Bedhaya Semang
Bedhaya Semang inggih punika beksa ingkang bineksan déning pambeksa putri cacah sanga. Cacah menika dados pralambang arah angin, arah kadudukan bintang-bintang (planèt-planèt) wonten saindenging jagad, lan lambang bolongan hawa manungsa (babadan hawa sanga) -- bolongan irung cacah kalih, bolongan mripat cacah kalih, bolongan talingan cacah kalih, bolongan tutuk cacah setunggal, bolongan ngurat cacah setunggal, lan bolongan dubur cacah setunggal. Bedhaya punika dipun yasa kanggé nggambaraken pagesangan para déwa nalika damel pitung widadari ingkang ngubengi Suralaya.
Beksan punika dipun yasa ing wekdal pamarèntahanipun Sultan Agung ing Karajan Mataram. Sultan Hamengku Buwana I ngyasa beksan Bedhaya ingkang kaparingan nama Bedhaya Semang. Tembung semang ngemu teges kuwatos, was-was, utawi mangu-mangu. Babagan punika wonten gegayutanipun kaliyan raos samar wonten ing manahipun Panembahan Sénapati nalika Ratu Kidul manggihi panjenenganipun ingkang nembé semèdi lan mitontonaken beksan dhumateng Panembahan Sénapati. Pambeksa bedhaya cacah sanga kasebat nggadhahi peran piyambak-piyambak, nanging ngagem riasan ingkang sami amargi dados pralambang bilih saben tiyang ingkang lair wonten jagad menika nggadhahi wujud lan kawontenan ingkang sami. Wonten ing pagelaran beksan bedhaya ingkang dados paraga utami inggih punika batak lan endhel ingkang dados pralambang paprangan akal lan pikiran jiwa manungsa kaliyan nepsu manungsa. Paraga sanèsipun inggih menika jangga (gulu), apit ngajeng, apet wingking, dhadha, endhel wedalan ngajeng, endhel wedalan wingking lan buntil.
Sejarah Bedhaya Semang
[besut | besut sumber]Miturut sejarah, Bedhaya Semang menika satunggalipun beksa pusaka peninggalanipun Kasultanan Mataram mila dipun sakralaken déning Kasultanan Ngayogyakarta Hadiningrat amargi dipun pitadosi bilih beksa menika mratikelaken wujudipun sesambetan mistis antawis tedhakipun Panembahan Senopati minangka Raja Mataram Islam kaliyan panguaos Seganten Kidul utawi Ratu Seganten Kidul, inggih menika Kanjeng Ratu Kidul. Miturut Babad Nitik, Bedhaya menika yasanipun Kanjeng Ratu Kidul, déné nama Semang (Bedhaya Semang) dipun paringaken saking Sultan Agung. Beksa Bedhaya Semang menika dipun gelaraken kanggé kawigaten ritual istana, kados ta jumenengan.
Ing salajengipun, beksa menika ngrembaka lan perkembanganipun bènten-bènten miturut kawontenan masarakat ingkang nyengkuyung. Asal-usul Bedhaya Semang menika misterius amargi naming manggihaken naskah babagan beksa menika setunggal abad kepengker. Ewasemanten, kabar ingkang santer mratélaken bilih Bedhaya Semang menika adedhasar bedhaya lan serimpi.
Bedhaya Semang sampun dipunbakenaken ing wekdal pamaréntahanipun Sultan VIII. Ing wekdal menika modernisasi budaya nembé kalampahan saénggo kathah sanget éwah-éwahanipun ing beksa menika. Ing salajengipun, Bedhaya Semang dipun uri-uri lan dipun ajaraken kanggé kalestantunanipun budaya.
Paraga Bedhaya Semang
[besut | besut sumber]Paraga ingkang dipun pratèlakaken dening para pambeksan inggih menika:
Paraga | Pralambang |
---|---|
Batak | akal pikiran manungsa |
Endhel | hawa nepsu ingkang lair saking manahing manungsa |
Dhadha | manah manungsa |
Jangga | gulunipun manungsa |
Apit ngajeng | lengen tengenipun manungsa |
Apit wingking | lengan kiwonipun manungsa |
Endhel wedalan ngajeng | tungkak tengenipun manungsa |
Endhel wedalan wingking | tungkak kiwonipun manungsa |
Buntil | ngurat manungsa |
Sedaya ébah-ébahan beksa Bedhaya Semang menika asipat kaku lan mboten angsal ditrajang amargi ing saben ébahan wonten jarwanipun saha mralambangaken kekajengan piyambak-piyambak.
Gending ingkang ngiringi tari Bedhaya Semang inggih menika gending mirunggan, semanten ugi gamelanipun. Iringan ingkang dipun agem wonten pagelaran beksa Bedhaya Semang inggih menika gamelan Jawi lan Barat: trombone lan biola utawi rebab.
Rujukan
[besut | besut sumber]- Warisan Budaya Takbenda Archived 2023-09-07 at the Wayback Machine.
- Direktorat Warisan dan Diplomasi Budaya (2014). Buku Panduan Penetapan Warisan Budaya Takbenda Indonesia Tahun 2014 (PDF). Jakarta: Kementerian Pendidikan, Kebudayaan, Riset, dan Teknologi Republik Indonesia.
- Direktorat Warisan dan Diplomasi Budaya (2018). Katalog Warisan Budaya Takbenda Indonesia 2018 (PDF). Jakarta: Kementerian Pendidikan, Kebudayaan, Riset, dan Teknologi Republik Indonesia.
- Direktorat Warisan dan Diplomasi Budaya (2015). Panduan Pencatatan, Penetapan, dan Pengusulan Warisan Budaya Takbenda Indonesia (PDF). Jakarta: Kementerian Pendidikan, Kebudayaan, Riset, dan Teknologi Republik Indonesia.
- Mancacaritadipura, Gaura; Wirakartakusumah, Daryl Neng (2019). Warisan Budaya Takbenda dan Pembangunan Berkelanjutan (PDF). Jakarta: Kementerian Pendidikan, Kebudayaan, Riset, dan Teknologi Republik Indonesia.