Candhi Semar
| Candi Semar | |
|---|---|
Candhi Semar, Warisan Sejarah Kerajaan Mataram Kuno | |
![]() | |
| Tetélan pokok | |
| Cakrik yasan | Candi Jawa Tengahan |
| Kutha | Kabupaten Banjarnegara, Jawa Tengah. |
| Nagara | Indonesia |
| Koordhinat | 7°12′18″S 109°54′25″E / 7.2050892°S 109.9068403°E |
| Rampung | 809 |
Percandian Dieng | |
| Peringkat | Nasional |
| Kategori | Kawasan |
| No. Regnas | CB.1408 |
| Panggonan | Kabupaten Banjarnegara, Jawa Tengah |
| No. SK |
|
| Tanggal SK |
|
| Kang nduwèni | Tanah Cagar Sejarah lan Arkeologi Jawa Tengah |
| Jeneng kang kapacak ing Sistem Registrasi Nasional Cagar Budaya | |
Candhi Semar yaiku sawijining candi sing dumunung ing Kompleks Candhi Arjuna ing Dataran Tinggi Dieng, Kabupaten Banjarnegara. Nama Candhi Semar dijupuk saka jeneng "Semar", salah sawijining tokoh wayang. Candi Semar minangka candi perwara kanggo Candi Arjuna kanggo umat Hindu. Ukuran Candi Semar yaiku 4,65 × 2,6 × 2,8 meter lan duwe bentuk mandapa sing atape limasan. Gaya arsitektur Candi Semar padha karo Candi Arjuna. Candi Semar saiki wis dadi salah sawijining cagar budaya ing Kabupaten Banjarnegara. [1]
Nama
[besut | besut sumber]Nama Candi Semar dijupuk saka tokoh wayang Semar.[2] Semar iku salah sawijining Punakawan sing dadi perwujudan saka Batara Ismaya.[3] Nama Candi Semar uga dipercaya ana hubungane karo bentuk candi sing cendhak lan amba, kaya Semar nalika ngiringi Arjuna.
Lokasi
[besut | besut sumber]Candi Semar ana ing Kompleks Percandian Arjuna.[4] Lokasiné ana ing Dataran Tinggi Dieng, lan kalebu wilayah Kabupaten Banjarnegara.[5] Posisine ana ing sisih kulon Kompleks Candi Arjuna.[6] Candi Semar ngadhepi Candi Arjuna, dadi ora sejajar karo papat candi liyane ing kompleks iki.[3]
Fungsi
[besut | besut sumber]Candi Semar minangka salah sawijining candi peninggalan umat Hindu ing Dataran Tinggi Dieng.[7] Candi iki dadi candi perwara kanggo Candi Arjuna.[8] Fungsi utama Candi Semar yaiku dadi panggonan kanggo umat Hindu ngumpul sadurunge mlebu Candi Arjuna.[3] Diperkirakan para peziarah ngumpul ing Candi Semar bebarengan karo piranti pemujaan sadurunge mlebu kanggo nglaksanakake pemujaan ing Candi Arjuna.[9]
Rujukan
[besut | besut sumber]- ↑ Media, Kompas Cyber (2023-01-18). "Sejarah Candi Semar di Dieng, Pendamping Candi Arjuna". KOMPAS.com (ing basa Indonesia). Dibukak ing 2025-02-23.
- ↑ Sutopo, dkk. 2021, kc. 39.
- 1 2 3 Sutopo, dkk. 2021, kc. 226.
- ↑ Istari 2015, kc. 65.
- ↑ Andrie, dkk. 2014, kc. 24.
- ↑ Setyowati dan Hardati 2009, kc. 91.
- ↑ Setyowati dan Hardati 2009, kc. 85.
- ↑ Sutopo, dkk. 2021, kc. 214.
- ↑ Sutopo, dkk. 2021, kc. 230.
