Menyang kontèn

Bathara Mahadewa

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa

Yen manut layang Mahabharata, Bathara Mahadewa iku bebisike Bathara Siwah (Shiva) utawa Bathara Sangkara. Nanging yen miturut crita padhalangan, Bathara Mahadewa putrane Bathara Guru lan Dewi Laksmi (garwa sing angka loro). Duwe kadang loro, yaiku Bathara Sakra (Cakra) lan Bathara Asmara. Kahyangane Bathara Mahadewa ing Argapura.

Sadurunge nggarwa Dewi Laksmi, Bathara Guru (Manikmaya) wus kagungan putra 6, miyos saka Dewi Uma, yaiku: 1) Bathara Sambo (Sambu), 2) Bathara Brama, 3) Bathara Indra, 4) Bathara Bayu, 5) Bathara Wisnu, lan 6) Bathara Kala.

Kapethik Saking

[besut | besut sumber]

Mulyantara.2020.Majalah Jaka Lodhang (cover tokoh wayang). Yogyakarta: Jaka Lodhang Press