Basawidya komputasi
Praèn
Basawidya komputasi utawa linguistik komputasi yaiku widang perdintara (interdisipliner) sing nggilut babagan pamodhèlan komputasi basa alami, uga babagan pamara (pendekatan) komputasi sing maton kanggo pitakonan basawidya. Lumrahé, basawidya komputasi migunakaké basawidya, kawruh komputer, kecerdasan gawéyan, ganitasastra, logika, filsafat, kawruh kognitif, psikologi kognitif, psikolinguistik, jalmasastra, neurosains, lan liya-liyané. Basawidya komputasi isih magepokan tumprap basawidya matématika (mathematical linguistic).