Buruh migran

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa

Buruh migran ya iku uwong kang lagi nindakaké sawijiné pakaryan ing papan panggonan sakliyané wong iku lair. Buruh migran iku ora bisa mapan ing kana nganti suwé yén ora duwé tujuwan. Menawa buruh migran kang makarya ana ing nagara liya diarani 'pekerja asing' utawa buruh tamu. Organisasi Tenaga Kerja Nagarantara diétung taun 2014 kanthi 232 yuta migran nagarantara. Paling sethithik nganti 12 wulan manggon ana ing negara liya lan aktif ing kagiyatan ékonomi.[1]

Prespéktif saka Amérika lan Asia[besut | besut sumber]

Ing kéné diandharaké ngenani loro prespéktif kang anané buruh migran saka benuwa Amérika lan Asia. Benua Amérika, ing kéné bakal diandharaké Kanadha, Amérika Latin, lan Amérika Sarékat kang kalebu nagara maju lan sebagiyan nagara ing Asia, bakal dijelasaké 4 nagara, ya iku Cina, India, Malaysia lan Indonésia. Rata-rata nagara ing Asia kang isih ngrembaka.

Amérika[besut | besut sumber]

Kanadha[besut | besut sumber]

Warga manca ditampa ing Kanadha kanthi sauntara yén dhèwéké duwe visa siswa, nggolék suaka, utawa duwé idin khusus. Nanging, kategori paling gédhé diarani Temporary Foreign Worker Program (TFWP), lan para karyawan digawa menyang Kanadha déning para juragan kanggo pakaryan tartamtu. Ing taun 2006, ana 265.000 buruh manca ing Kanadha.[2]

Amérika Latin[besut | besut sumber]

Para imigran njupuk pakaryan apa baé kang kasedhiya. Pakaryan iku biasané kang migunaké kerja fisik lan éntuk upah kang ora adil. Kahanan iki uga ditegesaké ana ing artikel "Migrant Farmworkers: Is government doing enough to protect them?” lan para imigran ngrasakaké eksploitasi fisik uga éksploitasi ékonomi.[3]

Amérika Sarékat[besut | besut sumber]

Green card workers ya iku kertu indhividu kang bisa gawé permanen mapan lan makarya ing Amérika Sarékat. Diversity Immigrant Visa (DV) Amérika Serikat ménéhi idin nganti 50.000 visa imigran kang diwénéhaké saben taun. Bantuwan iki nggampangaké warga manca kanthi imigrasi murah ing Amerika Sarékat kanthi kasempatan kanggo duwéni visa imigrasi.[4]

Asia[besut | besut sumber]

Cina[besut | besut sumber]

Pamréntah Cina utawa diarani Tiongkok wis nyengkuyung migrasi kanthi tithik minangka cara nyedhiyakaké tenaga kerja ing pabrik lan situs konstruksi. Tujuwané ya iku kanggo ngowahi Cina saka ekonomi karebén dadi digdaya. Akéhé migrasi, Iki amarga wong keturunan Cina umumé dadi anggota kang ngambang ing status, amarga anané Chinese Hukou System.[5]

India[besut | besut sumber]

Ana akéh wong saka Bangladesh lan Nepal marang India ing sawetara dekadé kepungkur kanggo nggolék pakaryan kang luwih apik. Ana sawijné panalitén nemokaké manawa para pekerja migran iki uga nandang gangguan, kekerasan, lan diskriminasi sajroné lelungan. Utamané, wanita Bangladesh kang ana ing bebaya.[6]

Indonésia[besut | besut sumber]

Pedunung Indonésia, minangka nomer papat paling gedhé ing donya, wis ménéhi akeh carita ngenani tenaga kerja. Bisa uga, anané kekurangan pagawean ing omah, iki nyebabaké akéh warga Indonésia golék pakaryan ing nagara manca. Udakara 4,5 yuta wong Indonésia nyambut gawé ing nagara manca; 70% ing antarané ya iku wanita: umumé makarya ing sektor doméstik minangka pambiyantu ing omah lan séktor informal liyané. Umuré udakara 18 lan 35 taun. Lan 30% wong, biasané makarya ing kebon, konstruksi, transportasi lan séktor layanan. Ing taun 2014, Malaysia nggunakaké jumlah pekerja migran saka Indonésia kang paling gedhé, banjur padha mara ing nagara Arab Saudi lan Honkong.[7]

