Bathara Asmara
Bathara Asmara iku putrane Bathara Guru lan Dewi Laksmi (Umaranti, garwa sing angka loro). Duwe kadang tuwa loro, yaiku Bathara Sakra (Cakra) lan Bathara Mahadewa.
Kahyangane Bathara Sakra ing Jongmeru, Bathara Mahadewa ing Argapura, dene Bathara Asmara ing Mayaretna.
Sadurunge nggarwa Dewi Laksmi, Bathara Guru (Manikmaya) wus kagungan putra 6, miyos saka Dewi Uma (Umayi), yaiku: 1) Bathara Sambo (Sambu), 2) Bathara Brama, 3) Bathara Indra, 4) Bathara Bayu, 5) Bathara Wisnu, lan 6) Bathara Kala.
Bathara Asmara iku dewaning katresnan, kang tansah njangkung utawa paring pangayoman marang priya lan wanita kang pinuju kasmaran (tresna tinresnanan). Uga mbiyantu njaga katresnane priya lan wanita sing wis omah-omah.
Akeh wong duwe panganggep yen Bathara Asmara iku ya Bathara Kamajaya.
Kamangka wujud wayange beda, lan wongtuwane uga beda. Satemene Bathara Kamajaya iku dewaning kebagusan, dudu dewaning katresnan kang paring pangayoman marang priya lan wanita kang lagi kasmaran (jatuh cinta). Kajaba iku, Bathara Asmara putrane Bathara Guru, dene Bathara Kamajaya putrane Sang Hyang Ismaya (Semar).
Kapethik Saking
[besut | besut sumber]Mulyantara.2019.Majalah Jaka Lodhang (cover Tokoh Wayang).Yogyakarta: Jaka Lodhang Press.