Butsudan

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Butsudan ingkang dipunhias kanthi lawang ingkang kabikak lan nedahaken patung Buda.

Butsudan (佛壇 utawi 仏壇? kanthi barès ateges "altar Buda") punika ruang suci alit ingkang padatanipun kapanggih wonten ing kuil lan griyanipun warga ing budaya Buda ing Jepang.[1] Butsudan punika satunggaling altar awujud lemari kayu mawi lawang kanggé nyimpen gohonzon utawi benda keagamaan. Padatanipun patung ugi lukisan Buda lan Bodhisatwa sarta saged ugi naskah gulungan mandala. Lawangipun dipunbikak kanggé nedahaken barang ingkang dipunsucekaken nalika dinten riyaya agami lan dipuntutup sadèrèngipun srengéngé sumerep. Padatanipun butsudan dados papan kanggé nyimpen piranti babagan agami ingkang dipunsebat butsugu, tuladhanipun lilin, dupa, genta, lan nampan kanggé mapanaken sesajèn kados woh-wohan, tèh lan sekul. Sapérangan sekte Buda nambahaken ihai inggih punika papan nama kanggé ngengeti anggota kulawarga ingkang sampun tilar donya lan dipunsukakaken ing jeto utawi ing njawinipun butsudan.[2]

Panyusunan[besut | besut sumber]

Panyusunan lan jinis barang ing jero utawi ing njawinipun butsudan punika bébas gumantung sektenipun. Satunggaling butsudan padatanipun nyimpen patung utawi lukisan Buda utawi déwa-dewi Buda, sanajan gulungan naskah mantra lan sutra ingkang dipunsulam sampun limrah. Barang ingkang limrahipun wonten ing celakipun butsudan inggih punika sesajèn (tèh, toya, dhaharan ingkang awujud woh-wohan utawi sega), dupa, lilin, sekar, lentera, lan kembang ijo abadi.[3] Satunggaling rin gong utawi mangkok persembahyangan limrahipun ugi wonten ing butsudan ingkang tansah dipunthuthuk nalika ibadat utawi pamaosan donga. Pendhèrèk sapérangan sekte Buda nyukakaken ihai— papan ukiran nama anggota kulawarga utawi sedhèrèk ingkang sampun tilar donya saged ing jero utawi ngajengipun butsudan. Sekte Buda sanèsipun, kados Jōdo Shinshū limrahipun boten makaten. Butsudan mapan wonten ing lemari ageng ingkang ing jeronipun wonten serat utawi dhokumèn sarta sertifikat gadhah kulawarga mau.[4]

Hubungan sosial-spiritual[besut | besut sumber]

Padatanipun butsudan dipunanggep minangka pérangan esensial ing pagesangan kulawarga tradhisional Jepang amargi kalebet pusat kapitadosan spiritual mliginipun ingkang wonten gegayutan kaliyan sedanipun sedhèrèk utawi mengeti para leluhur. Pérangan punika asring kapanggih wonten ing padesan ingkang kathahipun gadhah butsudan kuwalikan kaliyan ing wewengkon kutha ingkang sampun arang butsudan.[5]

Ugi pirsani[besut | besut sumber]

Cathetan suku[besut | besut sumber]

  1. Reader (1995:55) notes: "Over 60% of Japanese households have a butsudan: many of the rest do not simply because no-one in the family has yet died and become an ancestor".
  2. Cf. Reader (1995:55-56); Lewis (2007:178).
  3. Cf. Buckley (2002:56-57).
  4. Cf. Hamabata (1990:61).
  5. See Nakamaki (2003:24-25) for a discussion of the sociological stratification of butsudan ownership in modern Japan.

Pranala njawi[besut | besut sumber]

  • Buckley, Sandra (2002) "Butsudan and Kamidana" in Buckley, Sandra (Ed.) Encyclopedia of Contemporary Japanese Culture, pp. 56–57. London: Routledge. ISBN 0-415-14344-6.
  • Hamabata, M. Masayuki (1990). Crested Kimono: Power and Love in the Japanese Business Family. New York: Cornell University Press. ISBN 0-8014-2333-3.
  • Lewis, Todd T. (2007). "Butsudan" in Espin, Orlando (Ed.) An Introductory Dictionary of Theology and Religious Studies, pg. 178. Collegeville: Liturgical Press. ISBN 978-0-8146-5856-7.
  • Nakamaki, Hirochika (2003). Japanese Religions at Home and Abroad. New York: Routledge/Curzon. ISBN 0-7007-1617-3.
  • Reader, Ian (1995). Japanese Religions: Past and Present. Honolulu: University of Hawaii Press. ISBN 0-8248-1545-9.