Bathik Toleransi

Bathik Toleransi inggih punika istilah kanggé gaya lan konsep Bathik Lasem ingkang dipunpopuleraken déning Sigit Witjaksono, salah satunggaling maestro Bathik Lasem saking Rembang, Jawa Tengah. Bathik punika nggabungaken unsur ragam hias Jawa pesisiran kaliyan sinografi utawi stailisasi aksara Han (Tionghoa), ingkang dipunrancang dados pérangan saking motif bathik. Konsep punika dipunmangertosi minangka pralambang toleransi, akulturasi budaya, lan persaudaraan antaretnis. Bathik Toleransi kathah dipunkaitaken kaliyan karya-karya Omah Bathik Lasem Sekar Kencana lan Sekar Jagad Sinografi ingkang dipunkembangaken déning Sigit Witjaksono.[1]
Sujarah
[besut | besut sumber]Tradisi bathik Lasem sampun kawentar wiwit dangu minangka bathik pesisiran ingkang sugih pengaruh budaya manca, mliginipun Tionghoa. Lasem minangka kutha pelabuhan sampun dangu dados papan pasrawungan dagang lan budaya. Wiwit abad kaping-14 dumugi kaping-15, persentuhan kaliyan pedagang Tionghoa, kalebet rombongan Laksamana Cheng Ho, dipunanggep maringi pangaribawa dhateng motif lan warna Bathik Lasem.[2]
Warna abang khas Lasem, ingkang asring dipunsebat abang getih pitik, dados ciri utama bathik saking dhaérah punika. Miturut sawetawis panaliten, warna punika gegandhengan kaliyan kandhutan mineral wonten ing toya Lasem. Ing jaman rumiyin, warna abang punika asalipun saking akar mengkudu lan angel dipuntiru déning dhaérah sanès.
Sigit Witjaksono (asmanipun Tionghoa: Go Tjun Hian) inggih punika generasi kaping wolu saking kulawarga pengusaha Bathik Lasem ingkang usaha kulawarganipun wiwit ngadeg taun 1923.[3] Usaha punika naté mandheg nalika masa pendudukan Jepang lan lajeng dipunuripaken malih sasampunipun kamardikan Indonesia. Sigit ngembangaken gagasan nggabungaken unsur aksara Han dhateng motif bathik Jawa. Aksara punika dipunstilisasikaken lan dipunharmonisasikaken kaliyan motif kembang (sekar), sekar jagad, latohan, lan kricak. Sinografi punika boten namung dados hiasan, nanging ugi ngemot pepatah lan ukara mutiara Tionghoa ngenani umur dawa, kasarasan, kaslametan, kasil, persaudaraan, lan katentreman.[4]
Nalika wiwitan ngenalaken motif akulturasi punika, piyambakipun naté pikantuk penolakan, kalebet saking garwanipun piyambak ingkang nganggep unsur Tionghoa boten cocog dipunginakaken wonten ing bathik Jawa. Nanging Sigit tetep nglajengaken gagasanipun lan nyebat karya punika minangka “Bathik Toleransi,” minangka pralambang pambauran budaya.
Ciri lan konsep
[besut | besut sumber]Bathik Toleransi gadhah ciri gabungan ragam hias Jawa pesisiran kaliyan sinografi Tionghoa. Aksara Han ingkang dipunginakaken lumrahipun mujudaken pepatah utawi pesen moral. Sigit sinau aksara Han kanthi otodidak supados saged nyerat ukara ingkang trep maknanipun.
Salah satunggaling prinsip ingkang asring dipunaturaken déning Sigit inggih punika ukara Tionghoa “Si Hai Zie Nei Jie Xiong Di Ye,” ingkang tegesipun sedaya manungsa ing papat penjuru jagad punika sadaya kadang kadang dipunmangertosi minangka sedherek.[5] Pamanggih punika dados dhasar filosofi Bathik Toleransi, ingkang negesaken bilih boten wonten golongan ingkang langkung inggil utawi langkung andhap.
Saking segi warna, karya-karyanipun taksih ngginakaken palet tradhisional Bathik Telung Nagri, inggih punika abang Lasem, biru nila Pekalongan, lan soga coklat Solo, saéngga tetep sesambungan kaliyan tradhisi Bathik pasisiran.
Panrimaning masyarakat
[besut | besut sumber]Miturut cariyosipun, Bathik Toleransi wiwitanipun boten langsung dipunedol amargi kawontenanipun dipunanggep béda. Nanging nalika Sigit ngagem bathik sinografi wonten ing acara pawai lan kathah tiyang pitaken asalipun bathik punika, minat masyarakat wiwit tuwuh.
Salah satunggaling tokoh Kraton Yogyakarta, garwanipun Sri Sultan Hamengkubuwono, naté maringi panyengkuyung kanthi ngendika bilih inovasi punika boten ngrusak tradhisi, nanging malah ngrembakakaken kreativitas. Saking mriku, Bathik Toleransi saya dipuntampi minangka pérangan saking inovasi Bathik Lasem.[5]
Sigit ugi naté maringi salah satunggaling kain bathikipun dhateng tokoh pesantren ing Lasem minangka pratandha persahabatan lintas budaya.[3] Bathik Toleransi dipunanggep minangka pralambang dialog budaya antarane tradhisi Jawa lan Tionghoa ing pesisir lor Jawa. Konsep punika nggambaraken bilih bathik boten namung minangka sandhangan, nanging ugi minangka media panyampéyan nilai sosial lan filosofi gesang. Liwat Bathik Toleransi, Sigit Witjaksono nyuarakaken gagasan persaudaraan global lan kesetaraan antarmanungsa tanpa mbedak-bedakaken asal budaya utawi etnis.
Cathetan suku
[besut | besut sumber]- ↑ "Batik Sekar Kencana Lasem: Jejak Kenangan Bersama Pak Sigit Witjaksono - Travel Galau". 2025-10-02. Dibukak ing 2026-02-01.
- ↑ "Batik Lasem cerminkan perpaduan budaya". BBC News Indonesia (ing basa Indonesia). 2015-02-17. Dibukak ing 2026-02-01.
- 1 2 kompas.id (2016-06-26). "Selembar Persaudaraan * Selisik Batik". Jelajah Kompas. Dibukak ing 2026-02-01.
- ↑ "Budaya Jawa, Tiongkok, Arab, hingga Eropa dalam kain batik peranakan Lasem". BBC News Indonesia (ing basa Indonesia). 2021-08-22. Dibukak ing 2026-02-01.
- 1 2 Prasetyoadi, Dadie W. (2019-10-02). "Sigit Witjaksono, Seorang Tionghoa Nasionalis Pencetus 'Batik Toleransi' | aswajadewata" (ing basa Indonesia). Dibukak ing 2026-02-01.