Cibulan

Saka Wikipédia, bauwarna bébas basa Jawa
Kolam ing Pemandian Cibulan

Cibulan punika satunggaling objèk wisata ingkang awujud pemandian kanthi toya ingkang adhem ing wewengkon lèrèng Gunung Ciremai, Kabupatèn Kuningan, Jawa Kulon[1]. Papan pariwisata punika kalebet satunggaling papan pariwisata paling tua ing Kuningan [2]. Objèk wisata punika resmi ing tanggal 27 Agustus 1939 déning Bupati Kuningan kala punika, ya iku R.A.A. Mohamand Achmad [2]. Minangka cathetan objek wisata sanès ingkang wonten ing Kuningan inggih punika Kolam Linggarjati ing komplèks Taman Linggarjati Indah, Kacamatan Cilimus ; Kolam Cigugur ing Kacamatan Cigugur; lan Kolam Darma Loka ing Kacamatan Darma.

Sejarah[besut | besut sumber]

Miturut cariyos ingkang wonten ing kalangan masarakat Désa Maniskidul lan masarakat Kuningan, ulam déwa ingkang wonten ing kolam Cibulan punika rumiyinipun prajurit-prajurit ingkang boten setya kalihan pamaréntahan Prabu Siliwangi [3]. Lajeng prajurit kasebut dipuntumak déning Prabu Siliwangi saéngga dados ulam. Wonten mitos malih bilih ulam ingkang wonten ing kolam punika saking rumiyin dumugi sapunika boten kirang lan boten nambah dados ajeg mekaten kemawon. Menawi kolam dipunkuras, ulam-ulam punika ical boten ngertos dhateng pundi, anaging menawi kolam sampun dipunisi toya banjur kondur malih kados mula buka.

Kawontenan Kolam[besut | besut sumber]

Ing objek wisata Cibulan punika wonten kalih kolam ageng awujud persegi panjang. Kolam ingkang kapisan gadhah ukuran 35x15 meter persegi kanthi jero kirang langkung 2 meter. Déné kolam ingkang kaping kalih punika kanthi ukuran 45x15 meter persegi ingkang kapérang dados kalih bagéyan. Bagéyan kapisan punika kanthi jero 60 cm dene ingkang angka kalih punika kanthi jero 120 cm. Kalih kolam punika asring dipunkuras saben kalih minggu sepisan, saged ugi langkung gumantung kawontenan toyanipun.

Saben kolam ing Cibulan punika wonten puluhan ulam kanthi werni abu-abu radi ireng ingkang dipunwastani kancra bodas (Labeobarbus Dournesis) utawi iwak dewa (Cyprinus carpico) [2]. Ukuranipun manéka warni wiwit saking 20-an cm dumugi satunggal meter. Ulam dewa punika dipunanggep keramat déning warga ing sekitar wewengkon Désa Maniskidul amargi dipunpitadosi gadhah kaistimewaan tartamtu. Senajan kathah ulam kancra bodas lan ulam dewa, kolam-kolam ing Cibulan kabikak minangka kolam kanggé pemandian umum.

Ing sisih kulon pemandian punika wonten pitu sumber mata air ingkang keramat kanthi nama ‘’Tujuh Sumur’’. Pitung mata air punika awujud kolam alit kanthi nama ‘’Sumur Kejayaan’’, ‘’Sumur Kemulyaan’’, ‘’Sumur Pengabulan’’, ‘’Sumur Cirancana’’, ‘’Sumur Cisadane’’, ‘’Sumur Kemudahan’’, lan ‘’Sumur Keselamatan’’ [3]. Ing antawisipun pitung sumur punika, miturut mitosipun wonten salah satunggaling sumur ingkang wonten Kepiting emas inggih punika ‘’Sumur Cirancana’’, bilih sinten ingkang saged mirsani wujud kepiting utawi yuyu punika sadaya kekajengan saged kelajengan.

Cathetan suku[besut | besut sumber]

  1. ^ (id) Pemandian Cibulan dipadati pengunjung (dipunakses tanggal 21 Januari 2013)
  2. ^ a b c Misteri Ikan dewa di Cibulan (dipunakses tanggal 21 Januari 2013).
  3. ^ a b (id) Pemandian Cibulan (dipunakses tanggal 21 Januari 2013).
Sumber artikel punika saking kaca situs web: "https://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Cibulan&oldid=1065073"