Beksan Angguk

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa

Beksan Angguk utawa lumrah mung diarani Angguk, yaiku salah sawijining beksan kang kondhang kaloka tinepung beksan kang asalé saka tlatah Kulon Praga yaiku mligi ing kapanéwon Temon, Kokap, lan Girimulya. Nanging beksan iki satemené saka beksan Dolalak saka Purwareja ginawa lumebu menyang Kulon Praga ing taun 1950-an. Beksan Angguk asring dipéntasaké nalika wayah wengi lan mapan ing pendhapa utawa latar omah kang bawéra. Malah tumeka saiki Angguk isih kapétung kabisan kang disenengi déning bebrayan, nyatané akèh kang isih padha nanggap[1]. Beksan Angguk saiki ora mung winates dibeksani déning para pambeksa diwasa nanging bocah-bocah uga wis digladhi kanggo mbeksan Angguk supaya kabisan iki amrih lestari[2].

Ing wiwitan Beksan Angguk pancèn dibeksani déning wong lanang

Mula Bukané[besut | besut sumber]

Beksan Angguk jumedhul wiwit jaman Walanda, minangka wujud rasa sukur marang Gusti Allah sawisé panèn pari. Wis luwih saka seabad Beksan Angguk ngrembaka ing Kulon Praga, gandhokan saka telung kabudayan kasebut bisa dirasakaké ing gebyarée Beksan Angguk. Kawangun saka campuran budaya Arab lan Jawa, nganggo busana Walanda[3]. Kanggo mangayubagya para kadang kanoman supaya padha bungah-bungah nalika nembang, beksan lan angguk-angguk utawa manthuk-manthuk saka kéné lair seni kang diarani angguk[4]. Para miyarsa kang seneng Beksan Angguk, kabisan iki diwragadi déning wong kang duwe gawé. Wiwitané Beksan Angguk dibeksanaké déning wong lanang, nanging nut lakuné jaman wis dibeksani dening wanita[5]. Sebab akèh para miyarsa kang karem ndeleng beksan kasebut ginawakaké déning pambeksa wanita. Cacahé pambeksa ing Angguk kurang luwih ana 15 wong[6]. Anane Tari Angguk ora bisa dipisahake saka campur tangan kabisan Warok Panaraga. Nalika semana dheweke wis nulungi Kraton Mataram nglawan kraman Trunajaya, iki mbuktèkaké yèn angguk minangka beksan sing nggandhokaké pirang-pirang budaya[3]. Beksan Angguk mujudake pasemon manawa prajurit Walanda pribumi iku sejatine jirih. Pancen, ing jaman biyèn akèh wong pribumi kang dijaluk dadi tentara dening Walanda. Wong-wong kang bisa diarani mbaléla déning wong-wong républik dicap minangka Landa Ireng.

Sumber Manuskrip[besut | besut sumber]

Beksan Angguk njupuk carita saka Serat Ambiya kanthi carita Umarmaya-Umarmadi lan Wong Agung Jayengrana[7]. Suwéning Beksan Angguk udakara 3 nganti 7 jam. Kabisan Angguk awujud jogèd kairing déning geguritan rakyat kang ngemot maneka warna bab uriping manungsa, kayata: sesrwaungan ing bebrayan agung, tata krama, pitutur lan panggulawenthahan. Ana ing kabisan iki, ukara-ukara uga diwaca utawa ditembangaké ana ing Kitab Tladha, senajan tinulis mawa aksara Hijaiyah, ditembangaké kanthi corak Tembang Jawa. Tembang kasebut ditembangaké kanthi giliran antarané pambeksa lan iringan gangsa[8].

Makna Filosofis[besut | besut sumber]

Kabisan Angguk minangka kabisan rakyat ngandhut nilai-nilai filosofis kayata kanggo Ekspresi media masarakat tani. Seni Angguk lair ing Kulon Praga kang akèh-akèh bebrayané gumantung marang asil tetanèn . Para lakon tradhisional masaarakat tani isih teguh banget saka jumedhulé nganti saiki, yaiku sadurungé nganakaké pagelaran Angguk tansah jaluk keslametan marang Gusti lumantar simbul-simbul sesaji kas masarakat tani. Saben pagelaran kudu diwiwiti kanthi donga. Déné sesajèn awujud jenang abang lan jenang putih, sega tumpeng, golong, gedhang raja, gula arèn, kembang melathi, kembang mawar, banyu kendhi, klowoan isi banyu lan endhog, lawé, wangi, godhong dhadhap srep, janur kuning lan klapa enom. Seni angguk digunakaké minangka media dhakwah lumantar gurit lan donga. Geguritan lan tembang kang ngiringi Beksan Angguk uga nyebutaké kautaman supaya adoh saka tumindak kang nyimpang lan bisa gawé rekasaning urip[9].

