Remujung
| Remujung | |
|---|---|
| Orthosiphon aristatus | |
| Klasifikasi ngèlmiah | |
| Karajan: | Plantae |
| Unranked: | Angiosperms |
| Dhivisi: | Spermatophyta |
| Subdhivisi: | Angiospermae |
| Unranked: | Eudicots |
| Klas: | Dicotyledonae |
| Unranked: | Asterids |
| Ordho: | Lamiales |
| Famili: | Lamiaceae |
| Génus: | Orthosiphon |
| Spésies: | O. aristatus |
| Jeneng binomial | |
| Orthosiphon aristatus (Blume) Miq. | |
Remujung (Orthosiphon stamineus Benth utawa Orthosiphon aristatus (B1) Miq.) ya iku taneman obat kang kembangé awujud kaya remujung.[1][2][3] Béda manèh yèn ing Madura, remujung diarani sesalaseyan utawa soengot koceng.[1] Ora mung ing Indonesia waé, yèn ing nagara Cina remujung diarani mao xu cao.[1] Remujung isih sakulawarga karo jinis Labiatae utawa Lamiaceae.[2]
Wujud lan Thukulé
[besut | besut sumber]Wit remujung thukulé ngadeg, lurus, lan tegak nanging cenderung rungkut.[1] Gagangé duwé warna soklat semu wungu utawa semu abang lan dhapuré kothak.[1] Brèngos kucing nduwé wangun godhong kang kaya kupat, pinggiré lancip, lan ana tutul-tutulé.[1] Déné kembangé thukul saka pucuk gagang, benang sarine luwih dawa tinimbang tabung kembangé, lan wernané putih utawa biru.[1] Wit bréngos paling cocog thukul ing papan panggonan kang kagolong dhataran cendhék nganti dhataran dhuwur.[1] Wit remujung bisa ditandur kanthi cara stèk ing gagangé, ya iku pilihen gagang kang rada tuwa.[1] Banjur kethok dawané 15–20 cm banjur ditandur ing lemah.[1] Wit remujung akèh ditandur ing tegalan utawa kebon.[4] Lemah andosol lan latosol apik banget kanggo mbudidaya remujung.[5] Saiki akèh kang nandur ing ngarep omah amarga remujung bisa ngasilaké dhuwit kang lumayan.[4]
Kandhungan Kimia lan Kasiyaté
[besut | besut sumber]Kandhungan kimia ing remujung ya iku lenga atsiri, orthosiphon glikosida, zat samak, saponin, sapofonin, uyah kalium, myoinositol, lenga gajih, trimetil-apigenin, eupatorin, sinensetin, tetrametil-luteolin, lan tetrametil-skutelarein.[1][2] Remujung rasané rada pait, adhem, lan ana rasa leginé.[2] Kasiyat remujung ya iku bisa nambani anyang-anyangen utawa infèksi saluran kanggo uyuh, kangélan nguyuh lan rasané lara, blegudreg, panas, infèksi ginjel, kencing batu, lara boyok, nambah nafsu mangan, lan dadi obat antiradhang.[1][2] Pérangan kang dianggo kabèh, ya iku saka oyod nganti kembangé kanthi digodhog utawa digaringaké, digawé kaya déné tèh, banjur diunjuk.[1][3]
Ama lan lelara
[besut | besut sumber]Ama ing tuwuhan remujung ora pati ngrusak tuwuhan iku, ya iku kutu lan uler.[5] Déné lelara kang ana ing tuwuhan remujung ya iku lelara kang disebabaké déning jamur upas (Upsia salmonicolor utawa Corticium salmonicolor).[5] Uga ana gulma kang nyerang tuwuhan brèngos kucing kayadené gulma.[5] Gulma kang biyasa nyerang tuwuhan remujung kalebu gulma kebon kaya ta rumput teki, lulangan, ageratum, alang-alang, lan suket liyané.[5] Ama lan lelara mau bisa diilangaké kanthi cara PHT, ya iku Pengendalian Hama kanthi Terpadu kang migunakaké pèstisida nabati.[5]
Cathetan suku
[besut | besut sumber]- 1 2 3 4 5 6 7 8 9 10 11 12 13 Muhlisah, Fauziah. 2001. Taman Obat Kulawarga. Jakarta: Panebar Swadaya. Hal 37-39 ISBN 979-489-308-0
- 1 2 3 4 5 Wijayakusuma, Hembing. 2006. Resep Alami dari Pakar Herbal Atasi Asam Urat & Rematik Ala Hembing. Jakarta: Puspa Swara. Hal 35. ISBN 979-24-4807-1
- 1 2 Dalimarta, Setiawan. 2001. 96 Resep Tumbuhan Obat untuk Rematik. Jakarta: Panebar Swadaya. Hal 52-53. ISBN 979-489-560-1
- 1 2 Inu, Ade. 1981. Kebun Apotik. Jakarta: Aries Lima. Hal 4-5
- 1 2 3 4 5 6 Kumis kucing Masalah sitiran: Tenger
<ref>ora trep; jeneng "Internet1" diwedharaké ping bola-bali déné isiné béda