Menyang kontèn

CD

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Bentukane CD

CD utawa compact disk yaiku format panyimpenan data digital ing disk optik. CD iku kolaborasiné Philips karo Sony sing muncul ing taun 1982. CD asliné dirancang kanggo nyimpen lan mutèr rékaman audio digital.

CD bentukané piringan tipis sing digawé saka polikarbonat. Data disimpen kanthi digital ing wangun bolongan mikroskopis (pits) lan area datar (lands) ing lapisan réfléktif ing jero disk. Data diwaca nggunakaké sinar lasèr sing disinari ing permukaané disk sing mutèr. Bedané cahaya sing dibayangké saka pits lan lands iki banjur dipertal menyang data biner (1 lan 0).

CD iki ngrévolusi industri musik, ngganti dominasiné kaset pita. Kaluwihan utamané yaiku kwalitas swara sing luwih cetha, daya tahan sing luwih gedhe, lan akses langsung menyang trek lagu luwih gampang. Dhiamétér standaré CD yaiku 120 mm, kanthi kapasitas panyimpenan nganti 80 menit audio utawa 700 MB data.

Jinis-jinisé CD kelebu:

  • CD-DA (Compact Disc-Digital Audio)
  • CD-ROM (Compact Disc-Read Only Memory)
  • CD-R (Compact Disc-Recordable)
  • CD-RW (Compact Disc-ReWritable)