Georg Friedrich Bernhard Riemann
Bernhard Riemann | |
---|---|
Lair | 17 September, 1826 Breselenz, Jerman |
Pati | Juli 20, 1866 Selasca, Itali | (umur 39)
Padunungan | Jerman |
Warga nagara | Jerman |
Alma mater | Georg-August University of Göttingen Berlin University |
Kondhang ing | Riemann hypothesis Riemann integral Riemann sphere Riemann differential equation Riemann mapping theorem Riemann curvature tensor Riemann sum Riemann–Stieltjes integral Cauchy–Riemann equations Riemann–Hurwitz formula Riemann–Lebesgue lemma Riemann–von Mangoldt formula Riemann problem Riemann series theorem Hirzebruch–Riemann–Roch theorem Riemann Xi function |
Karièr ngèlmiah | |
Babagan | Matématikawan |
Institutions | Georg-August University of Göttingen |
Juru pamrayogya dhoktoral | Carl Friedrich Gauss |
Juru pamrayoga liyané | Ferdinand Eisenstein Moritz Abraham Stern |
Mahasiswa wigati | Gustav Roch |
Mrabawani | Johann Peter Gustav Lejeune Dirichlet |
Artikel iki ngenani matématikawan, kanggo wong liya sing jenengé Riemann, pirsani Riemann.
Georg Friedrich Bernhard Riemann (17 September 1826 – 20 Juli 1866) (dilafalaké REE mahn) iku matématikawan Jerman sing gawé sumbangan wigati sajeroning analisis lan géometri diferensial, sapérangan saka dhèknèné ngratakaké dalan kanggo pangembangan luwih lanjut ing rélativitas umum. Jenengé dihubungaké karo fungsi zeta Riemann, integral Riemann, lema Riemann, manipol Riemann, teorema pemetaan Riemann, problem Riemann-Hilbert, teorema Riemann-Roch, persamaan Cauchy-Riemann lsp.
Panjenengané lair ing Breselenz, sawijining désa cerak Dannenberg ing Karajan Hanover ing Jerman saiki. Bapané Friedrich Bernhard Riemann iku romo Lutheran ing Breselenz. Bernhard wujud anak nomer loro saka 6 sadulur.
Taun 1840 Bernhard lunga menyang Hanover kanggo manggon karo mbahné lan ngunjungi Lyceum. Sawisé mbahné tilar donya taun 1842, panjenengané pindhah menyang Johanneum ing Lüneburg. Taun 1846, nalika umur 19, panjenengané wiwit sinau filologi lan téyologi ing Universitas Göttingen. Panjenengané ngungokké sesorah Gauss. Taun 1847 bapané ngidinaké mandheg sinau Téyologi lan wiwit sinau matématika.
Taun 1847 panjenengané pindhah menyang Berlin, ing ngendi Jacobi, Dirichlet lan Steiner mulang. Panjenengané manggon ing Berlin suwéné 2 taun lan bali menyang Göttingen taun 1849.
Riemann nylenggarakaké sesorah pisanané taun 1854, sing ora mung nemu babagan géometri Riemann nanging nemtokaké tahapan kanggo rélativitas umum Einstein. Panjenengané dipromosikaké minangka guru gedhé istiméwa ing Universitas Göttingen taun 1857 lan dadi guru gedhé luar biyasa taun 1859 nyusul patiné Dirichlet.
Taun 1862 panjenengané palakrama karo Elise Koch.
Panjenengané tilar donya amarga tuberkulosis nalika lungan kateluné dhateng Itali ing Selasca.
Uga delengen
[besut | besut sumber]Pranala njaba
[besut | besut sumber]- Naskah Matématika Georg Friedrich Bernhard Riemann
- Seluruh publikasi Riemann dapat ditemukan di: http://www.emis.de/classics/Riemann/
- Biografi ing Arsip MacTutor
- Bernhard Riemann - Siji saka Matématikawan paling wigati