Menyang kontèn

Citra riptayasan komputer

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Morphogenetic Creations, pameran kagunan digital riptayasan komputer dening Andy Lomas ing Watermans Arts Center, London kulon, ing 2016

Citra riptayasan komputer (Computer-generated imagery/CGI) yaiku citra kang kariptayasa (generated) dening komputer. Pitembungan iki minangka teknologi mirunggan utawa panerapaning komputer grafis kanggo ngripta utawa mrayoga citra ing babagan kagunan, medhia cithak, simulator, video, uga padolanan video. Citra iki bisa awujud citra ajeg (still image) utawa citra mobah (moving image). CGI bisa ngrujuk marang komputer grafis 2D utawa 3D. Nanging saprene luwih racak kanggo aran komputer grafis 3D ing babagan parancangan paraga (character design), buwana virtual, uga efek visual kanggo film, acara tipi, pariwara, lsp. Pigunaning CGI kanggo ngripta/mrayoga animasi karan animasi komputer (utawa animasi CGI).