Menyang kontèn

Budaya kaloka

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa

Budaya kaloka, budaya pop, utawa budaya populèr ditampa dening anggota sawijiné klumpuk bebrayan minangka klumpukaning tumindak, kapracayan, lan karya kagunan (uga diwanuhi minangka kagunan kaloka, [populer art, utawa pop art], utawa kagunan gebyah [mass art] sing sok-sok dibédakaké saka kagunan murni), [1] [2] uga apa-apa sing ngendhih (mendominasi) tur lumrah ditepungi ing bebrayan ing wektu tartamtu. Budaya kaloka uga ngukupi tumindak lan rasa sing kawetu minangka asil saka lakwantara (interaksi) tumrap budaya iki. Medhia gebyah, pamasaran, lan seregan kanggo ndudut minaté wong akèh jroning tatanan kapitalisme minangka pangobah utama budaya kaloka Barat—sawijiné tatanan sing kanthi rusit (kritis) diarani juru filsafat Theodor Adorno minangka ‘indhustri budaya’. [3]

Kaprabawa gedhé-gedhen ing mangsa modhèren (sawisé Perang Donya Kapindho) dening médhia gebyah, gagasan budaya kaloka ini rumesep ing uripé bebrayan tartamtu saben dina. Mula, gagasan iki mènèhi prabawa sing ora sithik tumrap piadegé (sikap) wong marang topik tartamtu. Nanging ana maneka cara kanggo mangertèni budaya kaloka. Saengga budaya kaloka sok-sok bisa dimangertèni kanthi séjé-séjé dening wong sing séjé-séjé uga jroning surasa (konteks) sing séjé-séjé. Budaya iki racaké disawang beda tumrap wujud budaya liya kaya budaya rakyat, budaya kelas buruh, utawa budaya luhur, uga saka padeleng (perspektif) akademik sing beda kaya psikoanalisis, strukturalisme, pascamodherènisme, saha liya-liyané. Pepanthaning budaya kaloka sing paling umum yaiku langen (kaya filem, musik, acara tivi, gim vidéo), ulahraga, pawarta (misalé wong lan papan ing warta), rajaniti, busana, tèknologi, uga basa gaul. [4]

  1. "popular art". Britannica (ing basa Inggris). Diarsip saka sing asli ing 2022-12-10. Dibukak ing 2022-12-10.
  2. Tavinor, Grant (2011). "Video Games as Mass Art". Contemporary Aesthetics. 9. ISSN 1932-8478. Diarsip saka sing asli ing 2023-06-30. Dibukak ing 2022-12-10.
  3. Lane Crothers (2021). Globalization and American Popular Culture. Rowman & Littlefield. kc. 48. ISBN 978-1538142691. Diarsip saka sing asli ing 2023-06-30. Dibukak ing 2021-10-02.
  4. West, Gary. "What Is Pop Culture?". Mr. Pop Culture. Diarsip saka sing asli ing 2016-08-29. Dibukak ing 2015-03-17.