Menyang kontèn

Budi

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Diagram of a head with symbols for different mental capacities inside it
Amarga ana budi manungsa bisa ngupalabi, mikir, ngrasa, lan tumindak.

Budi yaiku apa-apa tumindak mikir, ngrasa, ngupalabi (persepsi), ngangen-angen, ngelingi, lan kekarep. Budi ngukubi kabeh prastawa sing dumadi ing jiwa, kalebu solah tingkah udahani (sadar), ing ngendi saben wong bisa mangertèni kahanan ing njaba lan njero awaké, uga solah tingkah asor udahani (bawah sadar), sing mrabawa kahanan saben wong tanpa sadar lan niyat. Budi migateni ing akèh babagan urip manungsa, nanging sipat lan hakikat pesthiné isih dadi dedebatan. Sawetara anggepan luwih nandhesaké babagan sing ana ing sajeroné jiwa. Anggepan iki kandha manawa budi ngolah desana sing ora bisa kaakses langsung dening wong liya. Déné anggepan liya, nandhesaké gegayutan karo solah tingkah lahiriyah, kanthi mangertèni kahanan jiwa minangka kacenderungan kanggo tumandang solah tingkah sing bisa diawasaké.

Prakara jiwa-raga minangka tantangan kanggo ngandharaké gegayutan antarané budi (jiwa) lan raga. Lumrahé, budi sing batiniyah lan raga sing lahiriyah asring disawang minangka suwanda (substansi) sing séjé sing bisa maujud déwé-déwé tanpa gumantung siji marang liyané. Filsafat sing diugemi wong akèh wiwit abad kaping 20 yaiku fisikalisme, sing kandha samubarang sing ana ing donya iki minangka wahyaka (materi). Tegesé, budi minangka sipat sing didarbè dening sawijing barang wahyaka. Proses évolusiné budi magepokan karo ngrembakané jaringan talirasa, sing banjur njalari wujudé wutek. Nalika wutek dadi luwih rinangkep (kompleks) daya pikiré sansaya mundhak lumantar wujude bagéyan wutek tartamtu kanggo piguna tartamtu. Budiné saben wong uga ngrembaka sadawa wektu nalika wong kasebut sinau saka pangalaman lan ngliwati manéka prastawa-prastawa psikologis bebarengan karo mundhaké umur. Sawetara wong bisa kena gangguan jiwa, ing ngendi daya pikir budiné suda lan ora bisa piguna kaya biasané.

Wis katampa kanthi umum yen saora-orané sawetara kewan saliyané manungsa uga ndarbé wujud budi. Nanging kewan endi sing ndarbé isih dadi dedebatan. Babagan budi gawéyan uga ngadhepi tantangan sing mèmper. Para nimpuna ngrembug akibat-akibat apa waé sing bisa ana saka ngyasa budi gawéyan nggunakaké komputer.

Bidang panalitèn utama sing nyinaoni budi ana psikologi, neurosains, kawruh kognitif, lan filsafat budi. Bidang-bidang iki nggayuh bab-bab budi sing séjé lan piguna cara panalitèn sing uga séjé. Kaya observasi empiris lan neuroimaging (cecitran talirasa) nganti conceptual analysis (analisis gagasan) lan eksperimen pamikiran. Bab budi iki uga gegayutan karo akeh bidang kawruh liyané, kaya épistémologi, jalmasastra, agama, lan panggulawenthah.