Bosnia lan Hércegovina
| Bosnia lan Hércegovina Bosna i Hercegovina
Босна и Херцеговина |
||||||
|---|---|---|---|---|---|---|
|
||||||
| Motto: — | ||||||
| Antem: Intermeco | ||||||
| Kutha krajan lan paling gedhé |
Sarayewo | |||||
| Basa resmi | Bosniyan, Serbiyan, Krowasiyan | |||||
| Papréntahan | Dhémokrasi parlementer | |||||
| Kamardikan | ||||||
| • | Banyu (%) | bisa dilirwakake | ||||
| Cacah jiwa | ||||||
| • | Rantaman 2006 | 3.832.301 (121) | ||||
| • | Cacah sirah 1991 | 4.354.911 | ||||
| GDP (PPP) | Rantaman 2005 | |||||
| • | Gunggung | AS$21,4 milyar (106) | ||||
| • | Per kapita | AS$5.504 (101) | ||||
| Valuta | Convertible Mark (BAM) | |||||
| Wilayat wektu | (UTC+1) | |||||
| • | Mangsa Panas (DST) | (UTC+2) | ||||
| Kodhé bèl | 387 | |||||
| TLD Internèt | .ba | |||||
| 1. Ketuwa Kaprésidhénan kang dumadi saka telung anggota. | ||||||
Républik Bosnia lan Hércegovina iku nagara ing Balkan ing jagad Éropah. Pêdununge cacahe kira-kira ana 4,5 yuta lan jembar wewengkon 51.129 km². Kutha krajanne ya iku Sarayewo. Jeneng asli nagara iki ya iku Bosna i Hercegovina, jroning aksara Latin lan Босна и Херцеговина jroning aksara Kirilik sing têgêse Bosniya lan Hércegowina; nanging biasane, dicekak dadi Bosnia, BiH utawa БиХ.
Nagara iki didunungi déning telung kêlompok étnik utama, ya iku: Bosniyan, Sêrbiyan lan Krowasiyan. Warga Bosniya sacara umum diarani Bosniyan. Pamarentahan nêgara iki dilakokake sacara mêncar lan nêgara Bosniya satênane dumadi saka persekuthuan rong wewengkon utama, ya iku, Sekutu Bosniya lan Hércegowina lan Républik Sêrbiyan.
Diwatesi déning Krowasiya ing sisih lor, kulon lan kidul, Sêrbiya ing sisih wetan, lan Giri Cêmêng ing sisih kidul, Bosniya lan Hércegowina minangka sawijining nagara kang dikubengi déning dharatan kajaba pesisir pasisir Segara Adriyatik kang dawane 20 km ing kutha Neyum. Tlatah pedhalaman nagara iki kebak pagunungan uga kali kang akéh-akéhe ora bisa dilayari.
Isi
Pamerangan administratif[besut | besut sumber]
Bosniya-Hércegowina diperang dadi Sekutu Bosniya lan Hércegowina lan Républika Sêrbiyan. Sekutu Bosniya-Hércegowina diperang dadi 10 kanton:
- Kanton Una-Sana
- Kanton Posavina
- Kanton Tuzla
- Kanton Zenica-Doboj
- Kanton Podrinje Bosnia
- Kanton Bosnia Tengah
- Kanton Herzegovina-Neretva
- Kanton Herzegovina Barat
- Kanton Sarayewo
- Kanton Bosnia Barat
Sajarah[besut | besut sumber]
Sajarah wiwitan[besut | besut sumber]
Bosniya-Hércegowina minangka sawijining wewengkon tapél wates antarane kabudayan Kulon lan Wetan. Ing abad tengahan, wewengkon kasebut dadi ajang pasulayan lan parebutan antara Romawi Kulon kang Katulik lan Romawi Wetan kang Ortodok. Ing tengah pasulayan mau, uga mélu sawijining klompok Kristen lepat kang diarani Bogomil. Sekte iki utamane duwé pambekti masyarakat ningrat Bosniya.
Galeri[besut | besut sumber]
-
Neum - Pasisir
-
Sawijining kreteg ing Višegrad sing uga ditepungi mawa "kreteg sadhuwuring drina" (sakiwa-tengené taun 1890)
-
Masjid "Gradska Džamija" ing Bosanska Dubica
Delengen uga[besut | besut sumber]
Referensi[besut | besut sumber]
- Ronald H. Bailey, Partisans and Guerillas. Time Life: 1978
- Noel Malcolm, Bosnia: A Short History. New York University Press: 1996
- Robert Lee Wolff, The Balkans in Our Time. Norton: 1978.
Pranala njaba[besut | besut sumber]
Pirsani pandhuan wisata Bosnia lan Hércegovina ing Wikivoyage
- (en) Bosnia and Herzegovina online
- (en) Situs Kementerian Luar Negeri
- (en) Situs Kedubes Bosnia-Herzegovina di Washington, DC
- (en) Misi OSCE di Bosnia-Herzegovina
- (en) United Human Rights Council - Bosnia-Herzegovina
- (en) Bosnian Institute
|
||||||||||
