Bathik Johanna Tjoa
Bathik Johanna Tjoa Lasem inggih punika salah satunggaling bathik tulis tradhisional ingkang misuwur minangka pérangan saking Bathik Tiga Negeri. Bathik punika gadhah peran wigati wonten ing sajarah bathik Lasem, amargi dipunasilaken dening kulawarga Tjoa ing abad kaping kalih dasa lan dados pralambang akulturasi kabudayan Jawa, Tionghoa, saha Eropa ing tlatah pesisir Lasem.[1]
Asal-usul
[besut | besut sumber]Bathik Johanna Tjoa Lasem wiwit dipunproduksi ing wiwitan abad kaping 20 dening Tjoa Giok Tjiam, salah satunggaling pengusaha lan pangrajin bathik peranakan Tionghoa ing Lasem. Bathik punika dipunkembangaken kanthi sistem produksi khas, inggih punika proses pewarnaan ing telung daerah ingkang bénten, saéngga misuwur kanthi sebutan Bathik Tiga Negeri.
Werna abang dipunproses wonten ing Lasem, werna biru dipunasilaken ing Pekalongan, déné werna sogan coklat dipunolah wonten ing Surakarta utawi Yogyakarta. Cara punika njalari bathik gadhah warna ingkang langkung awet lan kualitas ingkang langkung inggil. [2]
Musiyum
[besut | besut sumber]Bathik Johanna Tjoa Lasem dipunlampahi lumantar pendirian Musiyum Bathik Tiga Negeri Lasem, ingkang dados papan panyimpenan lan pameran koleksi bathik klasik kulawarga Tjoa. Museum punika ugi dados sarana edukasi tumrap masyarakat supados saged mangertosi sajarah, teknik, lan nilai budaya ingkang kakandhut wonten ing bathik telung nagri.
Gladri
[besut | besut sumber]Rujukan
[besut | besut sumber]- ↑ "Museum Batik Tiga Negeri Lasem: Ruang Edukasi Sejarah Batik Pesisir Jawa". www.indonesia.travel (ing basa Indonesia). Dibukak ing 2026-02-01.
- ↑ "GenPI.co". GenPI.co (ing basa Indonesia). 2019-02-08. Dibukak ing 2026-02-01.