Menyang kontèn

Budiarta

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Ukum budiarta kaya mèrek dagang macuhi adol barang sing nerak kawenang cipta kaya iki " McDnoald's " [sic] lan " NKIE " [sic] sandal saka Cina .

Budiarta (basa Indonésia: Kekayaan Intelektual; basa Inggris: Intellectual Property; dicekak IP) yaiku golonganing arta sing kalebu riptan tanwujud dening akal budining manungsa.[1] [2] Budiarta jinisé ana akèh, lan sawatara nagara ngakoni luwih akèh jinis tinimbang liyané.[3] [4] [5] Jinis sing akèh dhéwé diweruhi yaiku patèn, kawenang cipta, mèrek dagang, lan wadi dagang. Gagasan modhèren saka budiarta karembaka ing Inggris ing abad 17 lan 18 kanthi aran "ïntellectual property''. Pitembungan iki kawit piguna ing abad 19, nanging mung ing pungkasaning abad 20 budiarta minangka lumrah kalebu ing akèh pranata ukum nagara-nagara ing donya.

Pandukung ukum budiarta asring njlèntrèhaké ancas utama dheweké minangka nguri-uri pangriptaning manéka werna barang budi, yaiku barang asil olah budi.[6] Kanggo nggayuh prakara iki, ukum menehi kawenang arta bisnis (businesses property right) kanggo parikandha (informasi) tinamtu uga barang budi sing diripta. Biasané kanggo wektu sing winates. Pandukung kandha, amarga ukum budiarta ngolehi pangripta kanggo ngayomi gagasan asli darbené lan menggak diturun tanpa idin, pangripta kuwi luwih ngolehi mupangat ékonomi pawongan saka parikandha lan barang budi sing diripta.[6] Para pandukung iki pracaya yen mupangat ekonomi lan pangayoman resmi iki bisa marakaké réka anyar (inovasi) sing nyumbang kamajuaning teknologi ing wujud tinamtu. [7]

Kaanan tanwujud saka budiarta menehi karekasan déwé tinimbang arta tradhisional kaya ta lemah utawa raja brana. Ora kaya arta tradhisional, budiarta "ora bisa kalong'', amarga uwong kanthi gunggung tanpa wates bisa "migunani" budiarta tanpa ndadekaké suda.[8] Apa maneh, invèstasi ing barang budi ngadepi prakara kapamilikan. Yen ing arta tradhisional juragan dharat bisa ngupengi lemahé nganggo pager rosa dhuwur lan nyéwa juru jaga, ing budiarta pangripta ora bisa tumindak akèh kanggo menggak panuku saka nurun lan adol manèh kanthi rega luwih murah. Nyaimbangaké kawenang amrih cukup rosa kanggo nguri-uri pangriptaning barang budi nanging ora kaliwat rosa saengga malangi piguna wiyarié dadi parembugan utama ing babagan ukum budiarta modhèren. [6]

  1. World Intellectual Property Organization (WIPO) (2016). Understanding Industrial Property. World Intellectual Property Organization. doi:10.34667/tind.36288. ISBN 9789280525939. Dibukak ing 6 December 2018.
  2. "Intellectual, industrial and commercial property | Fact Sheets on the European Union". European Parliament. Dibukak ing 6 December 2018.
  3. "What are intellectual property rights?" (PDF). World Trade Organization. Dibukak ing 23 May 2016.
  4. World Intellectual Property Organization (2021). What is Intellectual Property?. WIPO publication. World Intellectual Property Organization (WIPO). doi:10.34667/tind.43765. ISBN 9789280532210. Dibukak ing 23 October 2020.
  5. "Understanding Industrial Property" (PDF). World Intellectual Property Organization (WIPO). Dibukak ing 7 December 2018.
  6. 1 2 3 Goldstein & Reese (2008).
  7. "The Role of Intellectual Property Rights in Technology Transfer and Economic Growth: Theory and Evidence" (PDF). Dibukak ing 1 September 2022.
  8. Moberly, Michael D. (2014). Safeguarding Intangible Assets. Butterworth-Heinemann. kc. 33–35. ISBN 978-0-12-800516-3.