Malaysia[besut | besut sumber]

Ing taun 2008, mayoritas buruh migran (1.085,658: 52,6%) asalé saka Indonésia. Banjur saka Bangladesh (316,401), Filipina (26,713), Thailand (21,065) lan Pakistan (21,278). Gunggungé pekerja migran saka negara liya ya iku 591.481. Yén ora dikontrol, bakal nyuda kasempatan wong lokal anggoné nggolék. Nanging, anané pekerja migran nambah apik negara lan nyuda gaji upah ing pasar tenaga kerja lokal. Sanajan entuk manfaat sing ditrapake ing negara pengirim lan nampa, akeh masalah sing muncul ing negara panampa, Malaysia. Cacahe buruh migran sing saiki ana ing Malaysia angel ditemtokake, sanajan nomer sing digunakake kanthi sah, kanthi paspor lan idin makarya.[8]

Ékonomi[besut | besut sumber]

Buruh migran iku wis duwé lakon kang penting sacara nagarantara. Apa manéh anané globalisasi ékonomi ing jaman saiki. Gawé sansaya tambah akéh buruh migran nagarantara. saking akéhé buruh migran kang dibutuhaké negara maju, mula akéh buruh migran kang kurang kaprigelan saka nagara lagi arep ngrembaka. Miturut MIke dawis anané prekawis ngéné iki gawé munggahé papan kang ora pantes lan gawé 'kemiskinan' ing bebrayan.[9] Buruh migran kang kurang kaprigelan ngéné iki biyasane saka désa-désa. Amarga, dhèwéké ora saguh tuku papan ana ing kutha mula bisané mapan ana ing panggonan kang rada pinggiran utawa 'kumuh' lan makarya ana ing séktor informal.[10]

Pendhidhikan[besut | besut sumber]

Pendhidhikan ing kéné luwih ditujokaké marang bocah-bocah saka para pekerja migran kang lagi usaha kanggo madhakaké pendhidhikan. Anané relokasi dadi kagiyatan kang terus-terusan dadi sebab anané rasa kang ora bisa mandheg anggoné sinau. Kaya mangkéné iki gawé majuné kaprigelan saka bocah-bocah iki. Sanajan, relokasi iku uga duwéni sisih kang négatif kanggo siswa. Pisanan, gawé anané bocah kang mbedakaké budaya lan basa. Bocah-bocah migran uga kekurangan, amarga umumé urip mlarat lan kudu makarya kanggo mbiyantu kulawarga. Pancén ing jaman saiki akéh prekawis kanggo bocah-bocah buruh migran kanggo entuk pendhidhikan. Sanajan, tetep akéh kawicaksanan pangréhpraja, organisasi non-pamréntah, nirlaba, lan pakumpulan sosiyal kangggo mbalikaké munpangat sejatiné pendhidhikan kanggo buruh migran.[11]

Éksploitasi[besut | besut sumber]

Anggoné njupuk pekerja nagarantara liwat agénsi tenaga kerja minangka fenoména umum ing negara maju, kaya ta Amerika Serikat utawa UAE. Utamané anggota komunitas kang rada ora duwé padha kepincut kanggo kanggo urip lan makarya ing AS. Sawetara agénsi kasebut nggawé janji-janji kang nyebabaké akéh wong kena tipu daya. Nanging, kang luwih ala manéh, ana buruh migran kang ditindhes lan dianiaya dening lembaga lan wong kang duwéni kuwasa.[12] Kedadeyané kaya ta paspor lan tilpun dirampok, dikunjara ing omah majikan. Dadi, digawé adoh saka bebrayan, kanca lan kulawarga. Ana manéh dhèwéké ora nampa upah utuh lan kudu makarya tanpa ngaso. Para buruh migran uga ana kang ora éntuk panganan lan kahanan kang apik, uga ora éntuk tindhakan kanggo awak nalika lara.[12]

