). "Sejarah, Filosofi Dan Makna Dibalik Keindahan Motif Batik Sekar Jagad". www.bahankain.com (ing basa Inggris). Dibukak ing 2026-01-14.
  6. 1 2 Harahap, Salamah (2025-09-21). "Keindahan Batik Sekar Jagad, Motif Legendaris dengan Makna Mendalam". Goodnewsfromindonesia.id. Dibukak ing 2026-01-14.
  7. "Jual Motif Batik Sekar Jagad - Murah / Langsung Jahit". THEBATIK.CO.ID (ing basa Indonesia). Dibukak ing 2026-01-13.
  8. Redaksi (2021-05-26). "Batik Sekar Jagad, Simbol Keberagaman dalam Sebuah Keindahan". KAGAMA (ing basa Indonesia). Dibukak ing 2026-01-13.