Menyang kontèn

Candhi Pembakaran

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Candhi Pembakaran.

Candhi Pembakaran (Carakan: ꦕꦤ꧀ꦝꦶ​ꦥꦼꦩ꧀ꦧꦏꦫꦤ꧀; basa Indhonésia: Candi Pembakaran) yaiku situs cagar budaya arupa candhi kang papané ana ing Kalurahan Bakaharja, Kapanéwon Prambanan, Kabupatèn Sléman, Propinsi Dhaérah Istiméwa Ngayogyakarta.[1] Wis kawaca saka jenengé yén candhi kuwi kanggo mbakar jenazah. Candhi iki nduwèni 2 ruangan téras lan ukurané yaiku 26×26 m.[2]

Ing pérangan tengah bangunan ana sawijining bolongan persegi sing ukurane lumayan amba lan jerone uga lumayan. Bolongan iki sing dadi dhasar jeneng Candi Pembakaran, amarga ing jaman biyèn tau ditemokake awu sing diduga minangka sisa-sisa pembakaran. Sawetara ahli nerangake manawa bolongan kasebut bisa uga digunakake minangka papan upacara geni, nanging ukuran lan jerone dianggep kurang trep yen kanggo kagiyatan ritual kaya mangkono.[2]

Rujukan

[besut | besut sumber]
  1. "Intepretasi Baru Fungsi Candi Pembakaran Kompleks Ratu Boko". Mabur. Dibukak ing 22 Januari 2025.[pranala mati permanèn]
  2. 1 2 "RATU BOKO - Kemegahan di Bukit Penuh Kedamaian". www.yogyes.com (ing basa Indonesia). Dibukak ing 2025-06-01.

Pranala jaba

[besut | besut sumber]