Bathara Sambu
Bathara Sambu (Sambo) iku putrane Bathara Guru kang pambayun (pembarep, pangajeng), miyos saka Dewi Uma. Kahyangane Bathara Sambu ing Suwelagringging. Garwane sesilih Dewi Astuti, putrane putri Sang Hyang Darmastuti. Putrane Bathara Sambu papat, yaiku: 1) Bathara Sambosa, 2) Bathara Sambawa, 3) Bathara Sambojana, 4) Bathara Sambodana.
Bathara Sambodana, putrane Bathara Sambu kang waruju (wuragil, pamekas), nurunake para ratu (narendra) ing Lokapala. Dadi, para ratu ing Lokapala iku turase Bathara Sambu.
Miturut layang Paramayoga, garwane Bathara Sambu ana loro, yaiku: 1) Dewi Susti, putrane Sang Hyang Guruwedha, 2)Dewi Swanyana, putrane Sang Hyang Pancawedha.
Garwa loro iku kabeh wayahe Sang Hyang Pancaresi utawa buyute Sang Hyang Wening (Sang Hyang Darmajaka).
Bathara Sambu tau tumurun ing marcapada jumeneng ratu ing negara Medhangprawa, ajejuluk Prabu Maldewa. Patihe asma Acakelasa.
Raden Samba putrane Prabu Kresna lan Dewi Jembawati, nalikane bayi wujud satriya bagus, nanging sarandhuning awake kebak wulu, ora beda kaya wanara (kethek). Bisa ruwat (pulih), awit pitulungane Bathara Sambu. Bayi mau didusi nganggo banyu Musthika Tirta Kencana. Sanalika wulu kethek ing saranduning awake bayi rontog.
Kapethik Saking
[besut | besut sumber]Mulyantara, 2020, Majalah Jaka Lodhang , Yogyakarta: Jaka Lodhang Pers