Bibibi
Praèn


Bibibi utawa petok lekoran (pitulikuran) yaiku salah sawijining adat weh-weh ing mangsa Ramelan mligine ing kukuban Probolinggo. Adat bibibi dianakake saben malem kaping-27 ing sasi pasa kanthi tata cara ijolan dhaharan karo tangga lan sedulur kaya megengan, nanging bedane dilakoni ing sasi Pasa. [1] Dhaharan kang asring ditemoni bisa kawujud sega gurih, roti, utawa nyamikan sanese. Nanging uga ana ingkang wenehi awujud dhuwit kang diwenehake marang bocah-bocah. [2]
Rujukan
[besut | besut sumber]- ↑ Madura, Koran (2014-07-25). "Tradisi Petolekoran Masih Membudaya". Satu Hati untuk Bangsa (ing basa Inggris Amérika Sarékat). Dibukak ing 2026-03-07.
- ↑ Faisol, Ahmad; Purba, David Oliver (2019-06-02). "Tradisi Bibibi, Saat 30 Bocah Kepung 40 Rumah Warga untuk Dapatkan Selembar Uang". Kompas.com. Dibukak ing 2026-03-08.