Ing panalitén kang ditindakaké déning Human Rights Watch saka 99 buruh doméstik ing Uni Arab Emirates, 22 nyatakaké yén réspondhén tau dilarani sacara fisik. Para pekerja ora wani nglaporaké tindhakan kaya mangkana amarga wedi yén dideportasi lan ora bisa golék pakaryan kang luwih apik. Wis lumrah ing ana wanita dadi korban panganiaya lan diprakosa. Yén carita ora bakal ana kang ngrungokaké, malah akéh ang luwih precaya critané majikan kang wis nglarani iku. Akéh uga buruh migran kang lumayu saka oamh majikan banjur njaluk bantuan konsulat negarané. Nanging, prekara ngéné iki ya angél amarga papan kang adoh.[12]

Kesèhatan[besut | besut sumber]

Monica Rosales (profesor saka Universitas Negeri Colorado) nggambaraké ing jurnal kanthi judhul "Life in the field: Migrant farm workers’ perceptions of work related injuries”. Rosales ngandharaké gayutané prekawis balung, pernapasan lan anané alérgi anggone buruh migran makarya, utamané petani ing papan pengungsian. Sakliyané iku uga ngandharaké babagan kahanan pengaruhé karo jiwa para migran. Rosales nagndharaké, "Rata-rata pangarep-arep urip para pekerja migran lan petani nganti umur 49 taun, dibandhingaké karo AS rata-rata nganti umur 75 taun." Anané upah kang ora tamtu, buruh migran asring golék kerja ing kahanan kang mbebayani. Rata-rata Pangarep-arep urip yén dadi buruh migran ing AS maju nganti 26 taun.[13] sakliyané iku ing Singapura uga ditemokaké buruh migran, utamané ing Asia Kidul luwih saka 60% kang ngenténi upah utawa njaluk ganti rugi saka pengusaha kena lelara méntal.[14]

Rujukan[besut | besut sumber]

  1. The Contribution of Labour Migration to Improved Development Outcomes (2015). "Mainstreaming of Migration in Development Policy and Integrating Migration in the Post-2015 UN Development Agenda". ILO.
  2. "Foreign nationals working temporarily in Canada". www150.statcan.gc.ca (ing basa Inggris). Dibukak ing 2019-12-25.
  3. William, Triplet (2004-10-08). "Migrant Farmworkers". CQ Researcher 8 October 2004. 829: 52.
  4. "Green Cards and Permanent Residence in the U.S. USAGov". www.usa.gov (ing basa Inggris). Dibukak ing 2019-12-25.
  5. Liang, Zai; Ma, Zhongdong (2004). "China's Floating Population: New Evidence from the 2000 Census". Population and Development Review (ing basa Inggris). 30 (3): 467–488. doi:10.1111/j.1728-4457.2004.00024.x. ISSN 1728-4457.
  6. "Stories of harassment, violence and discrimination: migrant experiences between India, Nepal and Bangladesh". ODI (ing basa Inggris). Diarsip saka sing asli ing 2019-12-25. Dibukak ing 2019-12-25.
  7. "Tenaga Kerja Indonesia Paling Banyak Tersebar di Malaysia". detikfinance. Dibukak ing 2019-12-25.
  8. "Malaysia". U.S. Department of State. Dibukak ing 2019-12-25.
  9. Davis, Mike (2006). Planet of Slums. London: Verso.
  10. International Labour Organization (ILO) (2013-08-30). "Migrant Workers". International Labour Standards.
  11. Branz-Spall, Angela Maria; Rosenthal, Roger; Wright, Al (2003). "Children of the Road: Migrant Students, Our Nation's Most Mobile Population". The Journal of Negro Education. 72 (1): 55–62. doi:10.2307/3211290. ISSN 0022-2984.
  12. a b c ""I Already Bought You" | Abuse and Exploitation of Female Migrant Domestic Workers in the United Arab Emirates". Human Rights Watch (ing basa Inggris). 2014-10-22. Dibukak ing 2019-12-25.
  13. Monica S, Rosales (2008). "Life in the Field: Migrant Farm Workers' Perceptions of Work Related Injuries". Colorado State University.
  14. hermesauto (2015-11-04). "Most migrant South Asian workers face mental health issues as they await claims settlement". The Straits Times (ing basa Inggris). Dibukak ing 2019-12-25.