Bot guneman


Bot guneman (chatbot) yaiku piranti alus utawa mukantara web sing dirancang kanggo guneman lumantar tulisan utawa lisan. [1] [2] [3] Bot guneman modhèren umumé jroring (online) lan migunani sistem kacerdhasan gawéyan mangriptayasa (generative artificial intelligence) sing bisa ngreksa geguneman karo naraguna ing basa alami lan niru solah tingkahing manungsa minangka wawan gunem. Bot kaya kuwi kerep piguna deep learning lan pangolah basa alami. Nanging bot sing luwih samadya uwes awujud mataun-taun.
Bot guneman sapréné tansaya misuwur amarga ananing jeblugan kacerdhasan gawéyan warsa 2020-an, uga kondhanging ChatGPT, saha bot-bot guneman liya kayata Gemini, Claude, lan pungkasané Grok. Bot guneman AI umumé piguna sawijining dhasar modhèl basa gedhé kayata GPT-4 utawa model basa Gemini sing uwés di-fine-tuned kanggo piguna mirunggan.
Bot guneman uwes dipiguna suwé ing babagan layanan lan dhukungan palanggan, kanthi maneka werna asisten virtual . [4]
- ↑ "What is a chatbot?". techtarget.com. Diarsip saka sing asli ing 2 November 2010. Dibukak ing 30 January 2017.
- ↑ Caldarini, Guendalina; Jaf, Sardar; McGarry, Kenneth (2022). "A Literature Survey of Recent Advances in Chatbots". Information. MDPI. 13 (1). arXiv:2201.06657. doi:10.3390/info13010041.
- ↑ Adamopoulou, Eleni; Moussiades, Lefteris (2020). "Chatbots: History, technology, and applications". Machine Learning with Applications. 2. doi:10.1016/j.mlwa.2020.100006.
- ↑ "2017 Messenger Bot Landscape, a Public Spreadsheet Gathering 1000+ Messenger Bots". 3 May 2017. Diarsip saka sing asli ing 2 February 2019. Dibukak ing 1 February 2019.