Pagelaran[besut | besut sumber]

Ing pagelaran kasebut, para pambeksa Angguk bisa ngalami kahanan ndadi utawa kesurupan, satemah nalika mbeksa dhèwèké katon lali marang awaké dhéwé utawa dianggep sétan[10]. Dhasaré ndadi kadunungan roh liya, satemah pambeksa kasebut ora sadhar utawa satengah sadhar jroning kahanan. Nalika ndadi, pambeksa kang nembé kesurupan ditinggal karo pambeksa liyané, kajaba roh liyané ksebut njaluk dikancani. Pirang-pirang panjalukan para pambeksa kang lagi mbeksa, yaiku bisa sepisan njaluk salaman karo pranatacara utawa kang duwé acara utawa karo prabot desa utawa pamong praja mulai saka lurah RT, Lurah nganti Bupati. Kaloro njaluk tulung ditembangeké tembang-tembang tinamtu. Katelu njaluk marang tokoh-tokoh tinamtu supaya diajak beksa (yèn ketiban sampur). Kapapat njaluk panganan utawa ombèn-ombèn tinamtu, mangan mawa abang, mangan kembang, ngombé banyu kembang. Kalima njaluk ngambung utawa nyedhaki piranti gangsa tinamtu. Kanem nggolèki paraga tinamtu, kalebu lurah utawa sesepuh banjur diwènèhi pitutur tinamtu, tuladhané pitutur babagan kejujuran, supaya ora korupsi, supaya ora dhemenan karo wong kang dudu bojoné[11][12].

Pagelaran Beksan Angguk kapérang dadi telu, yaiku Beksan Angguk religi, tontonan lan klangenan. Beksan Angguk religi lumrahé dipentasaké kanggo acara-acara agama ing wulan Maulud lan Sawal. Seragam nganggo kang luwih dawa. Pagelaran Beksan Angguk lumrahé dipentasaké kanggo njupuk tamu, ngresmèkaké gedhong lan nglipur tamu negara. Wujud liyané saka Beksan Angguk yaiku kanggo klangenan. Cak-cakan klangenan luwih akèh ditampa déing bebrayan, lumrahé kanggo pahargyan lan acara liyané[13][14].

Beksan Angguk ing Wujud Liyané[besut | besut sumber]

Kombinasi beksan tradhisional lan senam ndadèkaké senam Angguk narik banget kanggo dièloni. Kanthi tembang kang gumyak lan nyenengaké, nindakaké among raga khas masarakat Kulon Praga bakal ndadèkaké awak sehat. Ora mung kuwi, senam sing dipérang dadi enem gerakan dhasar ditambah gerakan pemanasan, gerakan peralihan, lan gerakan cool-down bakal ndadèkaké sapa waé sing nglakoni dadi seneng. Minangka among raga kang nepungaké jati dhiri masarakat Kulon Praga, among raga iki kairing tembang tradhisional kang digabung karo unsur modhèren[15].

Rujukan[besut | besut sumber]

  1. Tempo, Jurnalis (2005-03-07). "Kabisan Tradhisional Kulon Praga Isih Disenengi (saka Basa Indhonésia)". Tempo.co. Dibukak ing 2023-02-07.
  2. Susanto, Harun. "Lestarikan Kesenian, Digelar Festival Angguk Anak". rri.co.id - Portal berita terpercaya (ing basa Inggris). Dibukak ing 2023-02-07.
  3. a b Hasan, Ibrahim (2021-07-16). "Beksan Angguk Kas Kulon Praga Cinipta ing Tengahing Jaman Walanda (saka Basa Indhonésia)". Merdeka.com. Dibukak ing 2023-02-07.
  4. Tashadi (1981). Risalah Sejarah dan Budaya. Yogyakarta: Balai Penelitian Sejarah dan Budaya. kc. 10–11.
  5. Padmopuspito (1995). Kajian Folklor Angguk Sri Lestari Kecamatan Kokap Kabupaten Kulon Progo. Yogyakarta: IKIP Yogyakarta. kc. 17–18.
  6. Daniswari, Dini (2022-11-17). "Beksan Angguk, Mula Bukané, Carita, Makna Filosofi. lan Panganggo (saka Basa Indhonésia)". Kompas.com. Dibukak ing 2023-02-07.
  7. "TARI ANGGUK | CENTER OF STUDIES | Unkris". p2k.unkris.ac.id. Dibukak ing 2023-02-07.
  8. WBTB, Admin (2011-01-01). "Warisan Budaya Beksan Angguk". Kemendikbud. Dibukak ing 2023-02-07.
  9. Adminbud (2020-08-05). "Beksan Angguk Kabisan Tradhisional Kulon Praga (saka Basa Indhonésia)". Disbud Kulon Progo. Dibukak ing 2023-02-07.
  10. Liputan6.com (2022-04-04). "Mistis Tari Angguk, Ajak Roh Halus Bermain dengan Medium Tubuh Penari". liputan6.com (ing basa Indonesia). Dibukak ing 2023-02-07.
  11. Widayat, Afendy (2008-12-03). "Seni Angguk Membangun Peradaban". ATL. 1: 1–11.[pranala mati permanèn]
  12. "Generasi Milènial lan Uriping Beksan Angguk Kulon Praga (saka Basa Indhonésia)". Pusdok UGM. 2019-10-04. Dibukak ing 2023-02-07.
  13. Pratama, E.A. (2017). “Musik Angguk Sri Panglaras Kulon Progo”.
  14. Angguk Warga Setuju sebagai Tari Ritual Desa Bandungrejo
  15. "Seni Tradisional dan Senam Menghasilkan Senam Angguk Ceria Khas Kulon Progo". Indonesia Kaya. Dibukak ing 2023-02-07.

Pranala Jaba[besut | besut sumber]